MUMET
MUMET
Dening: Eko Budiyono
Iki dina Ahad (6/3). Wayahe nulis muatan lokal, yaiku nulis kanti nganggo basa daerahe dewe-dewe. Gandheng asalku saka Jawa Tengah, mangka tulisanku dina iki migunaake basa jawa. Aku ora arep nulis babagan kang wigati. Nanging, aku mung arep crita prakaryan dina iki kang gawe mumet. Lha kok isa? Pancen kudu ngunu lakune, hehehe.
Sepisan, dina iki Pak Amin Hidayat (Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Grobogan) lan Bu Tietiek Soertirahajoe ( Ketua AGPG) nembe kagungan kersa. Yaiku mantu putri sulungipun kang asma rara ayu Joe Azatil Ishmah Amin. Ingkang dipun dhaupaken kaliyan kang mas bagus Dicanatta Santari saking tlatah Jagalan Lor, Purwodadi. Dene anggenipun kagungan kersa wonten Kyriad Grand Master Hotel, Purwodadi. Nanging, aku ora isa melu mangayubagya dina iki mau. Wingi aku sowan ana ing daleme karo anak, mantu, lan bojoku. Masia ora isa teka, aku seneng ndhelengke karangan kembang kang jejer-jejer katon tumata ana ing sangarepe hotel. Awit, salah sijine saka Asosiasi Guru Penulis Grobogan ( AGPG) kang aku uga ana ing njerone asosiasi kuwi.

Kapindha, keleresan dina iki mau kakangku ya mantu. Aku ketiban sampur dadi seksi calon manten ponakanku dewe Lutfi kang di daupake karo Anang saka tlatah Pohawe, Sendangwates,Kunduran,Blora. Gandheng aku wis dipercaya dadi seksi manten, dadine aku ora isa mara ana ing Purwodadi nekani pawiwahane bapa Amin dalah keluarga.

Kaping telune, esuk mau aku entuk khabar yen kanca-kanca pengurus pramuka kwartir ranting Ngaringan usung-usung. Dene barang kang diusungi yaiku etalase lan administrasi kang ana ing sanggar pramuka sing lawas. Gandheng saiki wis nduwe sanggar, mangka administrasi lan ubarampene diusungi ana ing sanggar kang anyar.
Dina kang mumet kanggoku. Awit sejatine telung gawean kang kudune aku melu ngayahi, nanging ora isa kabeh tak lakoni. Nanging, Alhamdulillah nyatane kabeh katon tumata lan mlaku kanti apik. Mugi-mugi Gusti tansah paring ijabah sedaya ingkang dados niat sae punika. Aamiin. (eb)
Singopranan, 6 Maret **(censored)**
Tagur 365#79
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Aduh jadi pengen belajar bahasa Jawa
Mantap ulasannya
Terima kasih, Bu.
Pak Eko mumet tulisanipun tetep sae. Wah...salut. kersanipun mboten mumet...ngopi rumiyin Bapak.
Huuuu...sedih gak tahu artinya..Lihat fotonya aja deh?Maaf Pak?Salam literasi.
Mumet, amarga ora isa kabeh nglakoni.
Sae Pak tulisanipun. Mugi tansah diparingi sehat nggih.
Kereeen tulisannya pak, salam literasi
Tau artinya gak, Bu? Hehehe