Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Guru Basa Jawi Miber ing Walandi

Pawartos

GURU BASA JAWI MIBER ING WALANDI

Emi Sudarwati

Dwija Basa Jawi SMPN 1 Baureno-Bojonegoro

Kadidene kaceblokan duren runtuh, nalikaning kula pikantuk pawarta saking Pak Yozi. Panjeneganipun minangka sesulih saking kesharlindung dikdas kementrian pendidikan nasional. Hambokbilih kalih minggu malih badhe dibidhalaken ing Walandi. Pranyata menika sedaya boten amung kabar kabur, nanging nyata saestu.

Cariyosipun mekaten. Ngancik taun 2016, kula ngintunaken naskah Lomba Inovasi Pembelajaran Nasional (INOBEL). Pitung sasi salajengipun, kula katimbalan ing Kutha Bogor, saperlu Workshop lan ndandosi naskah INOBEL ingkang nate kakirim. Panggenanipun inggih menika ing Hotel The Mirah.

Kalih minggu sasampunapun, ditimbali malih 102 peserta sa-Indonesia minangka finalis INOBEL ing Hotel Sunlake wonten Kutha Jakarta. Peserta-peserta kala wau diklompokaken dados tigang kategori, inggih menika MIPA (Matematika lan IPA), IPSB (Ilmu Pengetahuan Sosial lan Bahasa), lan SORAK (Seni, Olah Raga, Agama, Muatan Lokal lan Bimbingan Konseling). Dhateng mrika kautus presentasi lan display ngenani karya INOBEL kula kanthi irah-irahan Peningkatan Hasil Belajar Menulis Cerkak dengan Foto SMS HP (Selfie Media Sosial dan Hubungan Pertemanan). Watara gangsal dinten adicara lomba, saderenge katetepaken juaranipun.

Puji syukur ing ngarsaning Gusti ingkang Murbeng Dumadi, nun inggih Allah SWT. Kula katetepake minangka juara 1 kategori SORAK. Kanthi bebungah arupa arta, ingkang kathaipun kalih dasa yuta (20.000.000,-00) lan laptop. Boten namung menika, nanging ugi kaparingan bebungah saged kesah lan sinau ngenani sistem pendidikan ing negara Walandi.

Janipun pepinginan kesah ing Walandi menika sampun kawangung puluhan taun kapengker. Nalika kula tasih kuliah ing UNESA jurusan Basa Jawi. Kala semanten, Prof. Suripan Sadi Hutomo (dhosen Basa Walandi) ngendikan bilih wonten tigang dasa ewonan naskah Jawi ingkang kasimpen ing Musium Leiden.

Kersaning Allah SWT, pangangen menika saged kados kasunyatan. Sabtu, 3 Desember 2016. 11 Guru-guru Beprestasi Nasional kaundang ing Hotel Swiss-Bell Jakarta kangge pembekalan. Guru-guru menika ing antarane: Ibu Ai Tin Sumartini (Juara 1 INOBEL kategori IPSB), Bapak Suprapto (Juara 1 INOBEL kategori MIPA), kula piyambak-Emi Sudarwati (Juara 1 INOBEL kategoro SORAK), Ibu Febtika (Juara 2 INOBEL kategori IPSB), Bapak Herwin (Juara 2 INOBEL kategori MIPA), Ibu Endang Widoretno (Juara 2 INOBEL kategori SORAK), Ibu Iis Nuraini (Juara 1 Olimpiade Guru Nasional-Bahasa Indonesia-OGN), Ibu Nia Kania Dewi (Juara 1 OGN IPS), Ibu Gilang (Juara 1 OGN Bahasa Inggris), Bapak Imam Mutaqin (Juara 1 OGN Matematika), lan Bapak Suprapto (Juara 1 OGN IPA). Kita didhampingi kalihan Bapak Prof. Wardiman (Mantan Mentri pendidikan taun 1993-1998), Ibu Atik lan Ibu Nani (Staf kesharlindung-kementrian pendidikan nasional RI).

