Eka Andrijan Novianto

Dokter Hewan bagi saya sebuah harga mati Apalagi ini jadi cita citaku sejak kecil Sampai aku tiada aku akan dikenang sebagai dokter hewan Ada visi dan misi

Selengkapnya
Navigasi Web
RIKOLO SEMONO JAMANE AWAL JEMBATAN LAYANG WONOKROMO
Suroboyoan Cak

RIKOLO SEMONO JAMANE AWAL JEMBATAN LAYANG WONOKROMO

          Jaman taon sewu sangang atus pitung puluh wolu. Pas jaman cilikanku. Iling pas iku kampung -kampung nang Suroboyo jik rupo kampung dorong di aspal. Aku ngenggon nang daerah Wonokromo nang Karang Rejo Timur gang papat.

Kelingan pas iku dalam kampung ku di aspal , jenenge arek jik cilik yo seneng nemen, aku heran onok sepor tumbuk, drum-drum aspal werno Ireng. Akeh truk ngangkut pasir,watu kerikil. Oh Iki ta jengene aspal hahaha. Loh mobil kok aneh temen yo, banne wesi koyok tong. Glondong gedhe. Wah bakal apik Iki dalane nggak .

         Wonokromo termasuk daerah pinggiran Suroboyo tapi cidek nang Bonbin alias kebon binatang. Mungkin asline daerah Karang Rejo timur yang daerah sawah sawah tak delok yo subur lemahne. 

     Sakwise dalan ngarep omah di aspal lanjut nang dalan gedhene, dalan Wonokromo . Arep di bangun jembatan layang seng pertama nang kota Suroboyo. Sekitar taon 1982 . Lumayan bangunne suwe , pas Sik cilik mikir ae iki dibangun gawe opo. Pas wes mari tibakno jalan layang. Pas cilik heran Iki dalan kok nang ndokor. Dowo pisan. Makane pas dino minggu, pas mari bangune sakdurunge di buka aku karo konco-konco dolan Nang jembatan layang Wonokromo. Senengku nggak karuan, puoll seneng. Aku karo konco-konco mlayu mlayu nang dalan dokor. Onok seng balbalan. Kejar -kejaran. Ketok majune Suroboyoku.

        Jaman saiki wes akeh jembatan layang koyok ngono nang Suroboyo. Sampek jembatan Suromadu. Jamane wes modern. Seneng atiku mergo isok ngrasakno jaman Iki. Moga isok ndelok majune Suroboyo 40 tahun meneng. Amin. Salam sehat Rek. Tuhan mberkati. Suroboyo kotaku ai loves yu pull.🤭

Suroboyoan Rek 

Arwon. Arek Wonokromo pas jamane 

Andre (jeneng cilik'anku) 

Denpasar , 19 Februari 2022

Eka Andrijan Novianto

 

 

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Woo keren tenan loo Dokter hewan sitok iki, tenan lur Suroboyo saiki waapik tenan. Jembatan Wonokromo wes ra iso digawe bal bal an, sido ketubruk mobil. Ijin follow Cak Andri, salam kenal teko arek Sidoarjo, dan mintol follow back yoo Cak. Suwun.

18 Feb
Balas

Hallo Ning, lam kenal salam plek Darjo. Siap Ning . Pollow bacckk

18 Feb



search

New Post