aloy sardi

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Dunia Lain

DIBONCENGI PERI SING TUNGGU TETEG SEPUR

Udakara jam sewelas bengi, kahane mendhung, katitik ing ngakasa tanpa tinemu cumloroting lintang, aku kepeksa saka Sleman bali menyang Solo Baru numpak sepedha motor ijen. Esuke aku kudu mlebu makarya kaya adat saben.

Sawise sumadya budhal, aku nyuwun palilah pamit marang Bapak lan Simbok. Nalika iku Bapak (swargi) caos piweling supaya aku tansah ngati-ati lan ndedonga, sebab mirsani ragaku kang katon sayah lan lungkrah. Aku tansah ngestokake dhawuhe Bapak lan nyuwun donga pangestune supaya aku ora nemu alangan ing dalan.

Ngliwati dalan Jogja – Solo kahanane rada sepi, aku ngupaya mlayokake sepedha motor luwih banter sithik katimbang yen kahanan rame. Daya-daya enggal tekan ngomah lan bisa ana wektu kanggo ngaso.

Pas ana ing kulon termeinal Penggung, dalane alus, lurus lan sepi, sirahku krasa nggliyer amarga ngantuk. Anggonku nyetang ora seimbang. Untung aku kasil ngendhaleni dhiri. Yen ora, bisa-bisa aku ngglundhung ing kalen lan tiba kelaran. Sadhar bakal nemahi bebaya, aku ngupaya mlayokake spedha motor rada alon sithik. Luwih-luwih wektu iku grimis.

Kanggo ngawekani rasa ijen kasepen lan ngantuk, aku nyanyi-nyanyi maneka lagon nadyan ora pati apal tetembungane. Kadhang kala helm tak keplaki mawa tapak tanganku dhewe. Nanging amarga udan saya suwe saya deres, kadhang ana saperangan banyu udan sing kombe. Mula aku banjur nglereni.

Tan rinasa lakuku wis tekan protelon bang-jo Pakis, Delanggu. Wektu iku meneri lampu abang. Aku mandheg. Pikiranku bingung ing antarane terus liwat Kartosura, apa menggok ngetan liwat Wonosari. Yen liwat Kartosura ngalang lan mbutuhake wektu suwe, nanging yen liwat Wonosari kudu ngliwati dalan bulak kang kahanane sepi.

Tanpa sadhar setang sepedha motor tak enggokake nengen tumuju arah Wonosari sawise meruhi lampu abang malih dadi ijo. Wektu iku kahanane isih udan deres. Ana ing dalan mangetan arah Wonosari, aku ngerti ana salah sawijining pawongan metu saka emper omah. Nitik saka rambute kang dawa ngore-ore lan penganggone, pawongan iku wadon. Mung wae aku ora kasil namatake praupane kanthi cetha amarga ketutupan helm kang wis dienggo. Pawongan mau ngawe-awe lan nyegati lakuku. Mbok menawa duwe pamrih arep nunut aku.

Embuh amarga ngapa lan kena daya apa, aku mandheg. Wong wadon iku banjur mangkrik mbonceng aku. Aku rumangsa ayem entuk kanca. Luwih-luwih sing ngancani aku wanita pisan kang ganda parvum-e nyegrak ing irung. Lakune sepedha motor tak gawe alon. Saliyane kahanan sadawaning dalan akeh jeglongan, aja nganti wanita mau kentrog lan tiba kelaran.

“Badhe tindak pundi, Mbak ?” pitakonku mbuka wicara.

“Wetan ngriku !” wangsulane cekak aos.

“Wetan ngriku, ngendi ?” pitakonku sajroning ati.

“Lha, Mbake saking pundi, kok, dalu-dalu lan ijen pisan ?” pitakonku maneh.

Wanita iku ora mangsuli. Mbok menawa ora ngrungu. Aku ora wani mbaleni pitakonku maneh.

Saka kekadohan aku ngrungu sirine teteg sepur diunekake, mratandhani bakal ana sepur liwat ing papan kono. Swarane kaprungu sero banget.

