Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Sinau Ngetung

Urip pancen kudu ngetung untung rugi, ben ora tombok. Kiye ora lagi ngomongi kon medit alias cethil, tapi kasunyatan pancen kudu kaya kuwe. Inyong jane lagi ngomongi anakku sing cokan watuk angger mangan panganan sing nganggo bumbu bumbu ‘msg’. Magene angger wis watuk angel marine. Inyong ngerti nek panganan kuwe enak malah numani, dadi angger mangan ora mandeg mandeg. Tapi jajal dietung enakke sepira dibanding karo larana goli watuk mengi mengi, ora sewengi tok ! Mbok rugi! Arep ngetung rega ya tetep rugi wong tuku jajan paling limang ewu gede gedene sepuluh ewu, ngko angger kecandak watuk ora mari mari maring dokter anak, priksane tok 50 ewu, obate maring apotik ora cukup 100 ewu. Mbok tombok !

Babagan untung rugi uga tek aturna maring ibuku sing wis tua pisan. Nek lagi rumangsa waras ora gelem mandeg goli maring kebon, ya bersih, ya nyapu, ya mbeduli suket. Angger sore gari sarean karo ngendika kaya kiye : “Aduuuh, beyekane inyong lara pisan..., sikile pegel pisan..., nggo mlaku abot pisan”. Ujarku wong wis tua ya ora usah nyapu maning, ujarku gari angger kepengin priksa kebone kaya apa ya lirih lirih tindak kebon, apa angger sarean bae lara ngawak ya menyat, mlaku-mlaku setitik maring latar, karo pepe ben ora katisen. Diaturi kaya kuwe bola bali tetep ora kersa. Nganti angger aku ditakoni wong : “ ibune sehat apa ora?”, ya angger maring kebon nyapu ya tandane sehat. Tapi jajal dibandingna angger inyong ngodekna bersih sedina paling seket ewu, olihe amba, angger ibuku olihe setitik ngko maring dokter syaraf 50 ewu nggo priksane tok, obate maring apotik larang. Urung rasane inyong ya ora tega ndelengna karo ngrungokna ibuku kelaranen. Apa maning sing nglakoni, wong ndeengna tok be li ora tegel. Mbok rugi !

Lewih angel ajek mikir kaya kuwe karo murid-murid sing esih SMP. Inyong wis ngomong : “Cah, ko rep nglakoni apa-apa ya kena, tapi tulung dipikir untung rugine. Siki ko ayem-ayem ora gelem nggarap tugas, utawa ora ngrungokna angger diwulang. Terus ulangan ora teyeng, nilaine ala. Kancane nerusna wulangan seteruse ko lagi mbaleni ulangan. Wulangan seteruse rampung terus ulangan maning ko ora teyeng maning, ngko mbaleni maning. Tekan tes semester utawa tes unggah unggahan kelas ko ora teyeng. Terus ko ora munggah. Kancane munggah kelas 8 ko esih nang kelas 7. Ketone si gur kacek setahun tapi jajal dipiki: sepisan ko isin maring kancane, pindone ko bisa diputus pacarmu wong pacarmu isin, ping telu ko dieceni nang adik kelas sing banjur dadi kancamu, ping papate ko ketemu maning karo gurumu sing kadang mboseni kiye, ping limane biyungmu esih terus nyangoni ko setahun maning, ping neme klambimu ya kudu tuku maning wng sing wingi wis ala, ping pitune buku lan peralatanmu ya wis mangsane ganti, ping wolunw ko ketemu maning karo pelajaran-pelajaran sing wingi, li mbok bosen. Sing paling nyebeli kancamu ngemben wis nang SMA pada nganggo clana abu abu dawa, ko esih nganggo clana biru pendek. Mbok rugine pirang pirang. Mulane sebel karo bu guru utawa karo piwulange bu guru ya ora papa, tapi nilaine di apik ben ngemben ora mbaleni maning. Aja ngrugekena awakke dewek”. Apa maning angger karo tek eceni: “Bu Guru tah ora rugi, wong gajine ajeg, ora nana potongan gaji merga muride ora nggarap pe er utawa pada ora munggah!”

Angger ngomong babagan gegayuhan utawa cita citane bocah ya kudu kayakuwe. Siki kabeh bocah mestine duwe gegayuhan. Gegayuhan kuwe kudu sering diemutna. Kudu dimantepna kanti keyakinan nek kuwe bener bener kahanan sing dikepengini. Bar kuwe bocah bocah bisa di jek mikir lan ngetung dalan sing kudu diambah supaya gegayuhan kuwe kaleksanan. Mestine dalan kuwe ya dawa pisan, dadi digawetrap trapkan sing genah. Umpamane siki kelas 7 SMP, kepengin dadi arsitek. Berarti trap kaping siji nilai utamane pelajaran matematika kudu apik, pelajaran liyane ya kudu apik soale trap ping lorone kudu mlebu maring SMA sing unggulan jurusan IPA. Ben bisa mlebu nganah kan nilaine kudu apik lan menang nek kudu saingan karo pendaftar liyane. Arep esih nang kelas pitu, kan nilai raport wis dietungnggo kelulusane kang SMPne. Malah ana SMA sing uga butuh nilai raport SMPne kang kelas 7. Trap ping telune ya kudu lulus SMA IPA kanti nilai sing apik wiwit kelas 10 ben mlebu maring Fakultas Teknik Arsitek salah sawijining universitas sing apik uga. Kuwe kudu kang kelas 10 wis biasa apik, ben mlebune kuliah ya lancar. Diusahakna universitase apik ben lulusane ya laris. Aja asal kuliah ngentongna duwit tok. Nek perguruan tinggine ngetewere ya mengko ora patia laris, bayarane larang maning. Angger kaya kuwe bocah kon gawe daftar apa bae sing bakal ngalang ngalangi laku nuju gegayuhan kuwe. Sing ngalang ngalangi kuwe kon aja dilakoni, soale bakal gawe rugi tok ! Aja nganti ketone duwe cita-cita utawa gegayuhan sing duwur, tapi sing dilakoni kebalikane. Kepengin dadi guru, siki bebeh sekolah sregepe pacaran ya ora bakal tekan. Kuwe jenenge udu gegayuhan tapi nglantur tok.

