Agus Riyanto

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Pepeling ing Pengetan Hari Guru Nasional

Pepeling ing Pengetan Hari Guru Nasional

Dina iki dipengeti dadi Hari Guru Nasional. Pengetan iki kudune ora namung dadi pengetan utawa seremonial thok tumrap para guru sak Indonesia. Luwih saka kui, Hari Guru Nasional kudune isa dadi sarana kanggo kabeh guru dadi luwih apik meneh anggone menehi kawruh para siswa.

Pengetan HGN dianakne kanggo kabeh guru, ora mulangi Guru PNS apa honorer, sertifikasi apa durung, lan utawa nom apa tua. Kabeh guru kudu duweni krentek nang ati karep ben anggone mulang samsaya suwe samsaya miguna marang siswa.

Ananging guru saiki dadi sorotan publik terutama guru sertifikasi, kanthi gaji kang malipet-lipet jebule cara ngulang ora beda karo guru-guru honorer. Malahan sok-sok ora ana bedane karo jaman durung sertifikasi. Masyarakat padha ngeman kok ora ana peningkatan kualitas, padhahal negara wis mbayar larang. Gaji guru (sing wis sertifikasi) kui jane ora sepira nek dibandhingke karo profesi liyane. Ora sepira merga tanggung jawab lan efek e guru ngulang kui ora instan utawa jangka panjang. Ananging coba nek dibandhingke karo guru honorer sing mung oleh tukon sabun. Diibaratne tukon sabun amarga sesasi mung oleh bayaran 150 ewu nganti 500 ewu.

Ing pengetan HGN iki, sumangga kanggo guru-guru kabeh wiwit greget ngubah penemu, amerga piye-piye guru kui kudu nyiapne siswa ngedhepi jaman sing ora dialami. Nek nganti salah kedaden ora bakal bisa dibaleni meneh. Guru kui penentu, apik lan alane bangsa lan negara iki ditentukake kepiye carane guru-guru ngulang lan menehi tuladha marang siswane. Ayo bebarengan saya apik saya apik dadi guru sing digugu lan ditiru. Kabeh mau kanggo nggayuh tujuan pendidikan nasional sing wis diamanahne Undang-undang.

Selamat Hari Guru Nasional kanggo guru-guru sak Indonesia. Kanggo guru ing SD N Wonorejo lan guru ing SD N Gilirejo 03, SMP N 2 Miri, SMA Muhammadiyah 4 Sumberlawang ingkang tasih sugeng punapa dene sampun purna mugi-mugi sedaya ingkang panjenengan tindaaken dados amal kesaenan dipun ridhai Allah Subhanahu wataala. Matur nuwun.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post