Aryatmono Siswadi

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

GEGURITAN

GeGUriTAn

1.

SUMELEH

Abot tenan sirah iki

Ora kepenak kanggo turu

Alon-alon gemletak ono dipan

Tak sawang siji-siji

Reng usuk sing wis dipangan ngenget

Kapan aku bisa ndadani

Sisih wetan

Sisih kulon

Sisih kidul

Lan sisih lor

Wis dicegati panggonan sing kepenak

Wong rakus podo manjelmo

Meh dipek kabeh ora ono turahane

Sak dermo wae aku mangan

Sak onone wae sing penting cukup

Migunakake opo anane

Ra sah golek perkoro

Ora usah golek tambahan sing olo

Percoyo wae

Sing nandur mesti ngundhuh

Ayo poro konco

Diselehke dhisik

Ati sing podo panas

Disabar-sabarake

Mengko mesti ono wektune dhewe

15 Juli 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

e-mail: [email protected]

2.

KRETEK PLUMBON

Wengi katon peteng ndhedet

Gludhag-gludhug meh udan

Ora ono sawijining lintang kang jumedul

Awakku nembus kahanan kang peteng iku

Lumaku alon sinau golek kapinteran

Brayat kanoman plumbon wis podo ngenteni

Ngajak sinau ngundhuh ilmu

Kanthi grapyak lan geguyon

Ngandhani siji lan sijine

Wanci jam tabuh songo wengi

Awak iki ditinggal konco-konco

Podo ora pamit.....embuh arep menyang ngendi

Takon marang angin..ora ono jawabane

Takon marang jangkrik sing ngerik..malah meneng wae

Meh takon wong sak omah..wis lungo kabeh

................................

Atiku tetep mlayu ngoyak sworo sing wis katon adoh

Adoh banget...kethip banget wis ora keprungu

Sikil iki mlayu sipat kuping

Sikil iki ora bisa diajak kompromi

Sikil iki nggoleki sworo sing wis ilang

Ora let suwe........

Awak iki mabur , nyemplung kretek plumbon

Ora eling opo-opo

Ora kroso opo-opo

Ora ono wong babar pisan

Ora kroso katisen

Tabuh sepuluh..

Tabuh sewelas....

Tabuh rolas....... Nganti tabuh subuh esuk umun-umun

Awak iki isih gumlethak ono sak ngirose kretek plumbon

Aranku gosis.....

Sing kemulan wedhi sewengi muput

Sing nyikep watu ireng gedhe

Sing ora eling nganti sakiki

Sing dadi crita tekan besuke

Matur nuwun marang brayat plumbon

Gusti matur nuwun

Taksih paring kawilujengan

Dumateng kulo !!!

3 Desember 2017

Aryatmono Siswadi

3.

ALAS ROBAN

Panggonane tengah gunung

Asri ...............

Adem .................

Tentrem ..................

Wit-witan jati gedhe dhuwur rapi

Dalane koyo irung petruk

Saben wong sing ngliwati mesti kamitenggengen !!!!

Sarto ucap “ jan apik tenan alas iki !!!!!!!”

Alas roban !

Alas sing wis kawentar

Soko ujung wetan pulau jowo nganti sisih kulon wis podho kenal

Poro peksi urip tentrem

Ora wedi alase digusur

Poro kewan liyane kanthi guyup

Njogo amrih lestarine alas roban

Soko dhuwur jumedhul trek kang gedhe

Soko ngisor ugo akeh mobil, motor sesliweran

Sak tengaing alas roban

Dipajang mobil sedan

Pratondo rikolo semono ono sakjroning kacilakan

Ringsek.....mangan korban

Mulo amrih apike poro sedulur kabeh

Podho ngati-ati

Wong tuwo kondho, unekno klakson rikolo mlebu alas roban

Menehono sakiklase marang wong-wong sing ono pinggir dalan

Sing kanti setio melu nunggononi alas iki

Kabeh mau, duweni pengarep-arep

Biso slamet tekan panggonane awake dhewe ........

Alas roban

Alase wong Batang

5 September 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

4.

