Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Duit Mambrah Mambrah

Kabeh sing urip mesti tahu lair. Nyong ya kaya kuwe duwe dina lair. Kanca kancaku kabeh ya kaya kuwe. Unggal tahun dina lair kuwe mesti tanggal lan wulane teka maning. Aja keliru gur tanggal lan wulanesing teka mening udu tahune. Tapi wong wis salah kaprah, dtanggal karo wulan sing teka maning kuwe pada ndarani ulang tahun. Angger dinane tah teka maning unggal minggu. Sing laire Senen ya unggal minggu mbok ana dina Senen. Angger dina laro pasarane bakal teka maning unggal 35 dina sepisan utawa selapanan. Dadi sing laire Slasa Kliwn ya ana Slasa Kliwon maning 35 dina maning. Lha angger arep ngarah dina, pasaran, tanggal lan wulane bareng teka maning ya nunggu sewindu. Unggal ulang tahun wong wong kuwe pada gawe acara nggo mengeti. Acarane ya sejen sejen. Ana sing pesta mewah pirang-pirang panganane lan wong akeh sing teka. Ana sing gur nraktir kanca-kanca sekantor, ana sing gur dzikir syukur maring Gusti Alloh dene esih diparingi urip nganti siki. Ana sing kelalen ora tahu ngemut emut dina ulang tahune.

Beda karo ulang tahune Kabupaten Purbalingga. Acarane werna werna pisan, wektune sewulan muput. Kang tanggal siji kabeh kantor perintah kudu masang bendera lan umbul umbul uga layur sing kelire abang lan putih. Desa ya kaya kwe mulane Pak RT ku ya wis masang layur rontek sedawane dalan sing ana nang wiayah RT ku. Ning wong RT li duite ora akeh ya duwene layur rontek udu sing wutuh bujure dawa pisan, kan regane larang. Tanggal 6 molaih ana lomba karawitan pirang pirang dina, soale kelompokke dewek dewek. Sedina go kelompok antar OPD, sedina go kelompok antar kecamatan, sedina go kelompok antar sekolah lan ana kelompok liya liyane sing nyong ora apal. Nggo melu lomba karawitan, kelompok kantorku latihan pirang pirang wulan. Malah Pak Tama salah sining staf bidang kebudayaan sing pinter karawitan dadi laris banget, Dewekke dadi sibuk banget diundang kantor-kantor sing kepengin dilatih karawitan, nganti pada antri. Bar kuwe ana Purbalingga Expo kang tanggal 14 tekan 17, ramene pol. Terus tanggal 16 ana Purbalingga Vaganza sing isine kaya peragaan busana nang karpet sing digelar nang dalan sebelah lor alun-alun. Busasanane ya aneh aneh pisan, ana sing kaya lawa ireng amba pisan, ana sing kaya kupu gede gede, ana sing pating kruwel amba tur duwur. Kabeh nganggo rangka sing gede, dadi kayane ya abot, angger suwe ya pegel ndean. Ana maning Pahargyan agung pas nang tanggal lire Kabupaten Purbalingga ya kuwe tanggal 18 Desember diterusna kirab metu kang pendopo muteri alun alun terus tekan kantor DPRD. Esih ana maning acara ya kuwe pawe Budaya tanggal 30 lan pesta kembang api tanggal 31 Desember karo nyambut tahun anyar 2018.

