Gara-gara Sendok (H114)
Wis meh surup. Kang Tejo age-age mancal sepedahe. Budhal menyang warung pojok desa saperlu tuku sega.
Awak ijen, yen pasa-pasa buka ora ana kancane ora lega.. Dheweke pancen ora nduwe kluarga. Wong tuwane loro ya wis ora ana. Bojone uga wis tilar ndonya.
Njujug warunge Yu Surti dheweke mandheg jegreg. Warung sing biyasane sepi ndadak kebak. Kang Tejo lingak linguk. Gek sido, gek ora.
Ing ngarep warung ibu-ibu padha antri sega. Pancen sega ing warunge Yu Surti kuwi terkenal enake. Apa maneh lawuhe ya rena-rena. Kabeh kari nari dhuwite.
Sawise ngranti rada suwe, Kang Tejo njur njagang sepedhahe. Dituntun lan disendhekake ing tembok sisih kidul.
Saya suwe, ing warunge Yu Surti ibu-ibu sing antri tansaya suda. Ora kebak kaya pas mau dheweke lagi teka.
"Sik ya, Kang. Tak ngedoli Bu Gati," kandhane Yu Surti.
Kang Tejo manthuk. Lungguh ing lincak cedhak cendela. Ing meja akeh banget jinise panganan kanggo nyiapi wong-wong sing arep buka. Ora usah ribet lan umeg ndek pawon. Gorengan ya akeh renane. Ana gedhang goreng, ote-ote, tahu isi, tahu petis, lan liya-liyane.
Langit ing sisih kulon katon luwih abang. Srengenge wis meh angslup. Sedhela maneh azan maghrib.
Mbaka siji kancane marung Kang Tejo padha teka. Ana Kang Taji, Kang Darso, Pak Sumo, lan Lek Marno.
Wong lima kuwi pancen sering bareng yen marung. Kadhang mung ngopi senthe, nanging ngobrole nganti suwe.
Nalika azan wis keprungu, kopi sak cingkir wis cemepak ing meja. Kari nyruput nalika buka.
"Lawuhe apa, Kang? Mumpung pasa akeh lawuhe," pitakone Yu Surti.
Biasa, Yu," wangsulane Kang Tejo sinambi nyruput kopi.
Sega wis cumepak. Kang Tejo buka lawuh tempe goreng. Ora let suwe sega sak piring bablas tanpa nyisa. Piring njur diselehke ing meja. Yu Surti isih umeg ngladeni wong-wong liyane.
Nalika Kang Tejo nyawang meja ngarepe, dheweke kaget, piringe wis diiseni sega lengkap saklawuhe.
"Piye ta Yu Surti iki? Kok piringku diiseni meneh? " pitakone Kang Tejo ning ora ana Kang mangsuli. Dheweke lingak linguk. Kang Taji lan Kang Darso wis neng njaba. Kebal kebul ngumbar keluke rokok. Dene Pak Sumo lab Lek Marno lungguhe rada adoh. Ora nyawang lan uga ora krungu pitakone Kang Tejo.
Karo nggremeng, Kang Tejo njur mangan segane mau senajan ora karep imbuh. Arep nyeneni Yu Surti lha wonge ya sik umeg ing pawon.
Wis krasa wareg, piringe njur diselehke. Ora kaya biasane, sore iku Kang Tejo buka sega rong piring.
Sinambi rokokan ing pojoke warung, dheweke njomblak kaget ora karuwan.
"Piye ta, Yu? Kok mbok iseni meneh piringku!" aloke Kang Tejo karo ngadeg jejeg. Nyawang piring diiseni sega sing kaping telu. Apa masalahe wong dheweke ora njaluk imbuh? Kang Tejo wes rumangsa wareg.
"Lha piye ta, Kang? Aku rak ya manut sendhoke sampeyan, senajan sampeyan ora ngomong imbuh," wangsulane Yu Surti.
"Lha apa salahe sendhokku? "
"Sendhoke pancen ora salah. Ning sampeyan ora rumangsa," wangsulane Yu Surti sinambi ngringkesi piring liyane.
Wong loro gemrejeg engkel-engkelan. Kang Tejo meh wae tambah nesu merga ora trima karo tuduhane Yu Surti. Kang Taji lan Pak Sumo njur nyedhak. Untunge ing warung wis sepi.
"Nyangpo jane? Pasa-pasa kok rame ki?" pitakone Pak Sumo.
Yu Surti panggah ngeyel rumangsa bener. Semono uga Kang Tejo ora rumangsa salah. Pak Sumo njur nglungguhake Yu Surti lan Kang Tejo. Mosok perkara sendhok wae geger ra ana pungkasane.
"Wiis.... wiiis....., sakjane piye benere?" pitakone Kang Taji.
Yu Surti banjur crita. Piringe Kang Tejo mau diseleh meja. Ning olehe nyeleh sendok mlumah. Merga kuwi njur tanpa takon, piring mau diiseni meneh. Yu Surti ora ngerti yen olehe ngimbuhi mau wis ping telu. Merga dheweke repot ngladeni wong-wong liyane.
"Lha apa salah yen sendhoke mlumah?" pitakone Kang Tejo sajak ora ngerti.
"Oalaah, Kang. Sampeyan iki. Sendhok yen posisine mlumah kuwi tengere yen imbuh meneh," kandhane Yu Surti.
"Lha kuwi aku ora ngerti. Trus sega iki piye? Wetengku wis kewaregen kaya ngene," pitakone Kang Tejo sinambi kukur-kukur sirahe.
" Yo entekna ta, Kang. Lha wis kadung diimbuhi kaya ngene," wangsulane Yu Surti ora sido nesu.
Kepeksa Kang Tejo mangan maneh.
"Blaeeen, blaeeen. Alamat ra trawih ki ngko. Kewaregen kaya ngene, Yuuu, Yuuu," kandhane Kang Tejo.
H 114
Nganjuk, 24 April 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Keren karyanya Bu Nurrohmah , lanjutkan berbagi kebaikan, Barokallah
Alhamdulillaah, keren tulisannya, barakah puasanya, sehat dan sukses bu
Mantap bun sedikit paham saja tapi tak masalah
Mantap keren tulisannya bunda, semoga sehat dan sukses selalu