KATRESNAN 1

Tresna kuwi ora adoh soko sliramu Tresna kuwi ora adoh soko awakku

Tersno kuwi yo antarane awakku karo sliramu Tresnamu kaya rembulan

Sing gelem ngancani aku ing wayah bengi Nanging ya kaya srengenge

Sing gelem madangi atiku saben dino

Tresnamu anyes koyo pedhut wayah esuk

Sing gawe ati tetep adhem lan tentrem

Saiki tresnamu sansoyo nyoto Koyo srengenge lan rembulan

Langit ora tahu peteng Sengkolo kebuang amargo katresnanmu

Kartika tresnanmu koyo sumunaring pasuryanmu atiku atimu dadi siji amargo katresnan

Sing wis nyawiji

Sing orang bisa dipisahkake marang apa wae Katresnan utuh saklawase

22 September 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

5.

KATRESNAN 2

Wingi sore kok tulisake roso tresna Koyo dene sesautane manuk kepodang sing padha geguyonan Ono jroning pang-pang godhonge udan angin semilire angin lelagone langit putih

Mlethek srengenge wayah esuk ndadekake ati sumunar Martakake menowo dhina bakal padang njinggrang Atiku gumebyar koyo cemlorote baskoro

Wiwit kok kandhak’ake tresna iku Mripat iki ora biso turu

Nggayuh tresno kang tulus soko sliramu

Karepe awak njaluk cedhak karo awakmu

Koyo manuk doro sing ora gelem kapisahake

Mau bengi bar udan deres

Laron loro podo mencok ono pager

Banjur mlaku bareng

Mlaku-mlaku sakparan-paran

Amrih bisa bebarengan ngetrapake katresnan sing wis nyawiji

Wiwit kok tuliske tresna iku

Aku ora mangu-mangu

Tresnamu iku tresna sing tenanan Dak tunggu sliramu nggawa warta

Kapan awake dhewe biso sesandingan ...

7 Oktober 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

6.

GELOMBANG CINTA

Aku tanduran kang endah

Edi peni Uga tanduran kang ombo godong ijo royo Sing ndeleng mesti kepencut

Ngawe-awe njaluk dibopong

Ngertio......

Jaman biyen aku dadi primadona seantero jagat

Pupusku wae dielus nganggo susu

Panggonanku diukir lukisan kang endah

Saben esuk keno cahyo baskoro

Dieman-eman ngalahake samubarang

Regaku ngedap-edapi

Sak wit biso entuk Avansa

Wijiku bae bisa entuk Vario

Awakku diburu

Awakku disanjung

Awakku dijaga koyo pangeran

Soko ujung deso nganti ujung kuto dadi rebutan

Akeh bondo donyo didol kanggo nuku aku

Kepara dadi musuhe tanduran liyan Pancen wektu iku donyo podo edan nggoleki aku

Kembang Gelombang Cinta

Aku rak gur tanduran tho?

Mung tanduran ora bedo karo sak kadangku

Wis wancine gumebyare pupusku ora laku

Wis wancine ijo royo godongku ditinggalno

Akeh wong podo bingung

Akeh wong podo gelo

Gidro-gidro nagis karo nendang awakku

Pungkasane kaendahane sing tak duweni

Wis ora ono regane

Awakku gumlethak ora disopo uwong

Awakku diwenehke tho wae podo ora nglirik

Awakku diselehke sakparan-paran

Wijiku thukul sak nggon-nggon

Jamanku wis ilang

Jamanku wis podo karo kadang-kadangku liyane

Aku rak gur tanduran tho?

31 Juli 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

7.

SUMUNAR LINTANG PANJER RINA

Delengen wengi iki, bumi isih katon sepi Delengen Lintang panjer rina wis ngetoke cahyo Menehi Pepadhang marang sesama Soko wiwit gumregah tangi nganti ngupaya rejeki

Kanthi setyo ngancani tanpa pamrih

Para among tani wis podo ndandani galengan Kareben banyune ora morak marik

Para wadon ugo bebarengan nandur pari

Sinambiwara wus sengkut makarya Para kyai santri angidung mengestu puja marang Gusti

Rungokno jago kluruk soko sisih wetan nganti sisih kulon Melu nyambut sumunare lintang panjer rino Pandang njinggrang arundaya ngetoke pasuryane

Ndonya alon alon dadi sumringah Maringi kalodhangan jalmo manungso

Ngupoyo pangupajiwa

22 September 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

8.

