NURROHMAH PUJI MASTUTI

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Kliwatan

Kliwatan

Awan wingenane aku lan kanca-kanca dha nglumpuk saperlu mbahas acara reunian. Ana limalas kang teka. Merga wis awan lan weteng krasa luwe, salah sijine kancaku mau ngusulake tuku panganan kanggo mangan awan.

Nanging merga dinane jum'at, kabeh warung dha tutupan. Ngaanti ngancik dhuhuran, panggah ora ana bakul panganan.

"Wis gek ndang tuku panganan sembarang kana lo, Mbak. Selak luwe ki lo, " aloke kancaku liyane kang jenenge Prapti.

"Ora ana..., kok ngeyel ae ta, Ti, " jawabe Siti kang dikongkon tuku.

"Lha trus piye iki? Mosok ngaplo ngene. Wis tuku es ae oa piye ngono. Sing penting enek panganan, " kandhane Prapti merga wis keluwen tenanan.

Siti njur mangkat karo ngguyu cekikikan. Dheweke njarag Prapti. Ora let suwe Prapti teka ditutake bakul es oyen nggawa baki.

"Lha ngene rak ya tepak. Gak awit mau, ngerti kene kadhung ngelak, " aloke Prapti sumringah.

Es oyen sak mangkok age-age disendhoki. Clegak cleguk maremake ati. Dene liyane alon-akon olehe ngombe. Merga pancen ora psti luwe.

"Lho lha es ku kok gak ana apokate?" aloke Prapti karo nginguk mangkoke kancane.

Bejane Prapti. Sakjane aku ya ora sengaja. Uga Siti ya semono uga. Kadhung es e wis entek, tibae Prapti ora bageysn es sing isine podho karo liyane. Menawa wae bakule kliwatan olehe ngedoli. Sing ndadeake kuciwaning ati.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan
search

New Post