Buta Kelangan Galake (Crita Cekak)
Nduweni bapak koyok aku mesthine gak bakalan onok sing betah. Wong bapakku galake super pol! Ogak tau onok benere dadi anake. Mulai melek mripat sampek merem maneh, gak tau telat olehe ngabani. Kudu ngene, kudu ngono, ojok ngene, ojok ngono. Nganti apal. Disipline ngalah-ngalahi tentara. Hla iki, bapakku lho pak guru, kok kerenge eram!. Persis koyok buta!. Sapa buta iku?...mosok rung ngerti, buta iku raksasa sing galake ngepol neng critane pewayangan.
Padahal wis diomong sakben ndino, mesthi jik dibolan-baleni. Ndang tangi, aba sepisanan yen wis krungu adzan Subuh. Ndang nyapu, ndang adus, ojok klothekan nek maem, ojok mulih telat, ndang ngaji,...ndang ndang liyane. Sepisan wae disalahi, tangane bapak mara. Njiwit sakenggon-enggon. Arang ngguyune, methuthut sing mesthi!.
Heran aku, walikane yen ibukku, wonge meneng, arang onok guneme. Ra tau mbelani anak-anake. Paling mung ngendika,”Gak pareng nglamak nang, bapak!” utawa,”Age ndang dilakoni apa sing diutus Bapak!”. Liya ora!.
Bapak ngguyune setaun pisan, nek pas riyaya thok!. Senyum sana-senyum sini, nang anak-anake loman lan sayang. Bar riyaya, mbalik grembyang!.
Cilik nganti gedhe latihane koyok ngono, dadine aku malih koyok ngene. Jare kanca-kanca kuliyahku aku cocoke dadi Polwan wae. Pinter yen ngatur kancane, disiplin sembarange, kaku koyok robot. Mosok?...wadhuh, nek ngene critane, aku wis nurun adate bapakku?.
Ya iku maulah sing nggarahi aku iso ambegan longgar sakwise kuliyah neng Malang kene. Ngekos neng daleme kancane ibukku jaman kuliyah mbiyen, Bu Sumitro. Asma asline Lilik Nuryana, katelah Bu Sumitro mergane sing kakung asmane Sumitro, ngono...
Bu Sumitro nduwe anak mung siji. Lanang. Nanging saksuwene aku ngekos durung nate kepethuk. Umur-umurane jare Bu Sumitro luwih tuwa kono, undha-undhi masku mbarep, lan dinane iki putra tunggale kuwi lagi latihan urip mandiri, jarene...aku dhewe gak mudheng apa karepe latihan urip mandiri kuwi mau.
“Mbak Paping kok durung bobok?, wis meh jam sepuluh lho...”, keprungu swarane Bu Sumitro karo ngambakno lawang sing dakengakno separo. “Enggih, Bu. Saweg nutugaken nggarap makalah?”, jawabku.
Bu Sumitro wonge jan open lan gati karo mahasiswa sing kos neng dhaleme. Kos-kosane onok lima, mujur mendawa kiwane omah. Nanging kabeh kenceng raine omah. Dadine saparipolahe cah kos iso ditamatno saka njero daleme.
Nanging Bu Sumitro wonge care banget, kok. Ora seneng ngaru biru urusane cah kos. Sing penting, tata tertibe dipatuhi, wis cukup. Mung kala-kala yen wonge pas lodhang, seneng ngajak jagongan kaya bengi iki.
“Mbak Paping, bapak jik seneng ngrungokna lagu-lagune Koes Plus?”, Bu Sumitro takon. “Kok ngertos, Bu?”, aku nggenahno.
“Yo, ngerti wae...!”, Bu Sumitro njawab karo ngguyu. “Kapan-kapan bapak diaturi tindhak mrene, mosok ibuk terus sing ndherekno?”.
“Insya Alloh, Bu...nanging, mboten janji. Bapak kula...”, aku medhot olehku ngomong.
“Kenek apa, bapak?”, Bu Sumitro sajak ketarik gunemku.
“Anu, kula remenan kaliyan ibuk. Bapak kula galak..pol!”, semaurku karo sajak piye. Getun yoan ngomong eleke bapak.
Bu Sumitro nggleges banter. “Mosok?. Ah, aku gak percaya!”.
Sing nyenengake maneh, bapak kos nduwe usaha travel, yen pas dina Sabtu lan Minggu, aku sakanca sering dolan-dolan nang panggonan rekreasi neng Malang. Mumpung kuliyah neng kene. Enak, mung dikon patungan tuku bensin lan mbayari sopire. Mobile, gratis...malah iso request sopir endi sing dikarepno!. Kurang enak piye!.
Yen neng hal-hal ngene mesthi aku dadi jonggole. Dadi bendaharane. Alias bageyan narik setoran. Soale nek gak ditarik mbayar neng ngarep, bare angel njaluke. Munyer ae akeh alasane. Aku rak galak, cocok..dadi den-den!.
Lha sing paling disenengi kanca-kanca yen wis request sopir nang Pak Sumitro. Njujuge mesthi dha njaluk Mas Biyan. Ihhh, wonge nggantheng, gaul, lan supel. Enak ngomonge, ngerti ndonyane kuliyahan. Nyambung dijak ngomong apa wae. Malah yen wis disopiri Mas Biyan, kabeh rebutan njaluk lungguh ngarep. Akhire kepeksa daklot!.
Bolak-balik lunga mung aku sing durung nate lungguh jejer sopir. Ora majalah...wong yen wis neng panggonan mengkone mas Biyan jagongane karo aku. Soale aku ora seneng mlaku tah muter-muter, aku mending lungguh neng njabane mobil karo maca buku. Prinsipku, sing penting wis ngengar-engar ati, nyedhot oksigen sing seger, cukup!.
