Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Ana Hotel

Nalika aku krungu nek ana warga desaku sing tuku lemah rega 5 milyar. Aku gumuuuun pisan. Kaya ngapa jere duit 5 milyar. Jane sih wis wara wiri krungu ana proyek proyek gede sing biayane milyaran tapi aku ora gumun wong kuwe proyek. Eh barang tanggaku dewek, wong esih nom tur ayu pisan aku dadi gumun. Ibune dewekke kuwe gemiyen mbakyu kelasku nang SD, ibune be nembe umur 53 an ndean. Tapi ya aku seneng ana wong sing sugih kang desaku.

Ora ganti suwe bar lemahe diukur, krungu maning nek arep ana pengajian disambung karo wayangan, gedean, nggo sukuran karo ndongakna keslametan lemah sing nembe di tuku kuwe. Kuwe pancen patut lan wis kudune, soale lemah kuwe kelebu wingit. Lemah sing amba pisan (nek nang ukuranku) kuwe ana umah tua sing modele kaya pendopo gede. Nek ngendikane ibuku kuwe gemiyen kagungane Lurah Rahmat. Lurah jaman Landa sing perbawa pisan. Manut ngendikane ibuku, nalika ibuku esih cilik, simbahku cokan ngajek ibuku sowan nganah. Jere piyayine gede duwur tur gendut, medeni. Nek ngendika suarane seru. Nanging sayange nalika Indonesia wis merdeka tur Landa teka maning, Lurah Rahmat kuwe mbelani Landa. Dadi nang pejoang Repiblik Lurah Rahmat ditangkep. Saking jengkele para pejoang kuwe, Lurahe digotong, sapa sapa sing ngliwati oleh ngiris, hiiiii. Umah kuwe wis sue ora nana sing manggoni, mbuh kapan terakhir dienggoni aku ora ngerti, aku bocah gemiyen wis kosong. Putra wayahe Lurah Rahmat jere pada nang Jakarta apa nang ndi mbuh. Mulane perlu dislameti!

Malem Ahad dianakna wayangan kuwe. Mba Rosi sing kagungan gawe kuwe ngendika karo warga sing pada teka, nek nyuwun pangestu nag lemah sing nembe dituku kuwe arep dibangun hotel tingkat telu. Wouuw, aku lewih gumun maning, duwite akeh temen yaa. Wong jere sedurungu mbayar lemah kuwe ya nembe bar mundut mobil Pajero, sing nganti siki nomere esih putih abang pertanda urung metu STNKne. Tapi gumunku kecampur mongkog dene nang kecamatanku arep ana hotel. Kiye hotel sing disit dewek nang kecamatanku. Dadi mengko nek Bandarane dibuka, wis disediakna hotel go wong wong sing butuh penginepan sing maen sedurunge utawa sa wise numpak montormabur. Kang hotel maring Bandara kuwe pedek, ora adoh mung 1 km an. Pas mbok ?

Sing jelas anane hotel kuwe melu ngubah desaku. Pancen barang dibangun jembatan sing nggandengna Purbalingga Banyumas lan arep dibangun Bandara Jendral Sudirman, kahanan wis ganti (berubah si Basa Jawane apa yaa ?), dalane rame, wis ana sing mbangun restauran, ana sing arep gawe pom bensin, mulane rega lemah wis larang pisan. Apa maning jere rel mati sing ngliwati desaku kuwe ya arep diuripna maning nggo sepur jurusan Purwokerto Wonosobo. Ngko tahun 2021 wis bisa mulai ana sepur maning, liwat kulon umahku, stasiune ya gur 250 m kang umahku. Aku arep mbangun apa yaa ?

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Murah meriah, berkah, nambaih bungah, kayane mbangun silurahmi mawon. Ora polusi, ora ngganggu tangga, tur higienis lan awet.

09 Dec
Balas

singmurah meriah apane Pak ?

09 Dec

Mbangun masjid Bu ...

10 Dec
Balas

sudah ada di depan rumah bu

15 Dec

Sae Buu...

10 Dec
Balas

maturnuwun

15 Dec

Sae sanget Ibu....

10 Dec
Balas

Maturnuwun

15 Dec

Wah Bu Dartinii ,,,olih berkah bener bener dadi wong asli kota ,,,pokoke pepek njipek ana lingga mas ,,sepur ,lapangan motor mabur tambah tambah hetel ,,,tugase Bu Dartinii tambah abot yakuwe mbangun karakter bocah nom noman

10 Dec
Balas

Betul bu yg sy khawatir kan itu, karakter!

10 Dec

Masjid sdh di depan rumahnya buuu,belio sdh mbangun

11 Dec
Balas

Y moga2 bae pd di wei umur sing dawa seduluur ... dadi bisa nyawang hotele dadi, dalan sepure rame maning, bisa numpak motor mabur perek ora adoh, mangan nang lestoran. Angger sing wis biasa meng restoran y restoran aja di pangan ... He he ... lan liya2ne

11 Dec
Balas

iya cuuu, aamiin

15 Dec

desane dados kota nggih bu, tambah hotel lestoran barangan....prospek sae. tinak pundi2 kantun milih, motor mabur apa sepur....eee sinten ngertos dangu2 jembatan lingga mas ngge jalur transportasi ugi.....

09 Dec
Balas

Nggih niku bu, dadosmboten ndesa malih

09 Dec

desane dados kota nggih bu, tambah hotel lestoran barangan....prospek sae. tinak pundi2 kantun milih, motor mabur apa sepur....eee sinten ngertos dangu2 jembatan lingga mas ngge jalur transportasi ugi.....

09 Dec
Balas



search

New Post