Bocah sing pada pacaran gasik ya kudu mikir untung rugi. Siki nggaya sepira pada duwe pacar gasik, ngko nek kebablasen pada meteng disit. Bar kuwe ora teyeng nerusna sekolah kaboten anak. Mbok urip kapingarep sing esih suwe bisa rekasa kedawan dawan. Anake ora dididik kanti apik merga biyunge be esih bocah, akhire mursal dadi keturunan sing ora bekti maring wong tuwa. Model kaya kuwe mbok arek ora gur ngrugekena awake dewek tapi keluarga lan saketurunane. Sementara angger sabar setitik ngemben nek wis mapan goli pacaran trus bebojoan, li ya arep pada ngrasakna kepenak, duwe keluarga sing temata, ayem tentrem. Mulane inyong angger ngomongi bocah wadon kon aja kegelisen goli pacaran soale nek bubaran yarugi, wong bocah lang senenge maring sing urung tau pacaran, sing udu lewihan. Lewih rugi maning angger kebablasen, remuk jujuk kabeh sedawane urip. Bocah lanang apa maning. Kudu sabar lan tahan, kudu sinau sing bener soale arep dadi penanggungjawab keluarga. Ngemben nek wis duwe gawe sing mapan, pirang pirang wong wadon sing gelem, gari milih !

Tapi ngomong untung rugi ora pada karo ora tahu ngamal utawa sodakoh.Malah bisa kewalik aku tahu maca wa sing intine kaya kiye : Ana wong sugih sing seneng ngamal. Wong liya ngertine kuwe jobrah, pemborosan, ora sayang karo banda. Jebule kewalik, wong sugih kuwe banget tresane karo bandane dadi dewekke kepengin ketemu maning karo banda kuwe ngemben nag akherate, dadi dititipna maring panti asuhan, maring wong miskin, maring wong fakir, maring mesjid, maring pesantren. Tek pikir ya bener kaya kuwe. Timbang nggo tuku inuman sing gawe mabok, goli ngrasakna sedela (inyong ora ngerti enak apa ora) tapi bar kuwe kelenger ora krasa, gur kaya mabur mabur (jere). Wis ora mabok ya puyeng. Puyeng ndase, puyeng duwite, puyeng keluargane, nang akherat malah ngrekasakna. Terus untunge nang ndi ? Apa maning nek lagi mabok ana maling ngentongna bandane, arep kepriwe jajal ? Sing pada ngetongna banda nggo tuku dunya lan pangan sing enak ya kaya kuwe mbok, ora bakal ketemu nang akherate ? Malah bisa dadi penyakit sing nang ndunya be wis rekasa ! Dadi ayuh pada siinau ngetung sing bener!

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ibu sih taksih mucal wonten kelas bu? Dadi eling rep ngurusi administrasi niki,,,wah sae bu,,remet,,njlimet,,,leres mbok niku,,,nggih

10 Feb
Balas

Taksih bu, wonten kelas guru + kepaa sekolah

11 Mar

Napa2 panci kedah dipun etang, nggih Bu?

10 Feb
Balas

Etungane bu dartini memet sanget koh skg bocah tekan amal ibadah.sip

10 Feb
Balas

Lerws niku bu, lare seniki kan seneng e logis dados kedah dijlantrahna ngangge etung etungan, he

10 Feb
Balas

Mumpung esih sempat ngitung. Nek sing ngitung malaikat, wis ora bisa dilobi apamaning di nyang.

10 Feb
Balas

Maturnuwun maturnuwun maturnuwun

10 Feb
Balas

Leres Ibu Pengawas...ning lare sakniki jian males dijak ngetang..pripun nggih

10 Feb
Balas

Sae sanget Ibu...

10 Feb
Balas

Sing dilakoni angger akeh untunge gih bu pengawas? mnawi rugi ampun dietung bu Eti. niku sampun genah. Hee..hee...

10 Feb
Balas

sae sanget niku bu, sedoyo panci kedah ditang untung rugine nggih? leres , setuju...

10 Feb
Balas

Leres sanget Ibu Pengawas, tiang2 riyin sami pinter etung2, tapi lare jaman seniki termasuk Kulo menawi Ken etung2 kirang cepet. Kadosipun efek kalkulator Niki. Dados menawi etung2 biasa tak tul ngangge kalkulator.

10 Feb
Balas

Manteb, Bu.

18 Feb
Balas



search

New Post