Anita

Anita Sumadi,M.Pd. Pernah belajar di SDN Penambongan 1, SMPN 1 Purbalingga, SMUN 1 Purbalingga. Pernah kuliah di STAINU Kebumen, dan IAIN Purwokerto. Suka memba...

Selengkapnya
Navigasi Web

Cempulek Gambar Kembang

Kayane tah wis umume, wis lumrah, mangsude udu nyong thok. Wong nembe umah-umah terus ora let sue due bayi. Paling let setengah tahun terus jere bathi. Keluarga kabeh padha seneng. Luwih-luwih bojone nyong. Senajan maune kepengin due anak lanang cempulek metune wedon nyatane ya tetep seneng bae.

Kanca-kanca, sanak sedulur, sing perek tekan sing adoh ndina-ndina meh ora lat ana bae tamu pada tilik. Manggua li critane digawe vedeo utawa direkam ben nek ana sing takon gari de nyetelaken vedeo terus kon nonton utawane ngrungokna rekaman critane. La saben wong takone padha, terus jawabane ya mesthine padha. Tapi li tutuke bengor wara- wiri crita, sing de critakna anu ajeg, padha bae. Padahal awake ya rasane urung patia kepenak. Jane go pelajaran awak dewek nek arep tilik bayi kue aluwung ngesuk-ngesuk nek wis pirang ndina, sedhenge ibu karo dedeke wis padha- padha sehat padha-padha seger. Tamune ya luwih kormatan. Tuan rumaeh karo tamune padha-padha bahagia.

Critane nyong due uwa. Mbok ana sing urung paham, uwa kue mangsude kakang utawa mbekayune bapak apa biyung. La wane nyong kue mbekayune bapake nyong. Senajan mung uwa, ning wis tekanggep biyunge nyong dewek, mbarenane wane sing ngrumat nyong karo adhine nyong kawit cilik.

Wane nyong kue wong bodho. Bodhone udu merga ora cerdas, tapi merga ora tau sekolah blas, ora due pengalaman, buta huruf sisan. Dhasare wane nyong ora due putra, mulane maring bocah cilik deweke ngemane kebangeten, apamaning maring anake nyong sing genah putune dewek, nembe mbabar maning.

Wane nyong kue ora mung kuna, ketambahan kurang pengalaman. Sepolah-polahe, neng sandhinge peturone dedek disogi cething cilik isine rupa-rupa. Seliyane lenga dadah, ana sambetan, ana sapu gerang, ana gunting gerang, ana sisir gerang, pokoke neng nyong rasane aneh. Angger nyong takon ya njawabe jere gari manut aja brisik. Sing luwih aneh aku mesti kon nganggo peniti sing digantungi sambetan mbarang. Nggon panggonan nyong njagong disarapi awu anget dibungkus karo godhong gandul. Nyatane pancen neng beyekan rasane kepenak pisan.

Mung mangsud ngregani karo ngurmati maring wong tuwa, nyong ya manut bae. Bojone nyong sing basice wong kesehatan bae mung meneng, ora tau protes. Mungkin ngerti maring wateke wane. Ohalah Wa...Wa... ngapurane.

Sing nyong ora patia pas jane ya ana. Nyong ora ulih turu awan. Padahal jare bu bidan ya ulih asal aja kesuen. La kepriwe wong genah angger mbengi begadang, awane ora ulih turu ya ngantuke pol. Wane ya ora, angger aku protes mesthi deweke ngomel, ora manut wong tuwa ya bodhoa..., terus lunga karo mrengut.

Kewilang ibu mertuane nyong beda. Nyatane garwane Pak Mantri ya sethithik mendhing akeh pengalamane. Senajan wong ndesa, ibu mertuane nyong ora kuper, malahan aktif dadi kader posyandu. Ibu mertuane nyong ora tau menging angger nyong ngliyep. Ya siji syarate, aja kesuen. Malahan akhire ibune nyong kue kaya satpam, njagani nyong. Angger ijig-ijig wane melbu umah, nyong agi ngliyep, mesthi langsung digugah, terus apen-apen diseng ngobrol. Angger wane lunga, nyong kon ngliyep maning.

Pirang-pirang ndina ditunggoni ibu mertua, dianggep wis teyeng dewek ngrumat dedek bayi. Gelem ora gelem nyong karo bojo ngrumat dedek bayi, jebule persasat ngluwihi ngrumat pitik.

La wengi kue, jan rasane ngantuk ora eling. Dedeke tangi, terus nangis. Tek tiliki popoke. Nyata. Pancen ora tek enggoni pampers, rasane melas, karomaninge ana sing kandhah jare ora apik.

Karo dhengat-dhengut nyong ngorong-orong “Masss...dedeke kie!”. Dhasare suami siaga, bojone nyong gagen njukut lap karo banyu nang ember. Popoke dedek disalini. Bar kaya kue saline dedek disog mburi. Ora let sue... esih karo ndhengut...mripatku weruh kuning-kuning neng nggon bedhonge dedek. Akhire spontan aku mbengok “Maass....maning kie!”. Bojone nyong ya ora protes, terus teka nggawa ember isi banyu karo lap kaya mau maning. Bareng mandan tek matna maning... kuning-kuning mau cempulek gambar kembang. Maring bojone nyong, nyong mung ngomong...”Ora sida Mas, anu gambar kembang”. Tanpa komentar deweke secepat kilat balik badan. Ora ana sing gemuyu, ora ana sing koment. Nyong langsung merem maning. Bojone nyong ya langsung ngesog ember mau, ora let sue banene “Blek...” nibakna awake maring kasur terus ora krungu swarane maning. Bareng esuk-esuk nembe padha weleh-welehan karo gemuyu ora doyan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Yaa aja padakna pitiik laah,,,hahaha,,,ngakak dewek kiye laah

23 Dec
Balas

Ha.... Jebule yu anita lucu pisan... Pancen duw anak cilik kudu sabar temenanan, he...

09 Dec
Balas

Iya koh..wis due putra pira?

09 Dec

Maen. Pancen duwe anak kudu priatin. Kudu semangat karo siap jajan. Mbok ana sing tilik. Kuwe nek gambare ayam kepriwe yah?

09 Dec
Balas

ha ha ha....repotnya melebihi merawat anak ayam yang baru menetas...

09 Dec

Lucu....

09 Dec
Balas

Trmksh Mba Desy..

09 Dec

Hahaha ... Lucu eram Rika Yuuu ... Apik critane Yaqin golagokin

09 Dec
Balas

Kesuwun Mbekayu...

09 Dec

Sama kan Mba Tri?..he he

20 Dec
Balas

Mturnwn Yuu...wis mampir

01 Jan
Balas

Bagus dan lucuuuu...selamat bund...

06 Jan
Balas

Nyong dadi kemutan dong gemiyen tembe duwe anak.

09 Dec
Balas

Meh sami critane nggih Pak?

09 Dec

Haha... Cempulek lucu...

09 Dec
Balas

Matursuwun Buuu...

09 Dec

Nduweni dedek bayi pancen dadi prihatin, kudu selalu siaga lan begadang terus-terusan. Inyong salut Bu Anita...

12 Dec
Balas



search

New Post