ANIK NIKEN ASRININGTYAS

Urip kudu di lakoni kanthi tulusing ati yen ta ana prahara utawa sukacita iku pratanda kita isih disayang Kang Maha Kuasa Lakune urip ora ana sing weruh laku

Selengkapnya
Navigasi Web
Geguritan Puisi Jawa 'Pepeling' JIMF809
ilustrasi by aq

Geguritan Puisi Jawa 'Pepeling' JIMF809

PEPELING

Dening Niken Haidar

#tantangannulisdinakaping809

#gurusiana

#mediaguru

Nyawang wewayange sarira kang ana ing njero kaca,

rasa kepingin ngrogoh tak genggem,

kanggo kanca sesambunge ati

Gandhes luwes isa ana

Prigel semanak isih kasandhang

Ning coba tak sawang maneh

Tak sawang nganti tumekane ati

Rikma wus akeh kang sinamburat perak

Pipi wus ora dekik

Kulit uga wus ora alus

Mripat uga ora pati padang yen nyawang

Aku mung ndhingkluk

Isin, isin jroning ati

Ora nyadari lelakune sarira

Ora nyadari akeh wicara kang lelara liyan

Ora nyadari ngibadah isih durung sampurna

Ora nyadari yen isih akeh keblinger donya

Duh Gusti

Sesambate ati

Nyuwun agunging pangapura

Agunge Pangaksami

Tahsih diparingi sesepe donya

Nikmate katresnane Gusti

Tahsyah diparingi pepeling

Nglurusake laku marang kabecikan

Pepujiku muga wektu kang isih ana bisa'a luwih pasrah

Sembah sujud kanthi weninge ati

Pepengetdinamijil14102021

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sae sangettt geguritanipun

14 Oct
Balas

Maturnuwun bun apresiasinya

15 Oct



search

New Post