Anisah Musliyani

Penulis bebas Bebas menulis ...

Selengkapnya
Navigasi Web

Geguritan

Ing walik e Gendera

Nalika aku cilik

Nyawang gendera kang tumiyup angin

Ana rasa lan janji kang ora dak ucapake

Rasa lan janji kanggo bumi kelairanku

Rasa lan janji bocah kang ora ngerti wolak walik e jaman

Janji kang dak ikrarake nalika kembang tebu mekar

Janji nalika mangsa ketiga kang soyo garing

Nalika tresna makantar-kantar tanpa watesan

Nanging…saiki ora kaya biyen uni

Nalika nyawang gendera kang tumiyub angin

Rasa iku wis ilang

Embuh nang endi paran

Muspra, katiyub angin salah mangsa

Iki janji wantah kang kuciwa

Lantaran tingkah angkara murka

Kaya rahwana kang laku culika

Kaya kurawa kang serakah donyo brana

Gendera iku isih podho

Abang lan putih

Abang artine wani putih artine suci

Nanging……

Rasa ku wis beda nalika nyawang bgndera kuwi

Ing walik e gendera

Saiki ora ana seng sembada

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post