DJONY PRIHATIN, S.Pd.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Wuyung (Geguritan)
Wuyung (Geguritan)

Wuyung (Geguritan)

Mendhung mentiung

Srengenge katon mangklung

Langit kebak awu

Angin sansaya kebat ing playu

Manuk-manuk anteng ing iber

Swara gludhug nyamber-nyamber

Tetanduran padha sumebyar

Kaya atiku kang lagi ambyar

Wuyung

Atiku nandhang wuyung

Wuyung sing ora bisa tak bendung

Marak ati sansaya bingung

Kelingan esem ngguyumu

Kelingan solah lakumu

Kelingan lembut alusing swaramu

Kelingan samubarang kang ana sliramu

Cah ayu

Ing ngendi papan dunungmu

Ayang-ayangmu tansah kemlebat ing netraku

Tansah gawe ngeridu atiku

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Nalikane iso mandeng netromuAyen rada ati ing jero dadaAnanging sekabehing muspraAmung ayang2 kang saya ilang

22 Aug
Balas

Wow.....sae sanget mbak yu....matur nuwun rawuhipun

23 Aug

Puisi keren

22 Aug
Balas

Matur nuwun mbak yu

23 Aug

Mantul sanget, jero maknanipun

23 Aug
Balas

Matur sembah nuwun Mbak Yu......taksih blajaran nulis menika

23 Aug

Geguritan yang keren. Salam kenal sudah saya follow.

24 Aug
Balas

Matur sembah nuwun .....

25 Aug

Sae saestu seratan puisinipun.

23 Aug
Balas

Matur sembah nuwun Bapa....

23 Aug

sae sanget... sajak kasmaran kenya tangga desa.... salam sehat sukses saklaminipun pak Djony

25 Aug
Balas

Kelingan jaman semana Bapa......wkwkwk

25 Aug



search

New Post