Eko Hastuti

Menulis bagiku menjadi salah satu sisi kehidupan yang penting. Ibarat orang hidup yang harus bernafas, menulis sebagai oksigen yang memberi kesegaran otak dan h...

Selengkapnya
Navigasi Web

Nguri-Uri Basa Jawa

Ngendikane Bu Raihana Rasyid yen dina Setu Blog Gurusiana maringi kalodhangan kanggo nulis nganggo basa dhaerahe dhewe-dhewe. Mau bengi aku wis maca seratane Bu Raihana Rasyid kang migunakake basa Jawa rasa Medan. Ukarane cekak-cekak utawa ringkes ning krasa kremes-kremes. Isine ya mentes, maklum lha senajan kelairane ana Medan nanging Ingkang Ibu asli Purworejo. Dadi basa ibune ya tetep krasa malah luwih mirasa.

Tumrap wong Jawa ngandharake sawijining bab utamane kanggo paring pitutur iku kadang luwih trep yen nganggo tetembungan basa Jawa. Kaya sing dingendikakake Bu Nana, menawa wong Jawa iku uripe urup mula bisa urip kanthi manjila ing ngendi wae. Jalaran wis digladhi wiwit cilik yen urip mono kudu sregep, jujur, prihatin, lan gelem rekasa. Aja mung ngglungguhi klasa gumelar, prayogane kudu cancut taliwanda anggone nggayuh kamulyan.

Menawa uripe wis tumata utawa mapan iya ora kena mung mburu seneng nganti lena. Bisaa tetep prasaja lan waspada jalaran urip iku kaya cakra manggilingan. Lakune urip ora ajeg gumantung awakke dhewe anggone ikhtiar njaga murih urip tetep rahayu slamet nir ing sambekala. Ora lali olehe eling lan ndonga marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ngibadah lan sodakoh uga tansah lumaku reruntungan awit iku sing murugake dalan kauripan iki dadi padhang.

Akeh piwelinge wong tuwa lan leluhur kang wus dadi gegebengan urip ing madyaning masyarakat Jawa. Pepiling kang arupa unen-unen gumathok, ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan utawa mung salugune. Unen-unen mau kang aran bebasan lan paribasan. Uga kang migunakake lelambangan jeneng-jeneng kewan utawa wit-witan kang diarani saloka. Kayata: Ula marani gebug (Wong kang njarag marang bebaya), Kebo nusu gudel (Wong tuwa kang njaluk warah marang anak/wong sing luwih enom), Emprit abuntut bedhug (Wong cilik kang ngadhepi perkara gedhe), Kemladheyan ngajak sempal (Sedulur kang nunut/melu dadi saomah ning ngajak ora bener), lan liya-liyane. Dene yen bebasan iku tuladhane ya akeh. Kayata: Ancik-ancik pucuking eri (Wong kang lagi nemahi perkara kang nguwatirake/mbebayani), Gegedhen empyak kurang cagak (Wong kang pepinginane dhuwur ning ora duwe wragad janggo nyembadani), Cebol nggayuh lintang (Wong kang duwe pepinginan ning sengara klakone), lan sapanunggalane.

Kejaba kuwi isih akeh banget kawruh basa, sastra, lan budaya Jawa kang wigati dimangerteni. Mula ora ana alane yen basa, sastra, lan budaya Jawa iku kudu diuri-uri utawa dilestarekake. Dene yen basa Jawa carane nguri-uri kanthi digunakake kanggo pasrawungan ing sabendinane, kanggo srana komunikasi ing parepatan kang asifat kekeluwargaan utawa sosial. Kalebu kalodhangan kang mirunggan ing media sosial iki (Gurusiana) dadi wahana nglestarekake lan ngrembakakake basa Jawa.

Wonosobo, 9 Maret 2019

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Gema Basa Jawa yang digelar di Jogja. Beberapa manuscript dari Inggris yang dibukukan digital. Termasuk pemahaman budaya Jawa yang tak lepas dari pengaruh Arab. Sae.. Salam

09 Mar
Balas

Nggih pak, nuwun wartanipun.

09 Mar

tindajk Jogja Bun. Enten pagelaran ing Karaton.

09 Mar

Wah, seg kathah acara niki pak Tanto, sanes wekdal mbokbilih lodhang hehe...nuwun rawuhipun nggih.

09 Mar

Alhamdulillah, Mbakku. Meskipun bahasa jawaku "mboh piye-piye" tapi aku bahagia Mbak karena ada sedikit usaha untuk melestarikannya. Jazakillah khoir untuk "nguri-nguri basa jawa" ne. Salam sehat dan sukses selalu. Barakallah, Srikandi Dieng.

09 Mar
Balas

Matur nuwun Dhik Nana, sampun kersa pinarak lan paring panjurung kangge tulisan kula. Alhamdulillah, taksih kersa nguri-uri basa Jawa kanthi legawaning penggalih. Sugeng maos mugi-mugi mupangati. Amin.

09 Mar

Njih Bu Eko...kulo namung saged ngapak...he..he..

09 Mar
Balas

Nggih bu Rini matur nuwun, basa ngapak mandhar sae bu. Wonten Wonosobo nggih sampun radi ngapak kok. Namung asli Magelang dados boten patosa saged. Mangga dipunserat mawon bu Rini, mawi basa Ngapak.

09 Mar

Kulo inggih mawon. Boten saget ngginaaken Basa Jawa kromo inggil. Mangke wagu, lan boten wangun. Salam sehat dan sukses selalu.

09 Mar
Balas

Namung kagem ngrembakakaken Gurusiana pak, mangga nyerat mawon. Nuwun rawuhipun.

09 Mar



search

New Post