Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
DUDU DUWEKE DHEWE (TTG 365-H-268)

DUDU DUWEKE DHEWE (TTG 365-H-268)

Esuk iki manuk prenjak wis padha muni

Srengenge abang rantak-rantak jejer ing panjer wetan

Tak tata atiku ngilangake lelangenan kang nututi impen mau bengi

Isih panggah ora obah gegayuhan sing jane wis bubrah

Amarga akeh tangan sing melu njarah

Mbok jare awak lan ati iki dudu duwekke dhewe

Nora bisa digawa sakarepe

Ya wis ben, nek pancen kersane ingkang kuwoso

Wong jare kabeh lelakon iku wis rinukit ing Lauhul Mahfudz kana

Tak sentak atiku ben ora mbalela

Amung eluh ing pipi sing kerep ora sranta

Nyawang jejogedane sepi kang branta marang dawaning wengi

Ngelangut sinambi nyebut asmane Gusti

#Depok, 25 September 2022

#EDH#

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kereeen puisinya, Bunda. Salam literasi

25 Sep
Balas

Puisi yang keren

25 Sep
Balas

Luar biasa menginspirasi bunda

25 Sep
Balas

Sae nipun gurit ingkang kinarya. Mugya tansah kaberkahan saras lan kabegjan jati ibu Endang. Amin

25 Sep
Balas

Mantap, puisi dalan bahasa Jawa tang mengandung nasehat baik. Keren Bu Endang

25 Sep
Balas

Manteb tenan. Lelakone urip kudu ditrima kanti ati semeleh. Amarga wis ginaris apa jare kersa-Ne Gusti, ngono ngendikane Simbah. Mugi wilujeng, Bu Endang. Rahayu kang pinanggih.

25 Sep
Balas

Gegiritan engkang sae.

25 Sep
Balas



search

New Post