Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Milih Dewek

Wong urip kuwe wis disediakna pirang pirang pilihan. Gusti Alloh kuwe eman banget, wis kon pada milih arep nganggo dalan sing ndi, arep takwa apa kufur, arep sregep apa males. Arep urip sing kepenak apa rekasa. Arep sing kasile akeh apa setitik. Arep urip dadi wong sing kormatan utawa dadi wong sepele. Apa apa milih dewek.

Inyong guru IPS, mulang kelas 8. Jaman semono urung ana kurikulum 2013, esih kurikulum 2006 utawa KTSP. Materi wulangan IPS kuwe kelebu akeh. Dadi angger gole mulang dijlentrehna siji siji sejroning kelas kuwe ora rampung. Apa maning angger kepengin madan dikembangna, wektune bisa entong materi urung rampung. Kanti kahanan sing kaya kuwe, angger aku mulang mesti pol polane aku aweh pegawean umah sing isine pitakon pitakon bab wulangan sing bakal disinaoni bareng nang minggu ngarep utawa nang piwulangan sing arep teka. Dadi udu wulangan sing wis disinaoni. Kanti cara kaya kuwe inyong bisa mulang madan banter ben materine rampung. Angger molaih mulang aku nagih tugas kuwe. Unggal mulang ana bae bocah sing urung nggarap. Nek wis nggarap salahya ora apa, malah nggo bahan inyong mulang.

Sing urung nggarap pegawean umah kuwe nek nembe sepisan oleih tetp melu wulangan karo nggarap utawa ngrampungna, Angger ping pindhone tek kon metu kang kelas nggarap nang njaba nganti rampung nembe olih mlebu kembu kancane sing agi pada diwulang. Tapi angger kaya kuwe inyong kudu bolak balik nglongok maring njaba ben bocahe ora lunga lunga. Soale tahu inyong ngakon metu malah bocahe pada mlaku mlaku nglongoki kelas liyane lan ngganggu, utawa malah pada maring mburi sekolahan thongkrongan ora bali bali maring kelas. Dadine nek inyong ngakon metunggarap pegawean sing urung digarap kudu nang ngarep kelase dhewek. Nek ping telune ora tek kon nggarap tapi kon nyapu ngarep kelas, esih ora nggarap maning tek kon pegawean sing lewih abot. Tapi sedurunge inyong wis gawe perjanjian karo bocah sekelas yen arep nglakoni sing kaya kuwe. Dadi angger inyong ora nglakoni malah diprotes nang bocah bocah sing rajin sing mesti wis nggarap. Ben bocah pada paham kenang apa inyong kaya kuwe, tek terangna disit. Nek ora nggarap tugase nembe sepisan inyong nganggepe anu kelalen temenan dadi tetep kon ngrampungi nang kelas bae, soale bocah kuwe mesti ora niat nglanggar utawa anu bebeh. Nek ping pindhone kiye bocah ngawur wong wis tahu nglanggar ko dibaleni, la kiye perlu diukum kon nggarap tapi ben ora ngganggu kancane utawa piwulangan nang kelas dadi kon nang njaba. Neng ping telune, papate lan sapiturute kiye bocah ora niat diwulang, ora niat mikir dadi ben esih migunani tek kon latihamn nyambut gawe sing ora mikir nemen.

Nang penganggeku bocah bocah sing siki pegaweane kudu mikir nemen. Mesti wiwit bocah wis gelem dibiasakna mikir. Pegawean kaya kuwe umpamane dokter sing kudu mriksa wong lara terus mikir kuwe lara apa, nek ketemu penyakite terus mikir maning obat sing pas apa, nek wis diobati tapi urung mari, doktere mikir maning kiye ssng keliru apane, apa gole mriksa lan ndelng penyakit apa obate sing salah. Dadi mikir terus. Kang jaman sekolah para calon dokter mesti wis seneng mikir. Semana uga arsitek sing kudu mikir gawe model bangunan sing apik, kuat tur disenengei wong. Wis nemu modele mikir maning, kiye arep disusun sing trep sing kepriwe, esih ngukur sing pas, esih gawe gawe variasi sing merekna moncer sing kaya apa. Dadi ya mikire akeh nemen. Uga guru sing kon gawe bocah bocah nduweni ilmu sing migunani, ngeesuk mulang apa wis kudu dipikir siki, carane mulang kepriwe kudu dipikir uga, bahane apa, alat alate apa, ben bocahe mudeng kepriwe carane mulang, gli nilai arep kepriwe. Nek nileine bocah bocah ora apik, guru mikir maning apa sing nyebabna pada urung mudeng. Wulangan sing ndi sing urung dimudengi.Arepdiwulang maning, guru mikir cara sing beda karo carane mulang wingi. Lha mbok mikir terus. Dadi bocah wis kudu dibiasakna mikir. Lha nek pancen ora gelem dijek mikir, kayane kepengine dibiasakna nyambut gawe sing ora patia mikir kaya dene tukang sapu, tukang mbuang sampah. Dadi ya kon latihan nyapu sing pas karo piahane dewek. Bocah bocah tek pahamna kaya kuwe kon milih dewek. Arep milih tukang mikir sing ngemben nyambutgawene mikir, tapi kepenak lan terhormat tur rejekine akeh, apa miih tukang nyambut gawe sing ora mikir, tapi lewih kesel tur rejekine ora akeh lan ora diormati. Wis ngonoh milih dewek.