Nyong karo Bapakke bocah ya ganu melu teka nag acara Pahargyan Agung kuwe. Nembe lagi tekan alun-alun Bapakke nggolet nggon parkir madan angel, nang latar museum wis madan kebek, nang latar pemadam kebakaran ya kayane wis akeh, akhire olih nang pinggir dalan sisih wetan alun-alun. Tapi mataku ora patia melu nggolet nggon parkir kuwe, aku malah ndeengna alun-alun sing esuk kuwe keton beda pisan, separone puteran pinggir alun alun kebek roncean kembang sing gede gede pisan, tengahe tulisan Selamat Hari Jadi Kab. Purbalingga. Kabeh kayakuwe, sing beda gur pengirime. Dalan ngarep pendopo ya kaya kuwe malah kiwe tengen tur gede gede pisan, ana sing PT PT sing ana nang Purbalingga, ana BUMD, ana kang Gubernur, ana kang Menteri Dalam Negeri nek ora salah. Pokoke apik apik pisan, swasanane dadi sumringah. Nyong mikir liyane, “kuwe duit ya pak pada digletak gletakna”, nyong ngomong karo Bapakke. “iya kuwe, kuwe sing kang UPT regane 400 ewu, jere sing paling murah!” kayakuwe wangsulane Bapakke. “Padahal ngesuk wis ora kanggo ya Pak” omongku. Aku dadi kemutan dompetku sing wis tipis. Barang nang njero aku karo sebelahku ya pada ngetung bareng-bareng, sing kang UPT ana 18 ditambah kang kepala SMP 13, kuwe sing genah rega 400 an. Sing MKKS jere 1 juta. Sing gede-gede tur apik kuwe ya paling ora se jutaan. Jumlahe ana puluhan kayane ya merek 40 an. Kuwe duwit kabeh ya, pada digletakna mambrah mambrah. “Alah kuwe toli pikirane rika sing lagi ora duwe duit “ malah aku diwadani kaya kuwe nang kancaku. Iya ndean. Tapi umpamane tiru undangan kondangan sing nganggo pengumuman “ora nampa sumbangan kembang utawa kado” kayane lewih manfaat yaa. Umpamane diganti “Karangan bunga diganti duit lan dikumpulna go nyumbang panti asuhan” utawa go pesta panganan gratis ! Umpamane ikih !

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bunda,mhn maaf alangkah indahnya jika bahasa daerah itu bumbu saja,katena web ini Nasional dibaca seluruh Nusantara,maaf agar lbh manfaat

30 Dec
Balas

Di kesempatan yang lain Bapak, saya hanya mengikuti himbauan Mas Eko agar setiap Sabtu tulisan yang diunggah menggunakan bahasa daerah masing-masing. Terimakasih masukannya

30 Dec

Anjuran malah bukan himbauan!

30 Dec

Sing mambrah-mambrah sing jelas dudu duwitku. Tulusane mantep tur gamblang.

30 Dec
Balas

Udu duitku uga, tapi nyong barng ngetung ana 40an juta ko eman eman gwe kang !

31 Dec

Maturnuwun ibu ibu ingkang sampun pinarak saha maringi dawuh pangandikan ingkang sae. Ananging niku kan namung upami

30 Dec
Balas

Duite sinten niku nggih Buu??

30 Dec
Balas

Leres sanget Ibu, kito sedaya asring kepencut endahing gebyar ndoya saenggo supe ngagem arto.

30 Dec
Balas

Pancen nyata.... Janen angger dhuwit kuwe desumbangna meng bocah2 yatim piatu utawa bocah2 sing tunggakan biaya SOP-ne tesih sehohahhh tolih malah manpangati yaaa.... Tulisan sing maen pisan Bu....

30 Dec
Balas

Atiku pada Karo Bu Dartini ,weruh ana karangan kembang mlarah mlarah Nang sepinggirin alun bek sesek lan sajroning plataran pendopo, tek rasa dewek Eman Eman temen ya duwit mlarah mlarah ,mbok iyao misale UPT y mewakili baen ,,salah siji OPD ,lan liya liyane ,,,lewihe duwit nggo mbantu panti asuhan ,ngundang bocah yatim ,wong wong sing ora duwe ,,,wah menurutku lewih berkah eeee kuwe pemikiran ku ,,,,,,punten

31 Dec
Balas

pada bu

31 Dec

leres niku, enggane kangge ingkang langkung manfangati nghih, pikantuk ganjaran ingkang sae....

30 Dec
Balas

gagasan ingkang jitu punika Bu.Setuju sanget

31 Dec
Balas

Namung upami buu

01 Jan

Cocok banget ibu pengawas, apa maning angger duwite dibagi-bagi bae nggo guru WB kaya inyong. Kuwe lewih pas lan dadi berkah nggo kabupaten Purbalingga. Ngapurane, kiye namung seumpamane.

31 Dec
Balas

Yaah umpamane

01 Jan



search

New Post