Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

ANGON DINA

Angon dina kuwe tegese ngulur ngulur wektu ben dinane entong. Maksude ya ngentong ntongna wektu ora kanti makarya utawa nyambut gawe sing manfaat. Dadi gur kleturan utawa jagongan karo ngobrol ngalor ngidul nganti sore, utawa nganti waktu sing ditentokna ntong. Sing sekolah ya asal mangkat, mangsane mlebu ya mlebu, mangsane bali ya bali. Semana uga sing mulang, sing nang kantor, sing nang ngumah lan liya liyane.

Aku jane kesuh pisan angger methuk bocah bali sekolah. Jere bubare jam 12.30, dipetuk jam semono urung bubar, nganti jam 12.45 an. Urusan kaceke wektu si ora patia masalah. Tapi barang bocahe bali ditakoni miki diwulang apa, malah jere bu guru ora rawuh. Kelase kadang kadang ditiliki tok nang guru liya utawa Pak Kepala sekolah. Bocahe diwei tugas sing ora akeh. Dadine pada dolanan tok. Eeeh mangsane bali ya ora dibubar bubarna. Kan wektune mubah, gur angon dina tok.

Lewih nyebeli maning angger bu guru ana, tapi pada nang kantor bae. Maring kelase sedela, lewih akeh rubungane. Ngko angger bocah wis madan suwe gole ditinggal, rekane ditiliki. Pegaweane bocah dicocogna terus dibubarna. Angger ana guru kaya kuwe, jenenge ya angon dina tok. Wong kudune angger udu jam ngaso ya berarti nang kelas, mulang. Kuweangger guru kelas. Sing jenenge mulang ya ora mesti ngomong terus, pancen kadang kadang njelasna karo ngomong, aweh conto bisa karo ngong bisa karo tumindak sing trep karo sing dikarepna. Lha angger bocahe lagi nggarap soal olih ditinggal apa ora ? Kudune ya ora. Kan pirang pirang solah bawane bocah sing kudu diamati. Contone nggarap dewek apa ora ? Utawa kangelan apa ora ? Utawa mbok arep takon ? Utawa nggarap temenan apa ora ? Aja aja gur pada playon reang. Lewih mbebayani nek ana sing gelut, utawa ngrusak barang barang sing nang kelas. Angger gurune nunggoni kan ora nana kedadean sing ora dikepengini. Bocah bingung ya keurus, bocah sing butuh bangtuan ya kebantu, bocah pinter ya bisa diterusna mulange. Inyong wis ngomong, guru sering ora nang kelas kuwe pada karo mbodolna barang barang. Pada uga karo ngejorna akehe tumindak sing ala, malah ngrewangi nggedekna ! Mulane aja angon dina, gur ngentongna wektu nganti jam dinese ntong.

Ana maning sing ora sambung antarane program karo gole nglakoni. Wis gawe rencana tahunan, gawe rencana semester, rencana pembelajaran akeh pisan. Wis dibendel nganggo jilidan sing apik ben rapi. Pas dipriksa ya wis ana kabeh. Bar kuwe disimpen nang lemari kanti tatanan sing rapi uga. Terus mulang ora mbukak rencana. Ngerti ngerti disupervisi nang kepalane utawa pengawase, perangkatee diaturna lan mulange ditunggoni. Eeeh lha kok ora gatuk blas. Nang rencana kegiatane apa, sing dilakoni apa kuwe ora memper mempera. Ora kuwe tok, nang rencana wektu mulange gur se pertemuan, ngerti ngerti tanpa alangan apa apa, jere arep diterusna nang minggu ngarep. Berarti lewih kang sepertemuan. Eee ana maning, wong wektu tekan tes kurang 6 minggu, jebule nang mburine RPP sing dilakoni mau, esih ana RPP nggo 10 minggu. Lewih nemen maning, ana KD KD sing ora dilakoni. Donge wingi wingi lha kok mluncat. Minggu wingi kade 3.2 siki 4.2, magene esih ana KD 3.3, 3.4, 4.1. Sing KD sing telu kuwe mulange kapan ? Ooo jebule Bu Guru kuwe ora tahu mbukak rencana. Dewekke ya mulang, ananging asal mulang, sing penting wektune mulang ya mulang (arep cokan pamit uga, mlebune ya ora pas wektune), angon wektu nganti mangsane jame mulang ntong ya metu. Kuwe ya pada bae angon dina.

Bocah aja diajari angon dina. Gur ndina ndina weruh wong tuwa nang tapis iringe angon dina, lan dijorna bae angger pada angon dina. Bocah kan umure esih nom, kuwe lagi aktif aktife. Angger dijorna ngko dadi nglakoni barang sing ala. Meh kabeh kedadean sing ora paik nang umah utawa nang sekolahan ya merga bocah dijorna angon dina. Miki inyong wis ngomong, kelas kosong kuwe ora gur ndadekna bocah ora pinter merga ora tambah ngelmu, tapi uga barang barang rusak, bocah gelut, utawa bocah pada pacaran lan liya liyane. Nang Ngumah ditinggal ora diwei pegawean sing kudu dilakoni, ya pada bae kon angon dina, nonton tivi nganti jam jaman. Ya kuwe sing marahi bodol. Bodol sing sepisanan pada tiru tingkahe sing ditonton, bodol ping pindone uteke ora tambah cerdas, nonton tok kan pasif, ya dadi ora biasa aktif. Bodol ping telune, dadi ora sehat, awak ora kogah, mripat cepet rusak. Bodol ping seteruse bocah dadi cuek ora peduli maring kedadean sing nang tapisiringe. Aja maning kedadean. Wong diceluk be ora semaur semaur. Angger kebanjur kaya kuwe, diwulang nang sekolahan ya angel. Nah kan sing repot sapa ?

Moga moga ora nana nang antarane inyong pada sing maca tulisan kiye sing seneng angon dina. Kuwe ora amanah. Mbok mengko kasile dadi ora berkah. Wong utama utamane wong urip kan sing paling manfaat tumrap wong liya. Angger bisa manfaat tumrap wong liya, nek ora ya paling ora manfaat nggo awake dewek. Ben manfaat ya ayuh makarya sing sengkud. Aja angon dina.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kathah ingkang kados dipun dandosi nggih bu?

20 Oct
Balas

Nggih mangga sareng sareng

20 Oct

Diken angon lare malah angon dina nggih Buu...jiand

20 Oct
Balas

Mboten pas nggih bu

20 Oct

Mboten pas nggih bu

20 Oct

Mboten pas nggih bu

20 Oct

Sae sanget Ibu, kepareng share jiih...mugi2 ndadosaken sadar aamiin.

20 Oct
Balas

Monggo bu

20 Oct

Wahhh.... Isinya luar biasa Bu.... Sangat mendalam....

20 Oct
Balas

Seberapa dalam bu?

20 Oct

Njih bu leres pisan, matur nuwun.

20 Oct
Balas

Maturnuwun bu

20 Oct

Mantep sanget. Seratanipun sae. Maturnuwun sanget sampun dielingaken bu..... Guru TK malah mboten saget mingser acan koh bu...hehe

20 Oct
Balas

Pancen jane nggih mpun mboten mlinger mlinger

20 Oct

Guru kedah betah wonten kelas, menawi asring ditilar kelasipun, lare dados liar namung gojek, tabuhan meja, sapu sami rusak ,tugel....maturnuwun bu saged kagem kaca benggala kula lan sedherek dwija. ampun ngantos angon dinten.

20 Oct
Balas



search

New Post