Tratai Biru (geguritan puisi Jawa) JIMf980
Dening Niken Haidar
#tantangannulisharike980
#gurusiana
#mediaguru
Endahe werna tratai biru kaya endahe donya. Kasat mata. Ora ana cacate. Nengsemake ati sapa wae. Apamaneh yen parak esuk. tumetese embun kaya mutiara kang menclok ing permadani.
Iku mung pepaese donya. Kang bisa nyesatke netra.Nyesatke rasa. Yen tanpa linambaran sih katresnan marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Nyekar sepisan, layu ing parake surya. Kaya dene uripe menungsa. Endahe raja brana kang ka genggem tanpa guna. Mung sakebyare surya. Bakal Sirna tanpa guna. Yen ta ora bisa migunakake urip tanpa guna. Tansyah rundhuk. Munajad marang Kang Ngawe urip. Mung iku pajangkane uripe manungsa
Joglo03012022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kereeen puisinya, Bunda. Salam literasi!
Amin yra
Amin yra