Bonari Nabonenar

Penulis cerita: Cinta Merah Jambu, Semar Super, Mimpi dan Badai. Kini ikut keroyokan memanjangkan umur: nggalek.co...

Selengkapnya
Navigasi Web

Layang Setrum saka Ndesa

Nglaran iku saweneh padukuhan utawa dhusun kang kebawah Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Provinsi Jawa Timur. Mesthi wae isih klebu wewengkone Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Angger wis ngarani Indonesia, gegambaran ing angen-angen bisa wae dikebaki rekaman panyawang langsung apadene kang kerep dijereng ing televisi: Jakarta kang ora tau mentas saka prakara banjir, kutha-kutha gedhe kang ora tau leren, ora tau turu, kang samubarange lumaku rikat. Tan wurunga, bab kang mengkono banjur dadi salah sijine sumber panganggep, pikiran, lan tumindak kang kurang utawa malah ora adil: ndesa iku bodho, ora kekinian, katrok, mlarat, prengus, lansapiturute.

Sangsaya ndrawasi yen panganggep lan laku ora adil iku mbrentek nganti nyumrambahi para paraga kang nyekel utawa melu nyekel bang-bang pangalum-aluming praja: kang wenang gawe kebijakan/program, kang melu gawe aturan, undhang-undhang. Kamangka, mbokmanawa kang kaya mengkono iku wus kelakon wiwit dhek biyen embuh kapan presise, kang sangsaya mrene sangsaya nemen. (bacute ing: nggalek.co)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

sami kalih email nggih Pak! Kajenge banter ngagge adhah kandha sip..hh

05 Aug
Balas

Nggih

06 Aug



search

New Post