KANGEN PETE?

Kangen Pete?
Dening
Sri Suryana Dwi Atmaka
Sapa sing ora kenal jenising kacang-kacangan kang gumandul gedhe ana ing sandhuwuring wit. Wohé akeh bisa nganti isi 15 iji saben kerise. Deweke grombol janjangan. Sawuse ngembang dheweke nuli dadi bendul. Saya suwe saya suwe si bendul mau dadi kacang gedhe kang diarani pete.
Ing daerahku arep mangan pete ora bisa sewayah-wayah. Amarga usum panen pete mung setaun sepisan. Biasane yen uwis rampung mangsa ketiga, wit-witan pete banjur ngembang. Mulane yen pengin dahar pete yen pas pinuju mangsa rendheng wae.
Istimewane mangan pete yaiku bisa nambah selera dhahar. Ono sing dicampurake karo jangan tempe jangan tahu jangan iwak lan liyan-liyane. Pancen saya nambahi enak sedep rasane. Malah-malah tumrap saperangan uwong, mangan pet iku bisa kanggo lalapan mentah, cukup ditutul uyah. Kanthi cara mengkono bisa ngentekake sega rong piring nganti telung piring.
Tumrape wong liya uga ana sing uwis ora kuwat nggadhuh pete mentah. Sebab yen kakean awake dadi kroso lungkrah, boyoke pegel koyo digebugi. Mulane kanggo ngurangi resiko mau cipete banjur digodhog nganti mateng. Sawise digodhog cipete gampang anggone ngoncèki. Ambune peti uga bisa kurang, lan bisa ngurangi uga pegele boyok.
Pancen pete iku minangka pakanan sing aneh. Tumrape uwong kang mangan pete, deweke telap-telep tanduk sega akeh, ora duwe roso mambu babar pisan. Ananging wong kang ana ing sandhinge, bakal ngrasakake ambune petikan badheg banget. Mulane yen pengen ora kroso mambu pete, prayogane sisan déné melu mangan pete mau.
Pancen ana kasiate pete, kejaba kanggo ningkatake gairah mangan, jarene bisa gawe nguatake kesehatan jantung. Nanmging sing jengkelke lan nyebeli, mangan pete njalari abab mambu lan yen pipis grujugane kurang akeh, uga marai badheg kamar mandine.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kulo gadah pete boten kenal ungsum, pramilo bapak ibu menawi ngersakke saget japri jih, amargi meniko wanci khusus bin khususon, sae sangen isi pawartos meniko
Translate.. Hehe. Apik Pak Dwi
Masha Allah...apik pool ulasane p.dwi...pete...mau esok nggon tukang sayur Ono lho...tapi isih larang....kerso? Takpesenke.?
Wkwk....