Nang wektu liyane inyong ngadepi masalah liyane, muridku telung dina ora mangkat, barang ditakokna akhire mangkat, tapi jebul wis lunga tekan Jogja, numpang truk sing disetop nang ndalan. Dewekke kegawa kanca kancane sing pada seneng nang pinggir dalan ora sekolah. Angger dibandingna pancen kepenak sing ora sekolah, arep tangi jam pira piraa ya kena, ora perlu tangi gasik,nganggo klambi pating slembrah sekarepe dewek ya kena ora perlu kudu nganggo klambi seragam sing dilebokna, ora nana pe er, ora nana sing ngomeih, arep kepengin maring Jakarta ya gari nyetop truk. Dadi bocahe ya tek jek ngobrol bae. Bener pancen angger ora nana sing ngatur, ora sekolah kuwe kepenak tapi sing siki sekolah kudu gasik kudu nggarap pe er kadang domeih kuwe pirang tahun maning nyambut gawe kepenak. Ngemben nek pada ketemu maning, sing siki nang pinggir dalan ngakune kepenak kuwe esih nang pinggir dalan malah ndean dadi gembel, sing siki sekolah ngemben ngliwati dalan kuwe nganggo mobil sing apik. Dadi inyong ya ngakon muridku kuwe kon milih dewek. Alhamdulillah bocahe gelem rajin sekolah maning.

Semana uga bocah sing pada gasik pisan goli pacaran esih karo pamer maring kancane jere “inyong si ayu laris wis duwe pacar” karo ngeceni kancane sing pada esih sregep sinau ora kober pacaran. Bocah nang kelas pada tek kon mbayangna sepuluh tahun maning angger pada ketemu. Sing siki sregep pacaran kayane sepuluh tahun maning wis duwe anak ana sing 3 utawa 2, repot digondeli bocah ora bisa seneng seneng maring ngendi ngendi. Tapi sing siki sregep sinau ana sing lagi nunggu wisuda dokter, ana sing esih kuliah, ana sing wis kerja duwe duwit dewek. Pada bisa reunian seneng seneng. Tapi sing wis repot anake akeh arep melu reuni isin. Bocah bocah tek kon milih dewek. Muridku pada mesem, tapi inyong yakin mesti pada mikir.

Ana maning sing pada kepengin cepet cepet kerja nang pabrik rambut sing siki akeh pisan nang Purbalingga. Bocah kaya kuwe kon sinau wis angel banget, jeeregur ngenteni ijazah ikih. Siki tek kon milih, arep sekolah sedela tok terus kerja nang pabrik bayarane antara 1 juta nganti 3-3,5juta akeh akehe, apa kaya bu guru gajihe karo tunjangane 7-8jutaan. Utawa dadi dokter sing buka praktek nang ngumah esuk esuk nembe mangkat dines nag rumah sakit, awan pindah rumah sakit liyane, sore praktek maning, pasien sijimbayare 50.000. Dadi sedina umpamane duwe pasien 25 bae bayarane wis punjul kng 1 juta, urung gajihe. Akeh mbok ? Dadi pada arep milih ndi ? Wis ngonoh milih dewek.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Iya wis njuh milih yaa,,,delat maning pak gubernur,,,sing pen pasangan ndi iya,,,hehehe

03 Feb
Balas

Ayuuh milih

03 Feb

Gandheng seniki sampun mboten mulang, mila mulange teng gurusiana mawon nggih, Bu Pengawas?

03 Feb
Balas

Nggih pak, pelampiasan hhh

03 Feb

He.. Dalen termasuk ingkang pundi bu guru?

03 Feb
Balas

Sing milih kaya bu Guru

03 Feb

Kulo nyimak mawon

03 Feb
Balas

Milih nyimak nggih? Kang dirjo pripun kabare?

03 Feb

Enggih leres...seratane Ibu pengawas brmnfaat kangge belajar kulo...mturnwun..

03 Feb
Balas

Sami sami bu

03 Feb

Sae sanget isi seratan Ibu Pengawas nggih? Saged kangge patuladhan kulo sami, pripun carane ngatasi lare ingkang dereng mudheng. Mturnwn Ibu Pengawas

03 Feb
Balas

Angger aku manut bu guru. lg sekolah ngampet ora pacaran. bareng lulus mumpung ana sing gelem aku terus nikah. malah kelalen ora pacaran disit. arep pacaran siki wis tua. haaa..haa..

03 Feb
Balas

Laris tur sukses

03 Feb

Kepengin dadi guru maning kayane, kiye,arep mulang Dine anak wadon,ya, Bu, ngger kepengin soten,he he he

03 Feb
Balas

Inyong bangga Karo Ibu Pengawas. Seratane manfaat sanget kagem pangiyongan.

03 Feb
Balas

Maturnuwun

03 Feb



search

New Post