Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pageblug iku Jenenge Virus Corona

Pageblug iku Jenenge Virus Corona

Pageblug

Jaman biyen, nek ana wong isuk lara, sore seda iku dijenengi kena pageblug. Penyakit sing gampang nular. Biasane para raja terus nganakna sayembara.

"Wara-wara! Sapa sing bisa ngilangi pageblug ana ing negara iki, yen lanang tuwa bakal tak dadekna dulur sinarawedi. Yen isih enom bakal tak pundhut mantu."

Cinarita, ana pageblug kang nyerang Negara mBlambangan. Kang jumeneng nata kala iku Prabu Menak Sembuyu. Ndelok kahanan kaya ngono iku, Prabu Menak Sembuyu nganakna sayembara. Sopo wae sing bisa ngilangi pageblug kang nggegirisi ana ing tanah mBlambangan bakal ginanjar. Yen lanang enom bakal kapundhut mantu. Yen tuwa bakal didadekke guru.

Ana nom-noman kang prigel, taat ngibadah, sediya ngayahi sayembara iku. Ora kepincut hadiahe, nanging perlu tetulung marang sapadha-padha. Priya nom iku asmane Syekh Maulana Ishaq.

Ringkese crita, kelawan palilahe Gusti Allah, pageblug sing ndadekna susah wong mBlambangan, kasil diluwari.

Dewi Sekardadu, putrine Prabu Menak Sembuyu akire didaupna karo Maulana Ishaq. Minangka janjine Prabu Menak Sembuyu. Saka wong tuwa sakkloron iki, yaiku Syekh Maulana Ishaq karo Dewi Sekardadu akire lair satria pinilih kang misuwur jejuluk Sunan Giri. Raden Paku, ya Raden Ainul Yaqin.

Cerita iki bisa kita temokna ana ing babad tanah Jawi.

Aku ora mbahas ceritane Kanjeng Sunan Giri, nanging aku luwih mbahas pageblug kang saiki lagi ngedap-edapi lakune. Pageblug iku misuwur kelawan jeneng: Virus Corona. Jenenge pancen apik. Kaya nonik-nonik. Nanging sapa wae ora kepingin kenal apa maneh kena virus Iki.

Virus kang nggawe geger wong sak ndunya. Negara Tiongkok sing dadi asal kawitane ditemokna virus sing nggegirisi iki. Metune virus iku ora suwe saka sakwise pidhatone Presiden Tiongkok sing nggawe wong sak ndunya mangkel. Ana ing pidhatone, Pak Presiden kelawan gagah ngomong yen ora ana sing bisa ngalahna negara Tiongkok saiki. Sembarangane kuwat. Otot kawat balung wesi. Pendhekare jagat.

Lha nek ndelok kekuwatane pancen ya mlebu akal, ekonomine kuwat. Dhuwite akeh. Teknologine wis ora bisa dicacat. Tentarane rosa. Pasunjatane luwengkap. Sapa sing kate wani. Wong Cina sing sumebar sak ndunya ya akeh sing duwe pengaruh gedhe nang negara sing dipanggoni. Wis dadi kasunyatan masio nang endhi ae, rasa nasionalisme marang negarane (Tiongkok) isih kuat.

Tapi wong urip nang ndunya ya ora bisa ngelali. Samubarang iki ya isih ana kuwasane Gusti. Manungsa sakderma titah.

Virus corona sing nyerang negara Tiongkok iki ndadekna wong sak ndunya keplok. Malah akeh sing nyukurna. Ya ngono iku contone wong sing jubriya. Bakal kecangar kuwasane Gusti.

Ujug-ujug virus iki ditemokna ana ing akeh negara. Wong sak ndunya wiwit eling. Iki dudu mung ukumane Gusti marang wong sing jubriya. Luwih saka iku, iki dadi pageblug sing isa nyerang negara endi ae. Dijenengi "pandemi", malah saiki dadi "endemi". Negara sak ndunya nyiapna sembarangane. Rumah sakite disiapna. Obat-obat dicepakna.

Negara kita kala iku isih tenang-tenang wae. Virus iki nyerang negara sing hawane adhem. Mlebu Indonesia ora bakal kuwat. Viruse langsung mati, merga Indonesia negara tropis. Panase srengenge ora perlu tuku. Sak bendina wis sumadya. Rumangsa aman ndadekna lena.

Dumadakan ana pawarta, wis ditemokna siji pasien kena virus corona. Weladalah, tibake ya isih bisa nyerang wong sing doyan gimbal, godho gedhang, lan pecel. Ora mung nyerang wong sing doyan humberger thok.

Kabeh wong padha kuwatir. Kelabakan. Padha nggolek masker. Sak anane ditumbas, nek perlu sak bakule ya dituku pisan. Gel kanggo mgelindungi tangan saka kuman sing dikenal ngenggo istilah “hand sanitizer” wis ora bisa ditemokna sembarangan. Wis payu kabeh. Lha saking kuwatire, dumadakan ana pak Dhokter sing nyampekna yen temulawak, kunir, jae, pokoke empon-empone mbokdhe isa dadi sarana ningkatna kekuwatane awak. Yen awake kuwat mbak corona ora bisa ngesir.

Kuwabeh wong nggoleki empon-empon. Oalah, Gusti! Sing seneng ya Mbokdhe, sing biasane dagangane sampek ngelinthing, garing merga arang sing tuku, saiki luwaris. Rejeki nomplok.

Menungsa iki pancen aneh, kok ya isih lali sing gawe samubarang iki ya Gusti Allah. Iktiyar iku ya wajibe titah, nanging ya kudu eling yen sing gawe lara, sing gawe mendha, waras iku ya Gusti. Kudune sak liyane iktiyar ya kudu dibarengi ndedunga marang Gusti Allah.

Ya, muga enggal diparing tamba, para dulur sing kena pacobane Gusti rupa lara merga virus corona. Lan muga Gusti ngreksa kita, adoh saka bilahi, pinaringan iman kang kuat. Pangapunten Gusti, lepat kula Njenengan ngapunten.

Dina katelu

Gresik, 14 03 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Amin.Mugi sedanten enggal sae. Saras kados wuninga.Amin.

14 Mar
Balas

Aamiin, dunga becik mugi sinembadan. Matur nuwun rawuhipun, Bu Reni.

15 Mar

Kula menawi ningali gambar virus kok ajrih, nggih.

15 Mar
Balas



search

New Post