ENDAHE TLATAH SANGUBANYU

Yen mandheng kiwo tengen Sangubanyu iki Pikiran gundah dadi endah Nangekake semangat urip Pasuryan dadi sumringah ora susah

Yen ndeleng tanduran ijo royo-royo Kabeh mau ciptaane Sang Yang Widhi Ugo cemlorote srengenge Kanggo madahangi alam semesta iki

Yes nyawang pucuke gunung

Rimbun wit-witan sing duwur nyudul langit

Lukisan mendung putih cemlirit

Nambahi isen-isen alam Sangubanyu

Puji syukur kunjuk dumateng Gusti Allah Marang kaendahan alam Sangubanyu Sing kudu dijaga lestariane

Ojo dirusak opo maneh dijarah Endahe alam iku kanggo warisane

Anak putu

28 Desember 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

9.

NGREKSA TRESNA

Selawe tahun katresnan ini wus lumaku Tansah ndak simpen primpen ono jroning atiku Ora bakal luntur dening ombaking wektu Kelingan rikolo ngucake janji setio

Ana ngarsane Gusti Kang Moho Agung

Ora bakal ilang eseme lambemu Ora bakal sirna cemlorote netramu

Jiwo rogo iki amung kanggu sliramu

Kabeh mau dadi pratondo tresno kang suci

Tresno iku nancep ono ing kalbuku Bakal manjing sak dowone uripku

Endahing crita katresnan koyo sakjodo manuk doro Sing ora gelem kapisahake Nganti asvathama angslup gumanti soma

21 Oktober 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

10.

ESUK ING SANGUBANYU

Esuk esuk ing tlatah Sangubanyu

Angin sumilir ngrajut awak sing kademen Nanging bengi mau hawane sansoyo nggigil Udan grimis ngruwis ora ono pedhote Lemahe teles kebes kanggo nyimpen banyu

Esuk umun ing tlatah Sangubanyu

Sing lanang podo kemulan sarung

Tak enteni ora ono sing podo nang sawah opo nang alas

Bener pancen adem banget

Ora maido yen wong-wong kuwi ora menyat soko panggonan

Ngenteni sumunane Bagaskoro

Ndadekake panas lan sumringah kanggo nyambutgawe

Esuk umun ing tlatah Sangubanyu

Jago kluruk soko sisih wetan nganti sisih kulon

Ora biso nangekake cahya srengenge Sing kaya padatan miwiti panguripan

Esuk iki ing tlatah Sangubanyu

Ora bedo karo esuk-esuk sing wis lumaku

Ora bedo karo bengi-bengi sing wis kepungkuri Panas srengenge kewiyak angin sing semribit Njalari tlatah Sangubanyu tetep adhem

Kepenak olehe nyambutgawe

Tegalan lan sawah ngenteni tetanduran

Iki pratondho menowo Sangubanyu subur makmur

Opo wae sing ditandur mesti tukul

Mulane , ayo poro wargo dijogo tanahe

Dijogo tandurane

Kareben awet kanggo anak putune awake dewe

Aja ngowah-owahi adat sing wis mlaku Iku luwih prayoga

25 Agustus 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

11.

GIRI PERAHU

Perahu, salah sijine giri ing tlatah Bawang Katon gagah yen disawang soko kadohan Pedut putih kandel ing awiyat ndemenake sing nyawang ora kedhip katon asri kena sumunare srengenge

Perahu, salah sijine giri ing tlatah Bawang Ijo royo-royo adem tentrem Wargo sak ingisore lereng guyup rukun mbangun deso Urip kanthi gotong royong dadi paedahe bebarengan

Perahu, salah sijine giri ing tlatah Bawang Sliramu nyediani banyu kanggo panguripan Wiwit biyen nganti sakiki Perahu, salah sijine giri ing tlatah Bawang Gusti Moho Agung Sing wis nyipto Giri kanggo katentremane wargo masyarakat Bawang Ayo dijogo amrih lestarine

Alam giri Perahu

27 November 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

12.

PANDUNG

Pandung… Gaweane amung siji ngasah gaman ben landep nganggo ungkal Kanggo ngayahi tugase golek bondo

Pandung … akale mung siji piye carane njarah duweke liyanl Sapa wae bakal didadekake tumbal Pandung nggawe nggegirisi wargo ora tau turu ora tau sesrawungan marang liyan

Bebendu Sak gotrah keluargo pendidikan Kabupaten Batang Wis pirang pirang penggonan

Pandung ngorak arik sekolahan! Sing diincer perangkat elektronika

Komputer, lap top, LCD

Pandung...

