Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Ora Selawase

Nek bocah bocah lagi pelajaran jam sing pol polan ndeleng jam bola bali, kuwe pancen udu pelanggaran sing abot. Nek mlebu kelase madan keri ya udu pelanggaran abot. Nek senenge semaya mengko mengko angger kon nggarap pegawean ya wis sering. Apa maning angger tugase tugas sing ora terstruktur, wektune omber nganti akhir semester, bocah pancen bisa nggarap mengko mengkoan. Tapi unggal pelajaran ana tugas sing ora terstruktur kaya kuwe mbok nang akhir wektu dadi numpuk akeh pegawean ? Angger ana guru sing mlebune kelas gelis alias pas bel wis siap nang ngarep kelas malah jere ora lumrah, bocah bocah ora seneng. Angger ana kepala sekolah sing seneng ngopyak opyak guru kon ndang mangkat maring kelas angger titiwancine mulang, kuwe ya pada ora patia ikhlas. Magene kabeh mau cara inyong barang sing penting pisan tumrap bocah.

Nek bisa matesi nglakoni kaya kuwe gur sepisan utawa pindo kuwe pancen ora papa. Masalahe angger dijor jorna ngko dadi saladan dadi padatan utawa pakulinan. Angger wis kaya kuwe barang sepele bisa mbebayani. Tanggaku nembe seminggu lewih kerja nang pabrik rambut, tapi dipecat mergane dewekke bola bali ndeleng jam bae ora ketungkul nyambut gawe. Ujar ujare gur angon wektu ngenteni jam papat terus ndang bali. Ora bisa kaya kuwe. Siki pancen bocah bocah bisa gampang dipangapura gurune nek kepengin cepet cepet bali tapi ora selawase bisa kaya kuwe.

Jajal dipikir bae, kulina koh kulina telat, arepa gur sepuluh menit, akibate bisa gede banget. Inyong angger ngomongi bocah tek kon mbayangna lan dipikir bareng. Angger bocah-bocah kuwe dadi atlit badminton, mangsane nyemes ko ora nyemes nunggu mengko, mbok dadi dicemes lan kalah. Angger dadi petinju ya kaya kuwe, telat setitik ora ngantem ya malah keantem lan kalah. Lewih lewih angger dadi tentara mangkat perang ngadepi mungsuh, mangsane nembak telat setitik ya malah ditembak ya mati gasik.

Dadi angger inyong enggal enggal mangkat maring kelas nek mangsane mulang, kuwe mergane kepengin bocah bocah duwe kebiasaan disiplin. Udu merga ora toleran. Udu nggone ngomong toleransi nang kahanan kiye. Mbok kebanjur. Kebanjur ora disiplin. Ora selawase solah bawa sing siki ora nana akibat apa apa arep seteruse kaya kuwe. Iya siki esih ana wong tua sing ngelingna, esih ana guru sing ngomongi, esih ana kepala sekolah sing ngemutna, esih ana pengawas sing mbina. Ngemben mangsane bocah bocah gede tua duwe tanggung jawab dewek arep ngrasakna.

Mulane aku melu nggrantes ganu lagi ana pesawat kecelakaan taun taun wingi, regu penolong kang Indonesia bareng-bareng nyambut gawe karo regu liyane kang luar negeri. Kabare ana sing ngomong nek regu kang Indonesia kerjane kurang disiplin. Ana maning pelatih bal balan tau kesuh merga pemain pemain sing bali maring ndesane dewek pada ora disiplin goli mbalik maring nggon pelatihan. Ujar ujare ora papa sedina rong ndina ikih, tapi mbok pada ngerti prestasine bal balan Indonesia kaya ngapa? Lha kuwe akibate !

