Eko Adri Wahyudiono

Saya hanyalah seorang guru biasa Jika bukan pengajar pastilah pendidik dalam tugasnya Bisa jadi adalah keduanya Namun jika bukan keduanyapun saya pastilah

Selengkapnya
Navigasi Web
GUSTI DIKKA ARDIANTI,  Kenya Ayu Guru Basa Jawa
dokpri.srlfdesignedbyfreecanva

GUSTI DIKKA ARDIANTI, Kenya Ayu Guru Basa Jawa

Dina Minggu iki enak e nulis guru kenya ayu siji iki. Lha nyapo kok nganggo basa Jawa? Mergakno, bu guru iki saben dina ne mulang Basa Jawa neng Pawiyatan SMA 1 Magetan.

Jenenge yo apik tenan, cocok karo sing nduwe jeneng. Gusti Dikka Ardianti. Wong kabeh, yo guru apa murid e nek nyeluk yo mung 'Bu Dikka'. Ngono thok! Lahir neng Kutha Magetan, tanggal 13 Agustus 1997. Guru sing seneng mesem iki yo diwenehi tugas dadi pustakawati lan pembina Pramuka. Klop wis!

Nek ditakok i nyapo gelem dadi guru Basa Jawa sing gajine cilik, jawabane isok nggarai brebes mili sing ngrungokno. Lha piye, Jare seneng eram karo pelajaran basa daerah, nanging sing mulang kok uduk guru sing jurusane basa Jawa. Ping pindhone, Bu Dikka iki mikir, sak ben sekolah neng pulau Jawa, neng endi wae mesti butuh guru basa Jawa.

Mamula kuwi, sak bar e lulus teko SMA, arek enom ayu iki nerusno kuliah e neng Jurusan Basa Jawa, Universitas Negeri Yogya. Atine wes mantep are nguri-uri basa Jawa lan dadi guru. Kabeh maeng yo isok dadi onok sing mbimbing langsung. Kira-kira, ngerti gak sapa sing tak takok no?

Ora liya yo sapa maneh nek uduk Pak Sartono. Guru seni yo seniman teko SMA 1 Parang sing dadi inspirasine. Mulai ngajari nabuh gamelan, ngajari bab karawitan lan sak pinunggalane. Mamula, bu Dikka iki nate nggondhol Juara 3 Penyaji Terbaik Karawitan sak Magetan pas dadi murid SMP 1 Magetan.

Kabeh kui maeng dadi kenangan apik kanggo bu guru Dikka. Nanging, pirang taun kepungkur, Pak Sartono, yo kui bapa kandunge bu Dikka, sampun kapundhut wonten surganipun Gusti Allah. Namung donga kanthi ikhlas mugi-mugi mbak Dikka, ibuk e karo adik e lanang siji, tansah pinaringan iman, wilujeng lan rezekinipun Allah. Aamiin Ya Robbalamin!

Mlebu kuliah jalur prestasi neng UNY, isok nggawe bungah lan banggane pak Isdisusilo, guru seni budaya neng SMA 1 Magetan. Yo musti seneng, mergakno onok siji murid e sing gelem nerusno dadi guru basa Jawa sing arang gelem. Apa maneh jaman dadi murid SMA, bu Dikka iki akeh entuk penghargaan teka lomba seni lan karawitan yo! Mamula, gak salah wis nek arek ayu iki gelem dadi guru neng Sekolah e mbiyen

Onok crita, bu Dikka nate kedapuk dadi MC ( Master of Ceremony) neng onok acara resmi neng sekolah. Acara ne diterno nganggo basa Jawa. Apik jan! Kui kabeh ngono yo dienggo salah sijine upaya piye nglestari no basa Jawa kuwi. Tak omongi yo, tapi iki rahasia lho! Bu Dikka iki isik lajang lho, alias urung nduwe calon. Ayuk dicomblangi ben rame!

Semangat nggulawentah murid-muridmu, bu Dikka! Inshaallah, arek-arek saiki tetep isok njaga budayane dewe lan unggah ungguhe ben dadi luwih apik.

You Are The Chosen One!

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kereeen ulasannya, Pak E.A.Wahyudiono. Sukses selalu. Salam literasi

21 Aug
Balas

Yuh... yuh, dicomblangi hihi.... Eh, saya malah salfok sama foto mobil yang plat merah hehe....

22 Aug
Balas

Selalu keren Pak Eko , Barokallah

22 Aug
Balas

Owalah... Gurune ayu...isih nom....mugiyo cepet entuk jodo....

22 Aug
Balas

Kulo mboten semerap jawi, sek tas sinau durung lulus, sek kelas limo,. Arigatoo, ulasane iso nambah wawasan lan tambah semangat sinau jawi. Salam sehat dan sukses selalu. Salam literasi.

21 Aug
Balas

Sukses selalu ya pak.

22 Aug
Balas

Sukses selalu ya pak.

22 Aug
Balas

Sukses selalu ya pak.

22 Aug
Balas

Alhamdulilla, meski njawane keleleran neng Sumatra, bisa memahami tulisan Pak Eko. Narasinya lancar. Pinter sang penulis, enak ngikuti goresannya. Sang tokoh tak kalah menawan. Mantap.

21 Aug
Balas

Wuih...pancen yo ayu tenan. Umure agi 25 tahun. Sukses Pak Eko.

21 Aug
Balas

Wah, keren. Panjenengan padosaken pasangan engkang sae ngoten lo, pak guru. Niku termasuk tanggeljawabipun bopo kepolo lo... He he he

21 Aug
Balas

satuhu pas candrane...mugi tansah winantu karaharjan mas KS Eko Adri Wahyudiono bersama, widada nir ing sambikala

22 Aug
Balas

Keren menewen guru-gurunya apalagi yang nulis ulasannya. Mugi tansah diparingi sehat nggih Pak.

21 Aug
Balas



search

New Post