Pembekalan kaaturaken dening Bapa Hendra Sudjana (Kasubdit Kesharlindung) lan Ibu Popy (Direktur Kesharlindung Dikdas). Wonten ing kalodhangan menika, kula janji kalihan panjenenganipun kekalih. Bilih menawi wangsul saking Walandi badhe nerbitaken novel lan buku kang kaaturaken minangka paloporan lan atur panuwun dhumateng kesharlindung.

Minggu, 4 Desember 2016. Watara tabuh sedasa dalu, rombongan tumuju Bandhara Soekarno Hatta. Kita sedaya badhe miber ing Negri Kincir Angin kanthi nunggang Pesawat Emirates. Peswatipun ageng sanget, boten kados pesawat-pesawat ingkang asring kula tumpangi saking Surabaya tumuju Jakarta. Sasampunipun sangang jam, pesawat dumugi Dubai.

Minggu, 5 Desember 2016. Watara setunggal jam, kita sedaya transit ing Bandhara Internasional Dubai. Ngendikanipun Prof. Wardiman, bandhara menika paling wiyar katandhingaken kalihan bandhara-bandhara lintunipun. Mlampah saking gate setunggal tumuju gate lintunipun pranyata tebih sanget. Mila kedah nitih kreta. Lha kretanipun sampun sumadya kanthi gratis. Salajengipun, kita sedaya minggah pesawat malih tumuju Amsterdam. Dangunipun watara sangang jam malih.

Senin, 5 Desember 2016. Pesawat sampun dumugi Schipol Airport Amsterdam. Raos atis kadi lumebet ing frisser, ngantos rumesep ing balung sungsum. Suhunipun ngancik minus wolung derajat. Napa malih ing wanci ratri. Saged ningali toya salju pathing bleber saking angkasa. Handadosken marem ing batos. Kita sedaya sampun ditengga dening Mbak Holdi Sanger lan garwanipun, minangga tour gaet-ipun. Hotel Camoanile ing Kutha Zwolle dados seksi, kula dalasan rombongan guru-guru Indonesia napaki dinten-dinten tanpa kulawarga ing negara manaca.

Selasa, 06 Desember 2016. Watara tabuh 07.00, sedaya sampun makempal ing ruang dhahar. Saderengipun bidhal ing Windesheim University Zwolle. Salah satunggaling kampus paling sae ing Walandi ingkang nyithak calon-calon dwija lan paneliti. Dhoses-dhosen ing universitas menika kerja sama kalihan sekolah-sekolah paling sae kangge nliti sistem pendhidhikanipun. Kita sedaya dipun jlentrehaken ngenani program kerja samanipun dening Lex Stomp lan Marlies Rijbroek (dhosen Windesheim University Zwolle) , saderenge kunjungan dhateng sekolah-sekolah paling sae ing negri kasebut.

Rabu, 7 Desember 2017. Watara tabuh 08.00 rombongan tumuju ing Van Der Capellen Hogeschool Zwolle. Menawi ningali yuswanipun para siswa, ketawis menawi kados ing sekolah-sekolah Indonesia nggih kelas SMP. Dhateng sekolah kasebut, kita disambut dening salah setunggaling dwija ingkang asmanipun Peter Von Vorthuizer. Lajeng diteraken ing ruang kelas matematika dan Bahasa Inggris. Nalika dwija ing sekolah kasebut mucal para siswa, kita angsal nenggani ing bangku wingking piyambak. Sedaya sekolah ing Walandi sampun ngecakaken moving Class. Inggih menika jinising pasinaon ingkang para siswanipun mlebet ing ruangan para dwija miturut jam pasinaon piyambak-piyambak. Dados para siswa boten nggadhahi kelas piyambak, kados umumipun sekolah-sekolah ing Indonesia.

Wanci siangipun wangsul malih ing Windesheim University Zwolle. Adicaranipun inggih menika refleksi. Ngaturaken napa mawon ingkang dipanggihaken nalika kunjungan ing sekolah-sekolah kala wau. Lajeng dibadhingaken kalihan sistem pasinaon umumipun ing sekolah-sekolah Indonesia. Napa-napa ingkang saged dicakaken lan napa ingkang kedah ditilaraken. Amargi boten sedaya sistem pasinaon ing sekolah-sekolah Walandi menika sae menawi dicakaken ing negara kita.

