Djiah Budi Arly

Domisili di Purbalingga,Jawa Tengah.Lulus Sarmud dari IKIP Negeri Surabaya jujuran Civics Hukum, melanjutkan di Universitas Negeri Semarang jurusan PPKn l...

Selengkapnya
Navigasi Web

NGESUK ANA BANDEMAN !

Wis dadi kebiasaan neng desane Mbekayu Parni angger terang sore pada jagongan utawa rubungan neng latar ngarep umah.

Ijig - ijig Mbekayu Kadem ngendika karo adine ing jenenge Parni : " Par kayane ngesuk ana bandeman maring gone dewek ". Terus diwangsuli neng Mbekayu Parni : " Ana bandeman sekang sapa ? ".Diwangsuli neng Mbekayu Kadem :" Bandeman sekang keponakane si Agus sing nembe dadi penganten karo Siti ".

Sore kuwe aku pas lagi dolan neng umahe Mbekayu Kadem, bingung ngrungokna Bandeman kuwe apa? Terus tek wanekna takon : " Mbekayu Kadem bandeman niku nopo nggih ? kulo midangetaken kok bingung ".

Terus Mbekayu Kadem ngendika : " Bandeman kuwe kebiasaan angger ana sedulur, bisa adi, utawi keponakan dadi penganten, kira - kira seminggu terus sekang pihak penganten putri ngirim maring gone pihak penganten kakung, maring sedulur kang lewih tua, bisa mertua, paman, bulik, pakde, bude, mbekayu, kakang lan liyane. Kirimane wujude sega karo lawuhe lengkap lan biasane panganane serba akeh, terus sing nampani kiriman baline aweh duwit maring penganten putri, jumlahe duwit biasane akeh juga utawa miturut kemampuan. Biasane sing arep nampa bandeman wis pada rembugan, bab duwit sing arep diweken, ger aweh semending jere isin, ora ketang utang ya dilakoni. Terus biasane senajan ora mampu tetep aweh akeh. Kepriwe wis jelas bab Bandeman Dik ? "

Terus tek wangsuli : " Ooh.... nggih .matur nuwun Mbekayu Kadem sampun nerangaken ngengingi Bandeman ". Aku nambahi ngomong : " Mbekayu Kadem menawi wonten panggenan kawulo arane lungan utawi ngirim jangan wayu.

Mbekayu kadem nambahi ngendika : " bab Bandeman ana maknane, ngirim sega selawuhe minangka ngenalaken pengantin putri karo sedulur sekang penganten kakung. Sing dikirim aweh duwit maknane maringi modal maring penganten kakung lan putri.

Aku matur : " Mbekayu Kadem kulo sampun gamblang ngengingi Bandeman, matur nuwun.

Purbalingga, 2 Desember 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sip, Bu. Sae sanget.

03 Dec
Balas

Nopo gih pak Edi?mtr nwn

03 Dec

Nek teng Cilacap namine Punjungan bu Lilik, nuwun........

03 Dec
Balas

Ooh....berarti teng Cilacap inggih wonten namung benten namine gih Pak Hari, mtr nwn

03 Dec

Pada karo lungan apa ya Bu?

03 Dec
Balas

Pada karo lungan apa ya Bu?

03 Dec
Balas

Pada karo lungan apa ya Bu?

03 Dec
Balas

Iya Pak Budi pd bae, mtr nwn

03 Dec

Nopo nggih Pak? Mtr nwn

03 Dec
Balas



search

New Post