Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Bocah karo Nini Nini

Aku urip karo ibuku sing umure 85 lan anakku sing umure 8 tahun. Ibuku ya mesti wis nini nini, anakku mesti esih bocah banget. Kanggoku sing angel kuwe gawe wong loro kuwe akur lan kompak. Soale arang pisan kedadean akure, sing akeh malah congkrahe. Se polah polahe. Kang tumindake, kang omongane, kang rasanane. Lah pokokke karepe sejen bae.

Kawit anakku esih cilik angger anakku nangis mbuh kenang apa sebabe, kadang kadang wong bocah ya nangise madan kebanjur dadi suwe. Angger kaya kuwe mengko ibuku marani, karo takon utawa ngomongi. Angger takon diwangsuli wis ora patia midanget, mengko takon maning takon maning. Apa maning angger anakku sing mangsuli karo nangis ya dadi ora genah ngomong apa. Angger ditakoni bola bali ngkoanakku tambah jengkel lan tambah seru nangise. Angger simbahe ngomongi ya kaya kuwe. Dadi reang pisan. Tapi angger ibuku sing tekcegah dadi sejen maning. Aku tahu nyegah, “wis bu ora usah melu ngendikan dadi tambah rubes”. Jebule omonganku kuwe salah mungguhe ibuku. Ngendikane malah kaya kiye :”Melu ngomong be ora olih, ujarku wong nyong wong tuwa ana bocah nangis kon ora merek acan ya ora patut, ngko ndarani wong tuwa apa. Enggane nyong apa apa wis ora kanggo, wis ngonoh ngonoh diurusi dewek...!! kaya kuwe dawa pisan karo duka. Kadang kadang malah nganggo nelangsa, jere “nyong wong tuwa wis ora kanggo”. Angger ora malah ndukani aku: “Wong tuwa lagi ngomong kuwe dirungokna aja disela, saru !!” Laah malah aku sing salah. Bocahe ya kaya kuwe, malah mbengok mbengok, aku emoh nek mbahe maring ngeneh !”. Aku kon kepriwe jajal.

Beda maning angger ibuku karo anakku bareng nonton tivi. Wong wis ora midanget ya ibuku ngko priksa gambar tivi karo ngendika gawe critaa dewek sing ora pas karo crita sing nang tivi. Magene angger wong tuwa ngendikan toli nganggo bola bali. Angger dibener benerna utawa ditidokna crita sing bener ora midanget ya kudu seru pisan karo bola bali. Anakku kesuh banjur lapor : “Ibu lah mbahe ngomong terus, aku dadi ora bisa nonton !”. angger tambah kesuh anakku malah nglarang mbahe mriksani tivi. “Bu Lah mbahe aja oleh nonton tivi” kaya kuwe ngomonge. Lah dalah maring wong tuwa aku ya ora mungkin nglarang, sembrana mbok ! Angger wis kaya kuwe tivi sing dongane nggo hiburan malah nggo padudon.

Tapi angger anakku lagi nonton tivi dewek, ora nana sing ngganggu ora lingak linguk. Angger wis kaya kuwe diceluk celuk ora krungu. Ya angger aku sing nyeluk tek serukna utawa tivine tek pateni. Tapi angger mbahe sing nyeluk, ya nganti duka. Kadang kadang wis semaur tapi mbahe ora midanget. Dadi ngendikane mbahe :’kuwe bocah diceluk- celuk ko meneng bae. Kae anakke diajari mbok angger diceluk semaur ’delem’ kaya kuwe li maen”. Semana uga angger mbahe takon, ya takon apa paa. Kadang takon “wis papung apa urung?” kadang takon ”tespada kang ngendi?”. Utawa takon “wis maem apa urung ?”. Jane anakku ya seringe wis wangsulan, tapi ibuku ora midanget. Ngko ndarani ora semaur. Sing semaur ya semana uga, wegah mbaleni utawa salah suwe wegah semaur. Alasane :”lah warang wurunge ora krungu” kayaa kuwe jere. Kan dadine ora bener. Sing bisa teklakoni ya gur ngomongi bocah:”bocah pinter, nek ditakoni mesti semaur, ora pareng ora semaur, sapa sapaa sing takon. Apa maning sing takon mbahe. Mbahe kan wis sepuh, apa apane wis kurang. Dadi perlu sering-sering dibantu. Ngko nek awake dewek tua ya arep kaya kuwe. Lewihapik maning anggerko sering-sering ngancani, mbok butuh direwangi. Dadi mbahe ora perlu celuk celuk nganti duka, bekti maring tuwa kan wajib, bocah sing sholekhah ...”

Urusan ngaji ya kaya kuwe. Ibuku sing gole mriksani lan gole midanget wis ora genah njaluk dituntun ngapalna salah sijine surat nang Al Qur’an. Aku maca disit se ayat utawa setembung, ngko ibuku nirokna. Molahane kaya kuwe, salah suwe saya akeh. Ibuku termasuk pinter bisa mipil ngapalna. Jere saking kepengine ngaji. Lagi esih genah tah seneng maca nderes. Tapi wong siki wis ora bisa maca, ya ngajine ngapalna. Nang mesjid ya kaya kuwe, njaluk tulung maring sing bisa nuntun. Arepa kaya kuwe, ana nini nini 2 nang mesjid sing ora teyeng kaya ibuku. Sing dadi masalah angger wacan sing madan angel, ibuku ngucape salah. Kan tek baleni. Urung bener baleni maning. Saya suwe saya seru aku gole ngomong, ngaanti ngorong ngorong. Angger kaya kuwe ngko anakku marani karo kesuh kayane keganggu ndean, karo takon:”ana apa si bu, seru temen ?”. “Genah angger ora seru ya mbahe ora midanget caah cah !

