Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Ora Ngapak Ora Kepenak

Sing ngomong kaya kuwe mesti wong Banyumas (udu Kabupaten Banyumas tok, tapi kabeh sing nganggo Basa Jawa Banyumasan saben dinane). Wong liya mesti ora ngaku kaya kuwe. Malah pada ngarani angger Basa Banyumasan kuwe kasar, kaku, pating pecotot ora kepenak. Jane sing pada ngarani kaya kuwe toli anu pada ora teyeng ngomong Banyumasan. Yakin wong wetanan (cara wong Banyumas nek ngarani wong Jogja, Solo lan liya liyane) sing wis pada puluhan tahun urip nang daerah Banyumas pada tetep ora teyeng ngomong Banyumasan. Sing pada tiru-tiru ya tetep ora ngapak. Wong Pak Nurhadi sing siki ngasta dadi Camat Kemangkon wis nang Purbalingga wiwit tahun 1986 nalika dibenum dadi guru nang SMPN 1 Kemangkon. Nganti siki ya tetep “Boyolalian”. Akeh wong sing kaya kuwe.

Tapi nek wong Banyumas sing mrantau nang ndi papan, kuwe pada teyeng ngomong sing sesuai karo daerah sing ditekani. Sedulur-sedulurku sing pada lunga an urip nang daerah Pekalongan yya bisa ngomong cara Pekalongan, tanggaku sing pada nyambut gawe nang Jogja ya pada teyeng ngomong cara Jogja. Aku sing kuliah nang Solo ya bisa ngomong Soloan. Lagi nembe molaih urip nang Solo si yaa madan angel tapi ya saya suwe bisa melu ngomong nganggo Basa Jawa gaya Solo. Malah lagi aku KKN nang Wonogiri tahun 1991, Bu Lurah sing tekpanggoni asale ora ngira nek aku wong Banyumas. Kuwe jane merga aku teyeng matur nganggo basa krama, dene kanca kancaku (kelebu sing asli Solo) pada ora teyeng krama. Nek aku klebu sing teyeng krama soale wiwit cilik ibuku sering ngajari aku ngomong nganggo basa krama. Bar kuwe aku uga sekolah nang SPG, calon guru ya kudu teyeng krama, kuliah ya nang FKIP calon guru maning. Sawetara kuwe kanca-kanca KKN ku kang Fakultas Teknik jurusan Teknik Arsitektur, sijine maning kang Fakultas Hukum jurusan Perdata, liyane maning kang Fakultas Ekonomi jurusan managemen, ya pada kalah nek kon ngomong nganggo basa Jawa krama nang ngarepe masyarakat desa sing tek nggoni KKN.

Pancen si tek akoni nek Basa Banyumas kuwe nek dirungokna ya kasar. Mulane nek wong Banyumas sinau basa Jogja Soloan pada teyeng. Kan barang kasar bisa dialusna. Umpamane beras dialusna dadi glepung bisa, tapi glepung arep di dadekna beras ora bisa. Kuwe salah siji keluwihane Basa Banyumas, gampang disesuaikna. Ewa semana aku gemiyen duwe kanca sing emoh nganggo Basa wetanan. Jenenge Mas Darminto, kakang angkatan lagi esihkuliah nang Solo sing asli Banyumas. Siki mbuh nang ndi piyayine aku blas ora tahu ketemu. Dewekke kuwe nek kumpul-kumpul karo kanca-kanca sing asli Banyumas mesti nglarang ngomong sing Soloan. Kudu ngomong Banyumasan, nek ora diomehi Darminto kuwe. Wektu semono ana Mas Giyatno lan Mas Hernawan sing kang Bobotsari, ana Mba Titi sing kang Bumiayu, lan aku dewek kang Kemangkon Purbalingga. Nek ketemu nang kampus, jaan gayeng pisan pokokke. Kanca-kanca liyane sing ora mudeng Banyumasan pada ngguyu ngakak.

Kejaba kuwe, Basa Banyumasan basa sing jujur banget. Jajal si pada dipikir, nang Banyumas nek ana tulisan “bapakke” ya diwaca “bapakke” tapi nek cara wetanan kan dadi kaya kaya “bapa’e”, hurufe “k” dadi ilang kan ora jujur. Nek ora ngilangna malah nambahi, genah-genah “Bantul” diwaca “mBantul” nek nang Banyumas ya tetep Bantul, Bandung ya diwaca Bandung ora mBandung, mBogor, mBatang lan sapiturute. Ngilangna utawa nambahi kuwe kan kebiasaan sing ora jujur, ora seblakane, ora pada karo kasunyatane. Aja-aja kebiasaan ngilangna utawa nambahi kuwe sing dadi cikal bakale laporan sing ora pas. Saking jujure basa Banyumas mulane budayane wong Banyumas ya budaya sing jujur, apa apa diomongna seblakane. Dadi kudune wong Banyumas sing siki dadi pelopor gerakan “Berani Jujur itu Hebat”.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Giyeh bu Tin,,aku dadi ngarti yaa,,sprana seprene nembe kadil karya bareng diklat nang purbalingga. Nyong biasa sakblakane jebule iyaa,,,hahaha

03 Dec
Balas

Hahaha

03 Dec

Lucu... Siki nopo sekie bu, he..

02 Dec
Balas

Siki mbok?

03 Dec

Hahaha... nyong ngakak kiye. Mergane blaka suta ngomongna awake dhewek.

02 Dec
Balas

Sing jenenge jujur ya ngomongna awake dewek, ora ngrasani ngomongna wong liya

03 Dec

Sugeng ndalu bu guruuu Salam ngapakerrsss Ora ngapak genang mboten kepenak nggoh buuu

02 Dec
Balas

Sugeng ndalu, salam ngapakerrss

02 Dec

Leres Bu, ora ngapak ora kepenak....

09 Dec
Balas

he he he

15 Dec

Mantap... Salam ngapak nggih Bu...

03 Dec
Balas

Salaam

03 Dec

Mantap... Salam ngapak nggih Bu...

03 Dec
Balas

Salaam

03 Dec

Mantap... Salam ngapak nggih Bu...

03 Dec
Balas



search

New Post