Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
BATHIK

BATHIK

BATHIK

Anugrah Eka Putra Yulianto

M. Lutfi Ashari

M. Bambang Wiranto

Yafi Angzil Huda

Dina Rebo, Eka lan kanca-kancane sinau mbathik ing Aula.

Eka : Mbang, ayo ing Aula

Bambang : Arepe ngapa ing Aula?

Eka : Ayo sinau mbathik bareng-bareng.

Yafi : Aku kok ra kok jak?

Eka : Ya ayo mrono bareng-bareng!

Ing tengah dalan pinuju ing Aula.

Lutfi : Arepe ing ngendi iki kok rombongan?

Bambang : Kepooo....

Yafi : Bocah elek ora usah dijak....

Lutfi : Aku jak too...

Bambang : Iya, aku lan kanca-kanca arepe ing Aula sinau mbathik.

Satekane ing Aula Eka lan kanca-kanca diulangi carane mbathik sing apik.

Eka : Heeee... ayo lelehna malaeme!

Bambang : Emoh ngurusi malem-maleman.

Eka : Ndohhhh awakmu ngajak gelut ta?

Yafi : Heeee gak usah gelut.

Lutfi : Ya, bener ikuuu.

Yafi : Wis ayoo di kumpulna maleme!

Eka : Iki malemku.

Lutfi : Iki malaemku.

Sawise ngumpulna malem, banjur dilelehna. Eka lan kanca-kancane miwiti mbathik.

Yafi : Heeee..... aku tak nyidhuk dhisik ya?

Eka : Iyaaaa.

Kanca-kanca padha nyidhuk malem. Banjur dha netesna malem ing kain.

Lutfi : Ngati-ati... panas maleme!

Bambang,Yafi, Eka : Iyaaa!

Sawise netesna malem, aku lan kanca-kanca ngelir kain mau.

Yafi : Heeee... kaine ayo dikelir nganggo kuwas!

Bambang : Ayo... nanging aku ora bisa.

Eka : Mrene,takulangi!

Sawise diulangi Eka, kabeh wis padha isa. Saiki bocah-bocah banjur mepe kain mau.

Eka : Lha wis dadi.

Bambang : Iyaa!

Lutfi : Lha nggonku kok elek....

Yafi : Ndang nangis no, Lut.....

Eka : Iyaa jenenge sinau, ya elek dhisik. Ora apa-apa, sesuk ayo sinau mbathik maneh.

Bambang : Ya ngunu ta....

Eka : Sesuk bathike di gawa ya....

Yafi : Iya

Sesuke kain mau padha digawa dening bocah-bocah. Satekane ing kelas.

Bu Guru : Klompoke sapa sing bathike wis dadi?

Siswa : Kula Bu... Kula Bu.... (saut-sautan).

Bu Guru : Wah... ketoke wis bar kabeh. Ya wis, ndang enggal dikumpulna bathike.

Siswa : (Grudugan ngumpulna bathike).

Bu Guru : Iki garapane klompoke sapa, kok durung diwenehi jeneng?

Eka : Kelompok kula, Bu.... Nyuwun pangapunten Bu, kesupen. (Maju njupuk bathike, banjur dijenengi). Menika sampun kula jenengi Bu, mangga....

Bu Guru : Bathike bocah-bocah apik-apik banget, sanajan isih sepisanan sinau mbathik. Saumpama minggu ngarep dakrawuhna guru bathik maneg, gelem?

Siswa : Purun Bu... purun Bu... (saut-sautan)

Bu Guru : Krana saiki jam pelajarane wis entek, ayo enggal dipimpin ndonga. Sapa gilirane mimpin donga?

Yafi : Kula Bu.... (maju mimpin donga)

Sawise ndonga, bocah-bocah padha salaman karo Bu Guru sadurunge mulih.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post