Tapi ana kedadian lucu sing nyong ora bisa nyalahna. Critane wong wong lagi jamaah sholat nang mesjid. Anakku nang sebelahe mbahe. Shot wis mlaku rong rakaat. Bar tahyat awal, imam ngadeg maning karo ngabani “Allohu Akbar”, wong sing pada makmum ya menyat melu ngadeg. Tapi ibuku arep menyat kangelan, eeh anakku nang sebelahe madep maring mbahe, nyekel lengen tangane mbahe karo ngenyatna. Ora ngomong apa apa. Terus nerusna sholate. Lha angger kaya kuwe cara ustadz sing gemiyen ngajari aku ya anakku batal sholate ya, wong obah sing ora termasuk rukune sholat. Tapi genah aku sing ngajari kon melas maring wong tuwa, kon seneng ngrewangi wong sing mbutuhna, apa maning mbahe sing butuh.

Dadi siki aku gur ngupaya ben aku tetep teyeng bekti maring wong tuwa. Tugasku siki kayane gari njaga jasmani lan rohanine ibuku. Ben ke urus kabeh lan ora lara ngati. Karo ngajari anakku bekti maring wong tuwa. Aku kudu bisa nang tengah tengah. Ngurusi lan ndidik anakku tapi ya nyenengna ibukku. Kadang nek tuku apa-apa wis tek pisah, sing ngggo anakku karo sing nggo ibukku. Tapi nek anakku doyan, singgo mbahe dijaluk maning. Ujarku aja diweken, ee wong tuwa pikirane sejen, malah sing wis dipisah ditokna terus diweken putune. Jere “pora koh wong doyan, nyong wis mangan wit gemiyen ikih” kaya kuwe ngendikane ibuku. Lah bodoa, sing penting bombong kabeh.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Waaah ladang pahalaa itu buu,,,,

14 Jan
Balas

aamiin

14 Jan

Ngewulani tiyang sepuh pun mandan kurang pengrungon nggih kedah sabar sanget, nggih Bu?

13 Jan
Balas

Inggih Pak, keleres sareng lare, dados rame

13 Jan

Dilema nggih bu. Tapi dobel pahala, he..

14 Jan
Balas

Aamiin

14 Jan

Mantep. Bisa nggo pengeling-eling.

13 Jan
Balas

Maturnuwun

13 Jan

He he...bocah dan bekas bocah y Buu...smg sabar sll

13 Jan
Balas

Aamiin, maturnuwun

14 Jan

Subhanallah...sungguh hebat Ibu...luar biasa bisa melayani semuanya meski butuh kesabaran dan ketulusan yg luar biasa...

13 Jan
Balas

Semoga sy bisa

14 Jan

Memang, bila ada orang tua bersama kita, harus ada keseimbangan antara "ngrumat" orang tua dengan mendidik anak. Menjaga perasaan mereka yang seringkali butuh trik khusus. Ceritanya seru.... Bagus Bu....

13 Jan
Balas

Lah kuwe kadang trike ora mesti pas

14 Jan

Alkhamdulillah olih pengalaman ,,,kena kanggo modal lan siap siap ngurusi kesepuhan ,maturnuwun

16 Jan
Balas

iya bu

16 Jan

SubkhanAllah.. kesabarane nyong pada sing esih diparingi kontrol sempurna kudu bener" disukuri. Nyatane bocah lagi ajar lan berkembang ketemu wong tuwa sing wis molaih suda sekabehane. Kontrole iya dewek pd sing esih keparingan sehat. Muga" mbesok dewek ora gawe repot, apa maning gedene congkrah karo anak lan putune.

14 Jan
Balas

Shiip bu Pengawas pinter ngewulani putra, nggih Ibu. Semoga pahala melimpah. Aamiin

13 Jan
Balas

Curhat ya bu? telakha kaya kuwe koh. sing enom kudu sabar. iloken angger dewek tua kaya kuwe ora ya?. kuwe putrane nangise mbengok mbengok apa ngorong ngorong. mlh angger nangis karo ngomong dadi mbeker mbeker.hee..hee...

13 Jan
Balas

Curhat si ora, crita bae. Kena go rame-rame lah bu

14 Jan

Curhat ya bu? telakha kaya kuwe koh. sing enom kudu sabar. iloken angger dewek tua kaya kuwe ora ya?. kuwe putrane nangise mbengok mbengok apa ngorong ngorong. mlh angger nangis karo ngomong dadi mbeker mbeker.hee..hee...

13 Jan
Balas

Curhat ya bu? telakha kaya kuwe koh. sing enom kudu sabar. iloken angger dewek tua kaya kuwe ora ya?. kuwe putrane nangise mbengok mbengok apa ngorong ngorong. mlh angger nangis karo ngomong dadi mbeker mbeker.hee..hee...

13 Jan
Balas

Curhat ya bu? telakha kaya kuwe koh. sing enom kudu sabar. iloken angger dewek tua kaya kuwe ora ya?. kuwe putrane nangise mbengok mbengok apa ngorong ngorong. mlh angger nangis karo ngomong dadi mbeker mbeker.hee..hee...

13 Jan
Balas

ujarku uwar uwer ddi tek bola bali ngirim mlh jebul mlebu kabeh.

13 Jan
Balas



search

New Post