Nggawe gregetan para polisi! nganti sakiki durung biso dibrantas Mulane dianakake jogo sekolahan bareng-bareng

Kanggo nylametake aset sekolahan

Pandung saiki wis podo kebangeten Wis akeh nggawa korban “ono crito SMP 2 Bawang penjagane tahu dijiret para pandung,

Untunge penjagane duweni nomor polisi sing biso dihubungi,

Wis kadung dijiret, pak polisi cacahe loro podo teko,

Biso nylametake penjaga sing dijiret,

Matur nuwun bapak polisi sampun nylametaken penjaga SMP 2 Bawang”

Mugo-mugo

Bebendu ki enggal sumingkir

Soko tlatah Batang

Kareben penggulowentah bisa ayem tentrem

Ndadekae poro siswo dadi misuwur

Mbangun negoro lan bongso

Kareben poro pandung

Sing wus ngrampok bondo donya Haram yen digunakake lan dipangan Kareben nampa siksa ana ing neraka jahanam

3 Desember 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

13.

BANYU PANAS SANGUBANYU

Ayo ...

Ayo ...

Ayo ...

Para sedulur, jebule ono panggonan wisata anyar

Ana ing tlatah Sangubanyu Wilayang Bawang

Wisata Banyu Panas

Dumunung ing Pesanggrahan

Saiki, atraksi wisata iki wis kabuka

Dikelola dening masarakat

Siap dadi pariwisata

Objek iki dumunung ing pinggir kali

Sing misahake Kabupaten Batang karo Kabupaten Kendal.

Atmosfer ing saubenging obyek

Kasebut banget nyengkuyung dadi sumilir.

Banyu Panas Sangubanyu nduweni pesona Kecantikan sing menarik banget kanggo ngunjungi. Sing nduweni kaendahan adiluhung Sing biso nggowo jeneng Batang kawentar ing Nuswantoro

16 Oktober 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

14.

GOLEK UPO

Esuk umun wis tangi gumbregah

Noto kemul senambi ndedongo amrih becike lelakon dino iki

Sumunar srengenge soko timur kang asri

Nandakake minongko uripe donyo kanggo makaryo

Dikancani semilire angin sing nyegerke awak

Pamit mangkat kerjo golek upo kanggo keluargo

Nembus pedut esuk sing adem

Dongane anak bojo nambahi semangat

Alas gung lewang lewung

Redi sing duwur-duwur

Ngancani lelaku sing tak ayahi

Ugo swara manuk lan kledang kledungi wit witan

Dani anteping ati nembus deso liyo

Deso Sangubanyu sing dituju

Minongko penggonan golek upo

Ketemu konco paseduluran sing becik

Bareng lelaku ndandani pesinaunan

Kareben bocahe dadi wong sing migunani

Marang bangsa utamane agomo

30 Desember 2017

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

15.

BUMINE SAMBAT

Ora awan ora bengi

Ora sore opo maneh isuk

Wong tuwo, wong enom

Opo maneh sing isih bocah

Yen podho mangan jajan nganggo buntel plastik

Dibuwang sak nggon-nggon

Bumine sambat.....

Bumine sedih...

Bumine goyang.....

Lemahe wis ora subur maneh

Katutup plastik

Lemahe sambat

Lemahe nangisi awake dhewe

Amargo ora biso muni

Manungso sak karepe dhewe

Manungso nggugu awake dhewe

Banjir bandhang....

Wis kawentar kono kene

Nanging tetep wae

Manungso ora ngrubah lakune

Duh Gusti nyuwun pangapuro !

(Panjebar Semangat)

Aryatmono Siswadi

16.

SING DIGUGU SOPO

Jenenge Wakil Rakyat

Sing kudune ngayomi lan ngewangi

Sing sejatine dadi penglipure wong sak Nuswantoro

Sing mentingake liyan katimbang awake dhewe

Sing wani mbelani wong cilik

Jengene Wakil Rakyat

Ora isuk ora awan

Ora sore ora wengi

Pakaryane kabeh kanggo kapentingane rakyat

Jengene Wakil Rakyat

Ora tedheng aling-aling

Sing bener mesti dibelani

Jajah deso milangkori

Mangerteni panggonan sing kudu dibantu

Ananging.........

Tangan iki ngelus dodo

Ati iki mbrebes mili ..................nyawang !