Kamis, 8 Desember 2017. Watara tabuh 09.00 rombongan sampun mlebet ing sekolah Obs Krullevaar Zwolle. Inggih menika sekolahipun lare-lare wiwit umur sekawan taun. Lare-lare ing kelas menika ketingalipun kados dolanan, nanging sejatosipun sinau. Sedaya disetting dados panggenan kangge sinau. Uba rampe pasinaon ugi sedaya cumepak. Rata-rata siswa Walandi menika sampun nate wisata ing Indonedia. Mekaten ugi para dwija lan dhosenipun.

Miturut sejarah, Negara Walandi menika nggadhahi utang ageng sanget marang Bangsa Indonesia. Amargi nalika semanten, nete njajah lan mundhuti pasugihanipun bangsa kita. Wiwit saking rempah-rempah, lan sanes-sanesipun. Sedaya dibeta ing negaranipun, krana siti ing negara kasebut boten cengkar kados ing Indonesia.

Jum’at, 9 Desember 2016. Tumuju Windesheim University Zwolle. Adicaranipun inggih menika refleksi malih. Ngaturaken napa mawon ingkang dipanggihaken nalika kunjungan ing sekolah-sekolah kala wau. Ugi mlebet ing Laboratoriun 21. Ningali komputer lan printer ingkang canggih sanget. Printer menika saged ngedalaken barang tigang dimensi. Boten namung ngedalaken kertas, kados ingkang biasanipun kita sumurupi.

Sabtu, 10 Desember 2016. Sekolah-sekolah lan universitas-universitas ing Walandi sedaya prei menawi dinten Sabtu lan Minggu. Dinten Sabtunipun, kita diteraken wisata ing Kampung Nelayan Volendam. Kaananipun nggih benten sanget kalihan kampung-kampung nelayang ing Indonesia. Boten wonten ambet amis utawa uwuh kumleler ing sakiwa-tengenipun. Sedaya katon tumata lan resik sanget. Ing mrika, kita sedaya ngangge rasukan adat, lan banjut dipoto.

Saking Volendam banjur tumuju Kanal Amsterdam. Watara setunggal jam, kita sedaya kliling Kanal Amsterdam kanthi nitih Kapal Mini Cruise ingkang ageng sanget. Saking kapal menika saged ningali stasiun sepedhah onthel. Wonten ewonan sepedhah onthel kang diparkir ing stasiun kasebut. Sakiwa-tengene kanal inggih kathah bangunan-bangunan kuna ingkang wujudipun edi peni sanget. Ugi kathah sesawangan lintu-lintunipun ingkang boten nate kita panggihaken ing Indonesia.

Saderenge pindah ing Kutha Leiden, kita mampir sholat ing masjid Taqwa Amsterdam. Masjid kala wau mapan ing Kampung Suriname. Ing mrika kepanggih warganipun ingkang saged ngendikan ngagem Basa Jawi Ngoko. Warga keturunan Suriname menika pranyata boten saged ngendikan ngangge Basa Indonesia, amarga tiyang sepuhipun boten ngulangi. Saking masjid lajeng tumuju Hotel Golden Tulip ing Kutha Leiden.

Minggu, 11 Desember 2016. Sekolah lan kampus tasik boten wonten pasinaon. Mila kita nyuwun marang pendamping supados saged wisata ing Paris. Nanging krana wekdalipun boten nyekapi, mila lajeng ditawani wisata ing Brussel-Belgia. Kita sedaya sarujuk. Nalika perjalanan kita asring manggihi kincir angin-kincir angin kang kathah sanget. Pranyata kincir menika ingkang mbangkitaken listrik, amargi Walandi boten gadhah sumber daya alam ingkang nyekapi kados Bangsa kita.

Watara setengah jam, sampun dugi Musium Atomium. Wujudipun kados atom, nanging ageng sanget. Ing salebetipun kathah uba rampe ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan paneliten-paneliten IPA(Ilmu Pengetahuan Alam). Ing atomium watara sedasa menit. Lajeng nitih bis malih tumuju Arcade Du Cinquantenaire, inggih menika Benteng Pertahanan Belgia. Dhateng mriku menika panggenanipun raja lan ratu negara-negara Eropa makempal lan biasa ngawontenaken rundhingan.

