Anita

Anita Sumadi,M.Pd. Pernah belajar di SDN Penambongan 1, SMPN 1 Purbalingga, SMUN 1 Purbalingga. Pernah kuliah di STAINU Kebumen, dan IAIN Purwokerto. Suka memba...

Selengkapnya
Navigasi Web

Ora Tau Salah

Ora Tau Salah

Sedulur, nyong garep crita. Critane nyong kiye ora nuju maring siji-sijine wong lho yah. Nyong kepengin crita polaeh tanggane nyong sing mandan nyentrik wonge, jenenge Nini Darsin. Laganu dong nyong esih cilik tah nyong le ngundang Mbok Darsin. Wong kayane esih patut diundang mbok, urung patia sepuh. Eh siki nyong wis diundang ibu.. dadi koh sue-sue kayane patute Mbok Darsin kue tekundang Nini, nyatane wis nini-nini. He..

Nini Darsin kue etungane wong sugih nang RT-ku. Dhasare karangane amba anu warisane bapane. Bapane Nini Darsin ganune tau dadi lurah. Ya bengkoke amba. Bengkok mau wutuh tekan dheweke seda. Mulane ya seneng sing dadi anak putune, karangane amba, sawaeh ngablak-ablak, tandurane kayu pirang-pirang, mung gari ngenggoni utawa ngedoli.

Dina kue Nini Darsin agi nyapu latar. Sore-sore dheweke srak-srek nyapu latar nganggo sapu ada wis mandan cendhek. Karo tutuke gremang-gremeng mbuh kandhah apa ora nggenah. Bareng wis ulih amba goli nyapu, pengki utawa cikrake disog bae nang sembarang nggon, sesog-soge. La ijig - ijig putu lanange sing nembe kelas 6 SD liwat, terus ora nguja nabrak pengki mau. “Kradak...”,kaya kue swarane, terus bocah mau tiba njagong kelaranen. Mripate mbrabak kaya arep nangis. Pipine abang nahan larane bokonge.

Pantese Nini Darsin gagen nulungi utawa ngelus-ngelus bocah kue. Jebule malah ngomei, ngompyang seruh “ Bocah liwat ora ndeleng dalan, matane go ngapa, pecicilan, ana pengki de tabraki”.Bocah mau, jenenge Kiki. Dheweke dadi malah nangis karo ngundangi biyunge. “Mamake...hiks hiks...!,lara...”.

Dina liyane, Kiki kebagian tugas nyapu latar. Wong bocah wis gedhe jare kudu ajar nyambut gawe, ben mbesuk ora kaget nek wis dadi wong tua. Kaya kue warahane biyunge Kiki. Kiki manut. Sore kie dheweke nyapu latar, jian sengkud pisan. Urung rampung guli nyapu, pengki utawa cikrake ya disog bae neng latar. Jane ya ora neng ndalan. Eh ijig-ijig Ninine, Nini Darsin liwat banjur kepadhuk pengki mau. Ora ngosi tiba, mung kayane ya lara, wong samparane kepadhuk “kradak...” kaya kue.

Ndeleng Ninine kepadhuk Kiki rumangsa salah lan krasa melas banget. Karo merek maring Ninine dheweke ngomong “Kepriwe Ni?...ngati-ati goli mlaku yaa..!”. Ujare Kiki karo nulungi ninine. Ninine malah dadi jengkel karo ngomyang “Bocah ndelah pengki sembarangan, ora neng nggone, kaya kie dadi madhuki wong liwat”.

Ohalah, Nini Darsin. Tambah dina de rungok-rungokna tambah sering paidon karo putune. Angger putune ngomong, dheweke ora krungu, nyatane wis sepuh, Nini Darsin mesthi protes “Ngomong de seruh, de genah, ngomong karo wong tua mung umad-umed ora nggenah, nyong tuli wis tua”. Bareng swarane putune munggah luwih seruh, Nini Darsin ya protes maning. “Ngomong karo wong tua aja nggentak-nggentak, lirihan bae li krungu. Ora ilok. Nyong li wis tua. Mbesuk ko arep padha ngrasakna dadi wong tua”.

Karo mantune luwih-luwih. Angger ora detawani kon dhahar, Nini Darsin mesthi protese. “Ana wong tua urung madhang dijor klowor, ora ditawani kon madhang. Apa wis bosen ngrumat nyong. Nyatane bodholan wong ya ora kanggo nggawe”. Angger de tawani kon dhahar, Nini Darsin ya esih protes mayan. “Madhang be wara-wiri de tawani kaya bocah cilik. Krasa kencot li mengko njukut dhewek. Pameran temen wara-wiri tawa madhang”. Ohalah, Nini...Nini...!. Muga-muga sing ngrumat padha sabar.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Meh padha karo tanggaku kuwe. Jenenge nini Darsini.

27 Jan
Balas

Nini Darsini gene kulo boten patosa ngaten Pak Edi...

27 Jan

Rata rata wong nek selot tua selot rewel. Wis dadi rumus dunia, he

27 Jan
Balas

Bener Mba...

27 Jan

Kena nggo pengalaman. Mbesuk2 bakale ya dadi nini2. Kari disiapna bae, nek kepaduk pengki arep ngomong apa.

27 Jan
Balas

La niku mksude Pak...mturnwn..

29 Jan

Untung jenenge udu nini Dartini, angger nini Dartini tah sering salah

27 Jan
Balas

He he...nggih Buu...mturnuwun sdh pinarak..

29 Jan

He he..nggih Yu Sus..

27 Jan
Balas

Hihihihi...bodholan uwong...lucuuuuuu banget

27 Jan
Balas

Maturnuwun sampun pinarak Bunda...

27 Jan

Embane nyong sing dadi putune Nini Darsin kaya ngapa y ....

27 Jan
Balas

Mewek Buu...

27 Jan

Nini ne mpun sepuh sing sabar mbekyu

27 Jan
Balas

Nyong seneng putune nini Darsin, bocah manut miturut, eman maring nini!

27 Jan
Balas

moga2 angger aku tuwa ora paidon karo putuku.

27 Jan

Jane ndean tg ati mbedegel ...

27 Jan

Nggih Ibu Guru..mugi mugi Ibu sehat sll..bahagia dan mmbahagiakan anak cucu..Aamiin

27 Jan

Lucu tenan mbekayu..aku nganti gemuyu dhewek...basane pada bae karo nyong ngapak...salam literasi

27 Jan
Balas

Lucu tenan mbekayu..aku nganti gemuyu dhewek...basane pada bae karo nyong ngapak...salam literasi

27 Jan
Balas

Salam literasi..Mbekayu Dyah tiyang pundi?

29 Jan

Salam literasi..Mbekayu Dyah tiyang pundi?..mturnwun kunjungannya

29 Jan



search

New Post