Wakil Rakyat turu rikolo ono Sidang Paripurno

Wakil Rakyat gawe rancangan toilet sing regane ngedap-edapi

Wakil Rakyat senengane dolan rono dolan rene

Lelakon sing endi sing kudu digugu !!!!!

Ono ngendi roso welase... sawangen !!!

Bocah-bocah Banten arep sekolah gegantungan ono ing kretek sing ambruk

Bocah-bocah Kediri podo sinau ono ing kelas sing meh ambrol

Tak suwun poro Wakil Rakyat

Balio...mikirke wong cilik

Iku sejati sing di arep-arep wong sak Nuswantoro

(Panjebar Semangat)

Aryatmono Siswadi

17.

GOGROKE BENTENG KEADILAN

Wis ora duwe isin

Ora duwe welas asih

Isine bener thok !!

Atine wis digembok rapet

Wegah ngrungoke ukoro-ukoro becik

Mlakune tetep ndhangak

Ngguya-ngguyu rumangsane ora salah

Diarak wong akeh malah tangane ndhadhahi

Mlebu , lungguh kursi pesakitan ora ndhingkluk

Ananging pasuryane adem ayem

Walah.............. walah...

Arep digowo menyang ngendi Ibu Pertiwi Iki

Sing di tandur barang olo

Sesuke ngundhuh berholo

Sing dibelo wong durhoko

Sesuke ngundhuh sangsoro

Poro pangembating Praja

Opo podho ora kroso

Menowo wong-wong kuwi

Arep nggogroake benteng keadilan

Tambah dino , ora tambah kabecikan

Ananging tambah prekoro sing diarani “kurupsi”

Angel dietung, wis wong pro sing keno perkoro suap

Amargo keadilan wis gogrok

Dheweke ora duweni wedi marang sopo wae

Sing prihatin

Menowo dheweke ora duweni wedi marang Gusti !!

(Derap Guru)

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

18.

KANGENKU MARANG SIMBOK

Simbok Kangenku Ora Karu-Karuan Kelingan .. ... Rikolo Simbok Gawe Jangan Lombok Kacang Tholo Wis Jan ..Rasane Ono Maneh Segone Thiwul Anget Simbok.. Katentreman Ono Ing Sandinge Gusti !!!!! Aku Anakmu Neruske Laku Mgayomi Anak Putumu... Kareben Urip Tentrem Lan Langgeng Adem Ati Nyawang Ngarep Isih Akeh Sing Kudu Diayahi !

(Derap Guru}

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

19.

KORUPSI

Piyantune sehat, seger, gagah

Eseme ndemenakake wong akeh

Kepencut...

Ora percoyo

Jebule koruptor

Bareng wis kecekel

Ethok-ethok loro

Gemlethak tanpo doyo

Ora weruh kiwo tengen

Ora krungu ethok-ethok budhek

Tensine tambah dhuwur

Jebule bar mangan sate

Ana maneh

Wis kecekel banjur dipenjoro

Isining pakunjaran barang-barang sing mewah

Jebule petugase wis disogok

Liyane maneh

Wis dipenjoro jebule ana Bali

Bareng ditelusuri entuk paspor palsu

Heng wilaheng....

Kapan paripurnaning prakoro iki

(Derap Guru)

Aryatmono Siswadi, S.Pd, MA

SMP Negeri 2 Bawang

20.

KANGEN

Telung puluh lima taun Aku lunga saka kampung halamanku Titik awal urip Aku nandur boto kanggo pengarep arep Kanggo ngrampungake maknane urip Aku isih nyimpen sakgumpal lemah kelahiranku Ngeculake kabeh kangenku ing dodo Darsono ..... Purwanto ....... Wiwik ....... Ono endi sampeyan saiki Kangen Pasuryanane awakmu asring katon ing atiku Guyonanmu bareng karo kasepenku Sendau guraumu nggitik jiwaku Ejekanmu ngetokake esemanku Aku isih eling Nalika masak singkong ing Baran Aku isih elinga manggang jagung ing Plumbon Aku isih eling Nalika mangan tiwul ing Kebonagung Aku isih eling Panen an kacang ing Eromoko Kulon Aku eling nalika kowe kondho "Kepenginan apa sing awakmu tindakake" Kita wong sing migunani Kanggo kulawarga utamane wong liya Kangen ! Kangen !

Aryatmono Siswadi

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kutak mengerti .Selamat Pak

11 Dec
Balas



search

New Post