Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Preiane Ntong

Setu kiye inyong bombong pisan, mergane preian bocah sekolah wis arep rampung. Ora bombong kepriwe jal, preian tahun kiye dawaaaa pisan. Masa ana prei unggah unggahan kelas dawane nganti limang minggu. Jere si anu disambung, prei lebaran karo prei unggah unggahan. Dadine anakku prei kang tanggal 10 Juni (tanggal 9 ne nampa raport) tekan 15 Juli. Senen ngesuk tanggal 16 juli molaih mlebu maning.

Lagi nembe krungu jadwal arep prei sing suwene limang minggu kuwe anakku sih ya seneng pisan. Rumangsane bebas pisan kang pegawean sing gandeng cenenge karo sekolah, kaya dene tangi gasik, adus gasik, nggarap peer, upacara, lan sapiturute. Tapi inyong wis apal, kiye bocah nek preian nembe telung ndina bae wis ribut, bosen nang ngumah, njaluke dolan maring nggon nggon piknikan utawa dolan lan kumpul kumpul karo kancane. Ya angger inyong pada prei. Preiku gur sedela tok. Magene teyenga njujugna ya kon plesir bola bali si sepira duwite. Nanging angger ora kaya kuwe ngko dolan pit pitan karo kanca kancane saya suwe saya adoh. Inyong ya anane mung khawatir tok. Mbok ana apa apa wong siki dalane rame pisan. Mulane prei kesuwen malah mbingungi.

Jane inyong wis niat, preian bocah tahun kiye arep tek isi kegiatan sing manfangati. Ganu lagi mlaku mlaku nang acara bazaar buku, inyong karo bocah wis tuku buku sing isine bab kreatifitas. Niatku ben anakku kreatifarep tek jek gawe kerajinan-kerajinan sing digawe kang kain flanel. Anakku kan bocah kreatif mesti mengko asik nggunting nggunting flanel. Siji maning buku sing tek tuku ya kuwe buku bab sulam pita. Pas preiane arep molaih, inyong wis tuku flanel, tuku lim tembak, tuku payet, gunting lan liyane. Kejaba kuwe inyong ya tuku bahan-bahan sing nggo gawe kuwe-kuwe(roti) garing, ngiras ngirus nggo bada, karo nyenengna bocah. Niate ben preiane bocah dikebekikegiatan sing merekna pinter, udu sing mborosi tapi malah ngrusak.

Inyong pancen duwe prinsip nek aweh dolanan ya sing minterna, tuladane lego. Anakku pancen seneng pisan lego, inyong ya bola bali nukokna. Nek bar tuku anakku mesti tekun isan masangi ego ngangti rong jam telung jam, maca gambar gambar ‘petunjuk’ dewek. Nek wis rong dina telung ndina mengko dirujadi dewek, terus digawe maning dadi wujud sing beda karo asale, ananging wis ora nganggo ‘petunjuk’. Mikir sing kaya kuwe sing tekdukung. Soale kan uteke kerja terus, ora kaya angger nonton tivi, karo turonan, kleturan, nyambi mangan kletikan, ora mikir. Mulane inyong emoh nukokna dolanan sing barang wis dadi, kayata mobil mobilan, boneka, lan liya liyane. Barang dadi kuwe merekna bocah ora mikir.

Kegiatan sing pisanan gawe bros kang kain flanel. Persis sing tek niate, anakku asik nggunting nggunting flanel, tapi kudu digawekna model model nang kertas nang biyunge. Biyunge ya kudu ngancani terus, lha ya ora kober. Nyatane sih inyong dibutuhna nang bocah ora gur mbantu gawe blat tapi uga dukungan arupa aleman unggal dewekke bisa ngrampungna pegawean dadi bros siji wutuh. Kuwe lho sing wong tuwa pada cokan kelalen, ngalem apa apa sing bisa digawe nang anakke. Magene kuwe penting nggo gawe bocah seneng, mongkog dadi terus ngupaya gawe barang kang migunani. Salah suwe malah anakku ngajek kanca kanca dolane singumahe ora adoh kon pada maring umah gaweni bros. Alhamdulillah umahku dadi rame, bocah ora bosen nang umah.

Sing wagu kedadian lagi inyong karo bocah gawe roti garing sing niate kena nggo badan. Inyong nguja gawe roti semprit ben anakku teyeng dolanan mlotot mlototi adonan. Dadine apik kaya kembang mawar, rasane enak tur renyah. Lha jebule inyong wis suwe pisan ora tahu gawe roti garing, ana sepuluhan tahun ndean. Molaih gawe pancen bocah seneng pisan, barang dipanggang jebuleh leleh kabeh, ndleder tipis, pada gandeng, modele dadi ilang kabeh, ora kaya kembang sing diangen angen. Lewih bubrah maning barang mateng disusruk kraket. Inyong kesuuuhh pisan. Arep mandeg goli tuku bakal roti esih akeh, jaaan. Tinimbang mubah tek gawe maning, siki nganggo resep kang google. Goli gawe adonan lancar. Barang mangsane nyetak, jebule alot. Haduuuhh, inyongmikir maning, akhire ora digawe kaya mawar nanging kaya uler sing nglingir dawa. Nah gentenan karo anakku goli nyurung kang cetakan. Lha akhire ora dadi semprit mawar, dadine semprit uler, he he he ! Tekan dina bada sedulur teka anakku teyeng pamer nek roti kuwe gaweane deke, tamune ya pada nyicipi tur ngalem nek enak. Bocah bombong inyong ya melu bungah.

Siki ppreiane wis ntong. Sing kudu disiapna gari ubarampe nggo sekolah. Bocah ya wis molaih kon akeh maca ben biasa sinau nek wis sekolah. Kebeh wis tek tata ben lancar.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bundaku siji kiyeh tah hmmm,,,kayong idene ora ntong ntong iyaa,,saluut buund.. (",)

14 Jul
Balas

Kadang ide tok koh ora dadi apa apa

15 Jul

Alhamdulillah Bu Pengawas kersa nyerat malih. Mugi2 lancar nggih, Bu.

14 Jul
Balas

Aamiin

14 Jul

preian go jalan-jalan puas, puas pisan mengko sinaune dadi mempeng

14 Jul
Balas

Jalan jalane sepisan bae

14 Jul

Rampung preine kari ngenteni prei ngarepe, sapa ngerti ana sing lewih dawa. Karepe sing ngenteni. Mantap bu.

14 Jul
Balas

Ajalah Pak, mbok diamini malaekat dadi prei terus lho

14 Jul

Masyaallah...ibu seorang yang multitalenta...hbat di dinas dan lembut di klg...

14 Jul
Balas

Semoga benar adanya

14 Jul

Jaaaan Ibu Pengawas Terampil sanget nggih? Np 2 saged dados sumber tulisan. Ppmpke Shiiiplah

14 Jul
Balas

Maturnuwun bu

15 Jul

Leres niku bu, lare lare dados betah onten ndalem, berkarya. Ora kurang lakon pokoke, roti sempritkembang d sulap dadi roti semprit uler. Tesih bu rotine?

14 Jul
Balas

Mpun telas, amblas

15 Jul



search

New Post