Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Gemregel

Jan angger kaya kiye inyong ora teyeng ngomong apa apa. Anane gur gemregel tok. Magene jere tugase pengawas kon mbina ben kahanane sekolah saya apik. Nek ana masalah ya jere kon mbimbing, nggolet dalan nggo ngrampungi masalah kuwe. Tapi angger sing diadepi kaya kiye, jan inyong kaya ora teyeng nglakoni tugas. Kupinge ngrungokna curhatan, atine gemregel, jane gulune ya gondok gondok, matane arep mrebes mili ning bisa tek tahan.

Wingi inyong maring salah sijine sekolah binaan sing statuse swasta, muride setitik. Inyong wis meh rong wulan ora nganah. Magene tugase donge kon unggal wulan maring nganah. Kejaba ana kegiatan liyane, inyong ya terus terang madan awang awangen. Kahanane jan mbebehi. Muride 58an, kuwe kang kelas 7 tekan 9. Ya murid setitik si ya ana kancane, malah ana sing lewih setitik maning. Udu kuwe sing mbebehi, nanging sing mangkat unggal dinane paling separo. Sing paling nemen ngko jam 10 an bocahe gari setitik, wektu ngaso pada metu, sebagian ora bali maning.

Nggo ngurusi murid sing kaya kuwe, inyong wis tahu aweh penemu. Jere gemiyen pada seneng kumpul nang pipir kantor merga ana wifi sing pada di enggo chattingan, wa nan, sms an, lan browesing liyane. Nang petugase kantor pasword wifi ne diganti, ben ora pada dienggo nang bocah. Lah nang penemuku jorna bae dibebasna wifine, tapi dipantau, kadar nang sekitar kantor tok ikih. Angger pada browesing sing ora nggenah nembe ditegur. Ana alasan liyane maning. Bocah angger ngaso pada ngelih, nang sekolahan ora nana bakul jajane. Wong murid setitik ya bakule bebeh ndean. Dadi bocah pada metu nggolet warung sing ana jajane. Miturut penemuku, siki kan akeh bakul jajan ideran, sekolah gari ngomongi salah siji ben pas wektu ngaso unggal dina kon nang sekolahan ana 15-30 menit bae. Nanging saranku ora dilakoni.

Barang gurune disupervisi, ya adoh kang standar. Ora nana RPP. Pas kuwe mulang TIK. Ngajari bocah babagan bagian bagiane komputer. Bocah dicritani tok. Terus kon ngapalna. Inyong nganti melas bocahe. Bocah sing melu pelajaran kuwe kan berarti bocah sregep lan temen. Buktine kancane pada bubar utawa ora mangkat dewekke tetep mangkat lan melu pelajaran. Tapi angger mulange kaya kuwe ya ora mengini blas. Lagi supervisi inyong nganti takon kepalane, apa nang sekolahan ana komputer ? Tulung disiapna. Kepalane manut nyiapna komputer. Rampung pelajaran guru lan bocahe tek jek maring ruang sing ana komputere. Terus gurune tek kon mbaleni nudok nudokna bagian bagiane komputer. Bocahe kon nyekel, ngiling iling, njajal nguripna, nggeser nggeser mouse lan liya liyane. Bocah sing urung tahu ngemek komputer kuwe dadi seneng. Bocahe mbalik maring kelas, gurune tek celuk. “Bu Guru, umpamane mau mulange kaya miki sing nganggo komputer langsung, ketone bocahe mudeng apa ora ?” kaya kuwe pitakonku. Wangsulane kaya kiye:”Nggih paham sanget”. “Lha kenang ngapa njenengan mau ora nganggo komputer ?” pitakonku. Gurune gur mesam mesem. “Nek mulang ben genah ya nggawa piranti paraga (alat peraga) sing dibutuhna. Nek nang sekolahan wis ana kuwe kudu dinggo. Nek nang sekolahan urung ana, guru kudu mikir piranti sing bisa nggo ngganti. Nek ora nana barange blas, nembe nganggo gambar. Lah kiye nang sekolahan ana nggletak, ora dienggo. Ya patut bocahe ora betah.

Angger wingi masalahe beda maning. Inyong teka, takon kabar. Jere lagi bingung. Guru guru sing sertifikasi dapodike urung valid. Jere wingi wingi ya bar ana kumpulan MKKS (Musawarah Kerja Kepala Sekolah) Swasta sing wis mbahas dapodik. Para kepala sekolah pada bingung ngenani Permendikbud no 15 tahun 2018 pasal 6 ayat 9 sing surasane guru kudu mulang nang sekolah induke paling setitik 12 jam. Nah nang sekolah sing tek tekani kuwe, ana priyayi 3 sing sertifikasi. Sing siji kepala sekolah tah lancar. Barang sing guru ana 2, loro lorone urung valid merga muange nang sekolah induk gur 6. Amarga pelaajaran PKn lan B. Jawa isine gur 2 jam ping telung kelas. Dadi ora nana pilihan maning sekolahe kudu bisa duwe murid sing cukup nggo 6 kelas. Lah kuwe ora gampang. Barang tek takokna apa sing arep dilakoni, gur pada tingak tinguk bingung. Siki sekelase be paling akeh 23, arep rongkelas unggal tingkat kepriwe. Nambah kelas siki ya ora gampang, merga kudu dibagi 32 disit gunggunge bocah. Wingi ana kasus sekolahan sing uwe murid 150 lan biasa ddibagi 6, dadi sekelase 25 bocah siki ora bisa. Nek gunggunge 150 ya kudu dadi 5, mergane dbagi 32 gur olih 4, .... . Jane guru kuwe wis pada nambah nang sekolah liya, tapi bali maning maring aturan mau, nang sekolah liya gur dietung paling akeh 6. Terus arep kepriwe maning. Inyong gemregel tok.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mboten teyeng bu. Pun operlod..

27 Oct
Balas

Nopone niku ?

27 Oct

Astagfirullah...ternyata masih ada sekolah yang kondisinya seperti ini....kasihan

27 Oct
Balas

Kan dunia isinya macam macam bu

27 Oct

Menawi ningali kahanan kados mekateen ... Ingkang dipun wucal gurune nopo muride niku mbaaah ... Jann anu kabean melasi ... PR kagem guru nggiih ....

27 Oct
Balas

Genah pengawase dadi ora teyeng ngomong apa apa

27 Oct

Nderek gemregel bu

27 Oct
Balas

Maturnuwun, dikancani gemregel

27 Oct

Tumut ngregel bu.

27 Oct
Balas

Waduh kulo rumaos gemregel ugi Bu..pripun ndadosi kahanan ingkang kados mekaten...Maturnuwun sanget..

27 Oct
Balas

Nggih bu, sistem sapuniko makaten

27 Oct

Nderek prihatin, bu. Kawontenan kados makaten. Hak lare diwucal ngagem alat peraga. Kewajiban rencang guru mucal ngagem alat peraga. Mtrnwun, bu.

27 Oct
Balas

Inggih bu, monggooo

27 Oct



search

New Post