Saking mriku, lajeng mlampah ing Istana Kerajaan Belgia. Panggenanipun edi peni sanget. Sae kangge poto ing taman sangajengipun istana. Rombongan mlampah malih tumuju Greja Katedral, ingkang sejatosipun sampun dados musium. Ten mrika ugi namung poto lan mirengaken penjelasan saking Mbak Holdi sanger.

Saderenge mlebet gang alit saperlu ngingali ikonipun kutha Belgia, kita ngliwati Patung Everard T’serelaes. Miturut kapitayanipun tiyang mrika, menawi wisatawan purun ngelus patung menika mesthi bakal bali malih ing kutha Belgia. Mila kula inggih ndherek ngelus, mugi-mugi kapan-kapan saged wangsul malih ing Belgia sesarengan kalih kluarga. Aamiin....

Boten kinira, ikonipun Kutha Belgia namung arupi patung lare alit ingkang lagi pipis. Patung menika naminipun Mannekin Pis. Miturut kapitayanipun tiyang Belgia. Duk rikala semanten. Belgia nate wonten kobongan ageng. Lajeng wonten lare alit ingkang pipis. Dumadakan geni menika saged mati. Nanging miturut tiyang Walandi, menika namung mitos kemawon.

Senin, 12 Desember 2016. Miwiti rutinitas wonten sekolah-sekolah lan Universitas ing Kutha Leiden. Salah setunggalipun inggih menika kunjungan ing sekolah Wolfert Tweetalig Rotterdam lan Rijnlanslyeeum Sassenheim. Kados Sekolah Dasar ing Indonesia. Siangipun kita kunjungan ing ICLON Universiteit Leiden. Pinanggih kalihan Prof. Arthur Pormes lan Prof. Daan Romein (dhosen ing universitas kasebut). Pranyata ingkang ngedegaken universitas Leiden menika lair ing Indonesia, peneripun ing Kutha Semarang. Asmanipun inggih menika Willem Einthoven.

Selasa, 13 Desember 2016. Kula pikantuk kesempatan presentasi ngenani Inovasi Pembelajaran (INOBEL) ing sangajengipun dhosen-dhosen ing Universitas Leiden kasebut. Sanajan boten mangertos Basanipun, nanging para dhosen menika ketingal sanget migatosaken napa ingkang kula aturaken. Sasampunipun ditranslit, nembe sami mangertos.

Siangipun, kita sedaya tumuju KBRI Den Haag. Puji syukur ing ngarsaning Gusti Allah, saged pinanggih langsung kalihan duta besaripun. Inggih menika Bapa I Gusti Agung Wesaka Puja, ingkang aslinipun saking Kutha Bali.

Rabu, 14 Desember 2016. Wangsul malih ing ICLON Universiteit Leiden. Kegiatanipun inggih menika Workshop ngrancang Sekolah Masa Depan Indonesia ing Walandi. Kita sedaya diparingi tantangan, damel prediksi sekolah kangge sedasa taun malih. Siangipun, kita sedaya wisata ing Musium Leiden lan ing Kincir Angin.

Kamis, 15 Desember 2016. Saben klompok prentasi ngenani prediksi sekolah masa depan ingkang sampun dipunrancang kala wingi. Siangipun inggih menika pembagian sertifikat. Lan dalunipun perpisahan kalihan dhosen-dhosen ing Rumah Makan Sumatra. Jum’atipun kita mantuk ing Indonesia. Nuwun.

Emi Sudarwati

Dwija Basa Jawi ing SMPN 1 Baureno

Juara 1 Lomba INOBEL NAS

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Permintaan media Pak Prapto. Sekalian kukirim ke sini. He he he

25 Nov
Balas

Waduh.... Banyak banget.

25 Nov
Balas

Waduh.... Banyak banget.

25 Nov
Balas

Waduh.... Banyak banget.

25 Nov
Balas



search

New Post