Endartiningtyas Sulistiyo

Ibu tiga anak ini mengajar mapel bahasa Indonesia di SMP 6 Rembang . Tugas pertamanya di SMP 7 Blora . Sejak 2008 mutasi ke Rembang . Punya minat dalam t...

Selengkapnya
Navigasi Web

Pundi Ingkang Mimpang,Nak?

Kedadeyan iki dialami dening kancaku nalika isih ngangsu kawruh ing sawijining pawiyatan luhur ing kutha Semarang.

Sawijining dina,kancaku kuwi nonton bal-balan nganti surup Maghrib.Bali saka nonton bal-balan,kancaku kuwi didangu dening bapak kose.Bapak kose sing wis sepuh kuwi piyayine alus tur kebak unggah-ungguh .Yen ngendikan mesthi ngagem basa Jawa krama alus najan marang pawongan sing umure luwih nom .

“Ningali bal-balan to,Nak?”

“Nggih,Mbah.”

“Pundi ingkang mimpang,Nak?” pandangune Bapak kos maneh.

Kancaku bingung banget arep wangsulan apa merga deweke babar pisan ora weruh apa tegese “mimpang” kuwi.

“Nggih,Mbah.Nuwun sewu ,Mbah sampun Maghrib.Kula badhe teng mushola,” ngono ature kancaku marang bapak kose sinambi bablas menyang mushola cedak kos-kosan.

Untung wae ana alasan arep neng mushola. Upama ora njur kepriye?

Kedadeyan kuwi isa kanggo pepeling marang kita yen unggah-ungguh basa kuwi wigati banget dikulinakake wiwit cilik. Amarga yen wiwit cilik bocah ora kulina nganggo basa karma,yen wis diwasa ya kaya ngono kuwi dadine,ora mudheng marang basane dhewe.

SMP 6 Rembang,3 Februari 2018

Rikala kosong jam ke-3,ke-4

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post