Aku wis tansah ngemutna bocah bocah, kelakuan ngejorna pelanggaran pelanggaran cilik sing jenenge telatan kuwe banget ora apike. Jajal nek ngemben pada dadi karyawan ya gelis dipecat. Angger angger bola bali dipecat ya ora nana sing gelem nampa maning. Angger dadi mandor utawa pimpinan ya tetep ora kena telatan. Arep dadi apa sing dipimpin angger pimpinane telatan. Nek sing dipimpin wis udar kabeeh apa ana pegawean sing bisa dirampungi, apa ana kemajuan sing bisa dianggit ? Angger dadi “bos” sing duwe usaha dewek malah kudu lewih disiplin maning.

Jajal ndeleng nang Pasar Segamas, bos bos sing dagang sayuran taker mobil nggo ngladeni sing pada kulak, mbok jam lima esuk wis tekan pasar ? Angger kawanen ya ora payu, bobor, sayurane bosok tok. Sing kulak ya kaya kuwe, angger kawanen ya ora uman, utawa arepa uman tapi barange wis lewihan sing ora bagus, di dol angel. Mulane jam 7 esuk bakul bakul kuwe wis pada beber dagangan nang pasar-pasar cilik.

Nalika aku esih nom, aku nate melu pelatihan calon pengusaha. Ujarku dadi pengusaha kuwe kepenak, apa apa ngatur dewek. Ora karyawan utawa pegawai sing diatur karo akeh pisan aturan. Salah sijine kegiatan nang acara kuwe inyong pada ditemokna karo pengusaha sing wis dadi. Nalika semana aku sekelompok mangkat maring Klaten ketemu pengusaha klambi batik sing dodol nang pasar Klewer Solo karo pasar Beringharjo Jogja tapi panggonan produksine nang Klaten tur daleme ya nang Klaten. Sedurunge inyong pada takon bab usahana, piyayine wis takon disit sing surasane kurang lewih kaya kiye : Kenang ngapa pada kepengin dadi pengusaha ? Wong pengusaha kuwe karyawane urung teka ya wis kerja, karyawane bubar ya esih kerja. Wong wong wis pad turu esih melek njingglengi nota, ngetung duit dicocokna karo nota. Esuk gasik wong esih turu wis nata sing arep digawa pasar, lan liya liyane. Ora olih kawanen,ora olih keri goli ngirim. Apa maning ngladeni pesenan kang pengusaha liyane, kudu pas kahanan barange, kudu pas jumlahekudu pas wektune. Apa maning ekspor, telat setitik ora kanggo. Inyong dadi mikir muridku siki ndean ya arep ana sing dadi pengusaha, angger ora diajari disiplin kang siki apa bisa sukses ?

Apa maning ndeleng kegiatane Pak Bupati siki, mbok sibuk pisan. Sedina bisa ana acara lewih kang 5. Kudu tindak maring nggon nggon sing adoh adohan. Kudu ngendikan bab sing beda beda. Kudu mikir pirang pirang. Nek ora biasa disiplin, mbok bubrah ! Mulane angger nggulawentah bocah ya kudu dilatih disiplin. Ora selawase bocah bocah kuwe arep bebas sekarepe dewek !

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Saya tidak mengerti bahasa Jawa, tapi saya yakin tulisan Ibu pasti menarik

24 Feb
Balas

Ibu darimana?

24 Feb

Leres, Bu Pengawas! Kedah disiplin. Dados tiyang niku ampun telatan tapi teladan, nggih Bu?

24 Feb
Balas

Maturnuwun Bapak ibu ingkang sampun pinarak

24 Feb
Balas

Sae Ibu Pengawas...leres... manfaat ugi...

24 Feb
Balas

Sae sanget Ibu..

25 Feb
Balas

Maturnuwun ibuuu...

25 Feb

Tulisane menarik,isine apik.

24 Feb
Balas

Seratanipun sae sanget ibu. Wau kulo ngempos,, niki pun kulo rampungaken...hehe

25 Feb
Balas

Maturnuwun bu, katuran ngempos malih hehe

25 Feb



search

New Post