Corona

Corona Kristin hariwurdani Guru Sejarah di SMA N 2 Magelang S1 di UNY. S2 di UPY Pendiri PAUD Cerdas Ceria Ketua Yayasan Cerdas Ceria Indonesia Pe...

Selengkapnya
Navigasi Web
Numpak sepur nyang suroboyo
Bintek buku kurtilas

Numpak sepur nyang suroboyo

Dino iki pas imlek jumat 16 februari 2018 budal menyang suroboyo numpak sepur bima sing regane rongatus sangangpuluh ewu. Sakdurunge mangkat jebul aku kepancal tiket le sakdurunge tak tuku amergo ora ngewasne tanggal karo jam sing kudune aku mangkat. Mbasan arep nyetak t iket mesti muni kadaluarsa, banjur saking binggunge aku tekon sing jogo lawang station. Jebul jam 00.52 kui uwesmau bengi alias aku ketinggalan sepur. Banjuraku tuku tiket menehsing regane kacek rongpuluhewu .tiket simg sakdurunge tak tuku ora kanggoalias duitku ilang rongatus pitingpuluh ewu sing wes tak tuku sak durunge. Pas arep tuku tiket maneh, KTP ku ra yak gowo lah yo mbalik mulih disik. Amergo syarat tuku online kudu nggowo KTP amergo butuh nomer induk kependudukan sing ono neng KTP.kemrunsung pancen ora oleh nek megawe opo wae. Akhire mesti ono wae sing kurang. Koyo to HP ketinggalan pas arep budal mau bengi

Tekan stasiun pas tengah bengi,geneo ng dalan isih rame mergo sesuk dino setu . rodo sak wetoro leh ku ngenteni sepur BiMA 44 arah menyang suroboyo mudun stasiun Gubeng. Sepur sing tak tumpaki sepi ora akeh penumpange padahal preinan dowo. Tekan sepur aku langsung mapan turu lan golek posisi sing kepenak.

Numpak eksekutif ki lungguhanne ombo bedo karo kelas bisnis sing tak tumpaki mengkomulih seko suroboyo. Regone kacek satus ewu mulo bedo fasilitase.

Stasiun saiq resik-resik tur sepi seko wong dodolan asongan dadi iso turu kepenak meski ming sedelo. Kurang luwih enem jam kawit mangkat tekan suroboyo gubeng. Saking isih kegasiken aku mlaku alon-alon metu seko stasiun gubeng sir e arep golek teh anget karo sarapan. Pas mlaku- mlaku nemu pasar gubeng kepikiran tuku oleh-oleh khas jawa timur. Banjur aku tuku petis amergo pas mlaku weruh rujak cingur sing sak elingku koyo lotek ning dinei petis. Kelingan jaman pacaran karo bapakne bocah- bocah senenge tuku panganan khas jawa timur kui. Anak wedok ku yo seneng tahu petis. Jebul petis kui werno-werno kari butuhe kanggo opo. Regone seko rolas ewu tekan sewidak ewu sekilone. Akhire kabeh tak tuku sak fungsine lan tekon carane masak kepiye. Aku tuku tahu malang sing regane siji rongewumangatus karo telungewu. Arep rerasan tahune enak ndi karo tahu sutra jakarta.

Kepikiran oleh- oleh wes tuku sakdurunge acara. aku tuku telung kilo petis sak wernane. Mugo- mugo sing dioleh-olehi kebeneran lan bungah nompo oleh-olehku sing tak gowo mlaku seko grand city tekan hotel grand surabaya sing kurang luwih setengah kilo. Tekan lokasi gembrobyos mengkis-mengkis.(tunggu terusane ngko yo rek)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post