Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Trataban

Tambah tua atiku tambah gampang tur sering trataban. Magene gemiyen lagi esih nom, inyong kelebu wong sing ora patiha kagetan lan trataban. Jere gemiyen inyong kelebu sing ndableg lan ra gampang trenyuh, Dadi angger nonton sinetron kancane pada melu nangis inyong ora . Malahan inyong teyeng nggeguyu kancaku sing pada kena dilombo nang sinetron. Wong anu pada akting tok, anu reka reka be pada ditangisi, kaya kuwe inyong le mikir. Tapi tambah tuawa maca status wa sing measi be inyong mrebes mili. Krungu apa sing madan medeeni tur dadakan, nyong wis trataban. Apa wong tua pada kaya kuwe yah.

Wingi kaya kuwe. Inyong wis mangkat maring mesjid ngarep umahku, arep jamaah Sholat Asar. Lagi adan, ibuku wis mangkat, rampung adan inyong nembe mangkat. Karo nunggu imam, jane wis mangsane iqomat, tapi dadakan tanggaku sing nembe teka karo ngomong: “kuwe ana tabrakan perek pisan, kuwe kulon mesjid ! Krungu kaya kuwe inyong trataban pisan, kaya ngapa jere korbane. Inyong pada sing arep jamaah terus metu maring pager pinggir dalan. Lagi nglongok-nglongok kaya kuwe, dadakan weruh wong lnang loro boncengan, sing mbonceng karo njunjung bocah tanggungan sing mbuh sadar mbuh ora. Laaa inyong trataban pisaan, anake sapakae, urip apa ora ?!. Inyong karo takon maring tanggaku sing miki ngabari nek ana tabrakan. “duko niku, wong miki kejet-kejet! Alah laaah, atiku tambah trataban. Kayane korban sing dibopong mau esih nom noman, aja aja bocah SMP. Aku goli sholat asar akhire ora khusuk blas, lha wong esih trataban !

Nalika tahun kepungkur wengi wengi krungu tanggaku kemalingan, inyong ya ijig ijig dadi trataban pisan. Wong tangga pedek, sebelahan. Inyong karo mbayangna, aja aja miki malinge liwat nang sisih iringan umahku, aja aja liwat pipir jendela sentonge inyong. Hiiiiii. Apa maning lagi umahku dewek sing kemalingan. Ngerti ngerti arep subuhan gembok jaro arep dibuka ko wis pada kanthil kanthil ora ngancing. Lawange ya madan mengab. Barang nylingak nggon motor, wis ilang siji. Lhaa atiku trataban pisan, sikili nlethek lemes.

Ora kaya kuwe tok, nang sekolahan krungu bocah geut nganti ana sing mlotas tatu, inyong dilapori ya trataban. Jane lagi ana wong teka maring sekolahan anu ora trima maring guruku, inyong ya trataban, tapi tek dem demi dewek. Banjur inyong kudu tenang (eh basa jawane apa ya ?). Barang wis ngempos, tratabane wis mandeg, inyong metu kang ruangan nemoni tamu sing lagi nesu mau. Inyong kemutan jurus sing diparingi nang psycolog, jere angger ngarei wong nesu, aja disangkal. Nek bisa awake dewek kudu duwe empati, kaya kaya melu ngrasakna sing dialami wong kuwe. Aja nyalahna, tapi malah mbenerna. Mulane barang wis ngrungokna ngendikane tamu mau, inyong banjur ngomong : “Leres Pak, umpami kulo dados bapakke kulo nggih mboten trima, kulo nggih jengkel !” Jebule bener, kanti inyong ngomong kaya kuwe, tamune madan temurun jengkele. Barang wis ora duko duko, inyong nembe ajek rembugan sing adem, dilarah larahna urutan kedadeane. Akhire rampung masalahe. Tamune kondur kangti lerem. Inyong rumangsa kasil goli nyambut gawe.

Nanging inyong trataban maning. Wong tuwa sing nesu wis nrima, ora sida ngamuk apa maning lapor polisi. Eeeh dadakan gruku celuk celuk : “Ibu... wonten tamu bu, wartawan saking tabloid, bade miterang bab kedadosan wau !”. Atiku trataban pisan. Gelis temen tekan wartawan. Sepisan maning atiku tek dem demi dewek. Inyong kudu teyeng ngedepi sing kaya kiye, moga moga ora kedawan gagang. Inyong metu. Tekan ruang tamu akau ketemu wartawane : “Lho deneng njenengan ?” inyong kaget, wartawan kuwe kancaku nang KNPI. Deweke lewih gumun : “Dadi kepala sekolahe njenengan ? kaya kuwe pitakone. Inyong akhire bisa ngobrol sing ora nganggo trataban.

Jenenge nggulawentah bocah nang sekolahan. Jaman siki guru wis ora bisa ndidik kanthi tindakan-tindakan sing dianggep gawe bocah wirang apa maning gawe lara. Nek nganti keedadian, guru bakal ngadepi wong tuwa sing ora trima lan ana lembaga sing jenenge Lembaga Perlindungan anak sing bakal nuntut. Wira wiri wis akeh keprungu kedadian kaya kuwe. Siki angger ana kedadian kaya kuwe, guru ora bakal langsung ngadepi polisi. Solae wis ana kerjasama antarane polisi lan PGRI sing surasane nek ana masalah guru, PGRI arep nengahi (mediasi) disit aja langsung maring polisi. Moga moga bar kiye ora nana maning kedadean sing ndadekena guru ora wani tumindak tegas maring bocah. Marah marahi kepala sekolahe melu trataban.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sami bu, isbn medal mawon kulo trataban.

29 Apr
Balas

Aamiin...sae sanget Ibu

28 Apr
Balas

Ngge ngirangi tratabane, mangga tarik napas panjang, istighfar...

29 Apr
Balas

nghih bu, aamiin. mugi2.mawo. krjasama poliai kalian PGRI sukawa nghih...dadoa mnoten damwl trataban malih...

28 Apr
Balas



search

New Post