Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
SUGENG WARSA ENGGAL

SUGENG WARSA ENGGAL

@ MULOK GEGURITAN

SUGENG WARSA ENGGAL

Sang bagaskara lumesep sakgigiring arga ana ing sore pungkasaning warsa. Sore kang ngukir sewu lelakon, miyaki sakkabehing perkara kang bisa dadi pengilon, ninggalake perkara kang terus lunga playon.

Tumekaning sore, ilange srengenge, ganti ngentekake sisanihg wengi pungkasing warsa 2022. Tidhem tindakke dalu, lumampah munggah pucuking wukir retawu, mudhun jurang banjur jumedhul sunare bagaskara ing warsa enggal 2023, ninggalake sakkabehing tatu ing samodraning rasa. Warsa enggal wus teka, merta janji sewu pangarep, nggawa sewu crita lan warna.

Ora krasa wus enggal warsa, kaya lagi wingi kabeh lekakon diliwati, crita-crita klawu kang grerujit ati, ana sing teka ana sing lunga, ana sing sinebut enggal, ana sing kudu dilalekake, ana sing lahir ana sing tinggal donya.

Jumangkahing laku nuruti wektu, tahun-tahun ganti lelakon, nanging ora ana sing pinesthi. Sing wingi ora padha karo saiki, sesuk ora padha karo mbesuk. Tahun kepungkur, akeh rasa kang ajur, uga akeh sing kudu digawe syukur, kelangan tanpa wilangan, agawe tidhem nora bisa tentrem. Tahun anyar, muga kabeh diparingi gangsar, semangat makantar, rejeki lan lelakon apik sumebar.

Playune tahun ora bisa tinemu, nganti ing sakwijining wektu kabeh bakal lunga. Amung nunggu giliran, nomer antrian, kapan wektu tinimbalan. Ngetung wilangane sangu, yen durung ana ayo padha digolekki, yen isih sithik ayo padha ditambahi, kudu imbang antarane urip uga sangune pati. Ayo padha evaluasi, aja mung ngetung salahe liyan nanging lali ngetung salah lan dosane dhewe. Amarga mengko sing bakal di tanggap dening malaikat dudu sepira gedhene salahe sedulur, kanca dalah tangga, nanging salah lan dosane dhewe.

Ing warsa enggal namung ndherek anyengkuyung donga mugi sederek sedoyo sami pinaringan sehat, panjang yuswa, pinaringan rizki ingkang berkah, soho rahayu nir hing sambekolo, aamiin.

Nuwun,

Depok, 31 Desember 2022

#Endang DH

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aamiin YRA. Kok belum buat artikel lagi, Bun?

04 Jan
Balas

Amiin yra

31 Dec
Balas



search

New Post