Tenan, lakuku keteteg sepur. Aku kepeksa mandheg. Rasa-rasaku aku isih mboncengake wanita iku. Nanging nalika ban sepedha motor tumapak ana ing ril sepur, sepedha motorku mumbul. Wektu iku rumangsaku kaya ana barang sing tiba. Nanging aku ora ngrewes.

Sawise ngliwati teteg sepur tumekaning Wonosari, ngliwati dalan bulak kang kahanane sepi lan akeh jeglongane. Aku ora wani nglakokake sepedha motor luwih banter maneh. Pas ana ing sacedhake pomahan kaya lumrahe gubug sawah, aku ngrasa sepedha motorku krasa entheng tak “tarik”. Aku ngupaya noleh mamburi. Pamrihku mbuktekake, apa wanita sing mbonceng aku mau isih ana ?

Gandrig ! Jebul wanita sing mbonceng aku saiki wis ora ana. Aku rumangsa penasaran, aja-aja tiba nalika pas ana ing ril sepur mau ? Pikiranku mangro, ing antarane arep mbaleni apa nerusake laku. Yen nerusake laku, ing ngendi rasa kamanungsanku ? Ya yen wanita mau tiba lan ora nemahi lara. Yen nemahi lara terus nuntut aku, apa ora cilaka ?

Putusaning atiku, aku meksa mbaleni tekan ing ril sepur karo milang-miling namatake kiwa tengen dalan ngupadi pawongan wadon kang mau mbonceng aku. Nanging nganti ngliwati kulon ril sepur, aku ora nemokake pawongan sing dakgoleki.

“Wonten menapa, Pak ?” pitakone pawongan kang metu saka pos teteg sepur nggawe kagetku.

“Madosi menapa ?” pitakone maneh nalika aku ora enggal caos wangsulan.

Sawise aku kasil ngendhegake lan mateni sepedha motor, aku ngupaya nyedhaki petugas pos teteg sepur kang nakoni aku. Sateruse aku banjur nyritakake lelakonku. Pak War (aku ngerti asmane saka tulisan ing sadhuwure sak klambine), narik napas landhung. Sanadyan lirih aku ngrungu sing diwedharake,

“Sri ... wis wong pira sing ora salah , kok ganggu ?”

“Wonten menapa, Pak ?” pitakonku kepengin ngerti.

“Anu ... Mboten wonten menapa-menapa, kok, Mas !” atur ngendika Pak War sajak gragaban.

“Bapak pirsa wanita wau menapa mboten ?” pitakonku nakyinake.

“Ngaten mawon, Mas. Panjenengan tak suwun mboten sah madosi tiyang ingkang mbonceng panjenengan wau. Langkung prayogi panjenengan enggal kundur. Namung kemawon ingkang ngatos-atos. Mugi-mugi lampah panjenengan manggih rahayu wilujeng saged pinanging brayat panjenengan ....”

“Trus ?”

“Sampun mboten sah menggalihaken wanita menika, jer wanita menika mboten wanita limrah ...” piterange Pak War.

“Wanita planyahan ?” pandheseku.

Pak War nggedhegake sirahe. Pak War paweh piterang menawa wanita mau sejatine jejering badan alus sing tunggu teteg sepur.

Sanadyanta aku durung marem mring piterange Pak War, aku milih pamitan lan ninggalake pos teteg sepur iku. Ing sadawaning dalan pikiranku nglambrang ora karu-karuan. Luwih-luwih ganda parvum-e kaya-kaya isih nempel nyegrak ana ing mantolku. Apa wanita kang mbonceng aku mau jinising peri ? Ngapa dheweke seneng nggodhani wong, kalebu mboncengi aku ?

A. Sardi – Solo Baru

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Waduh...sayang ya pakai bahasa Jawa, padahal saya juga tertarik untuk membacanya, tapi aku ora ngertos Mas.....

10 Oct
Balas

ditranslit, Bu.

10 Oct



search

New Post