“Mbak Paping, kok seneng maca crita detektif?”, Mas Biyan takon karo ndeloki buku liyane sing dakgawa. “Banget..?”, semaurku.
“Sampeyan ki lucu. Mben mlaku-mlaku nang coban tah segara mung lungguhan neng sandhinge mobil. Kae lho kancane dha munggah nang coban...!”, tangane mas Biyan dada dada nang kanca-kancaku sing ketok dada- dada saka nduwur.
“Mboten pareng teng bapak. Mundhak pacare mbesuk dipek uwong!”, jawabku cekak. Mas Biyan ndomblong,”Apa maksude?”.
Aku mung ngangkat pundhak. Aku pancen uga ra nate takon sebabe. Pokoke welinge, yen neng Malang masiyo melu rekreasi nang segara tah nang air terjun, ra sah melu nyedhek. Wis titik!. Arep takon piye, wong bapak galake koyok ngono. Aku yo manut, tur aku pancen trauma yen nyedhek banyu, amarga pas kelas telu SD nate kedelep neng pemandian. Klop, wis.
Mbuh kok tibake Bu Sumitro ngerti critane aku gak gelem nyedhek banyu. Palingo cah-cah onok sing nyritani.
“Mosok Bapak weling ngono, Mbak?”, Bu Sumitro nggenahno. Aku mung ngguyu. Kate crita apa maneh, wong buktine wis ngono. “Mitos kuwi...hehehe”.
Sawijining dina nalika aku sakkanca dolan nang Balekambang, ndilalahe mulihe mobile mogok. Wadhuh,...mesakke Mas Biyan. Kanca-kanca dha milih numpak angkot tinimbang ngenteni mobil gantine. “Ra po po, Mas. Gak usah ngenteni mobil gantine,...dak numpak lyn wae...”, pamite cah-cah. “Paping wae sing mbarengi, gak onok sing nyemburoni, Paping rak tomboy!”
Aku ngrewangi Mas Biyan, eh ora, mung mbaturi ngurubna senter. Adoh lor adoh kidul, bengkel gak onok. Ning sajake Mas Biyan ki mahir, kok. Akhire mobile kenek diuripna maneh. “Wah, iki gara-gara mari disewa wong. Sajake onok sing srei...”, mas Biyan nggremeng karo tandang gawe sinambi ngebel Pak Sumitro.
“Mengko dakjak mampir kantorku, Mbak Paping. Aku nduwe buku crita detektif akeh”. Wow, aku seneng eram. Oleh bonus ki sajake?
Dadine kantor kuwi yo kosane mas Biyan, akeh tunggale liyane. Racake sopir-sopir panggilane pak Sumitro kuwi pegawe paruh waktu, mahasiswa kabeh!. Hebat, ...yo kuliyah yo kerja. “Aku gelem melu kerja neng kene, Mas?”, tembungku.
“Tenane?. Mengko dakaturna Pak Sumitro..., iki onok lowongan PR !”, jawabe Mas Biyan.
Kuliyah nyambi kerja, nggolek dhuwit dhewe, senengku ra jamak nalika dihonori neng wulan kawitan. Maune bapak gak setuju, malah muring-muring, ...brandangan nang nggon kos-kosanku. Nanging mbuh kena ngapa sakwise jagongan karo Bu Sumitro, bapak wis ora muring-muring maneh. Malah nalika kondur, ngandani aku yen pancen niyat nyambi kerja dikon sing temenanan. Heran,...!
Kerjaku mung dina Sabtu karo Minggu. Liyane saklonggarku yen pas onok kalodhangan wektu. Aku seneng wae, soale kerja neng kene kenek daknggo refreshing...saka tugas-tugas kuliyah.
Koyok critane sinetron, pas malem ulang taunku, ndilalahe malem Minggu, sakwise nutup kantor, aku dijak Mas Biyan lungguh-lungguh neng alun-alun kutha Malang. Njajan bakso karo lesehan. Nalikane enak mangan, Mas Biyan ngongkon aku maca sms sing dikirim. Aku ewuh dhewe sakwise maca, hla piye wong unine ngene...Ping, saumpama sampeyan dakdadekno bakalanku , piye?...sugeng tanggap warsa...
Tibake Mas Biyan kuwi, yo, sing saiki dadi the best manku, putra tunggale Bu Sumitro. Mas Biyan pengin dadi Joko Kendhil sing nemu jodho gak merga nyawang keduwekan, nanging nyawang apa anane dheweke. Wah, geger kos-kosan sakkompi nalika Mas Biyan sore iku mara nyusul aku budhal kerja.
“Tenane Paping jadian karo Mas Biyan? Salah deleng be’e...” Lestari olehe ngomong dibanterna saka njaba kamar.
“Iyo, wong Bu Sumitro dhewe sing crita?”, keprungu onok sing njawab ngono. Aku mung meneng wae. Arep piye maneh?
Kanggo njagani omongane uwong, mulane dhek riyaya idul fitri, nalika aku wayahe mulih, aku diterna Bu Sumitro sakkeluwarga. Aku dhewe gak wani matur bapak. Bu Sumitro nyaguhi arep matur dhewe ngenani karepe Mas Biyan sing wis mantep arep jejodoan karo aku.
Nganti Bu Sumitro sakkeluwarga kondur, bapak ora takon piye-piye. Meneng...wae. ibuk mung menehi sasmita aku dikon nyedhak bapak neng kamar. Bapak nyawang aku, mripate koyok murub saktleraman karo nyuwara sora, “Paping....!”. wis mung ngono thok.
Kabeh crita mesthi onok pungkasane, masiyo mari ngono ngawiti crita anyar maneh. Aku yo ngono,...sakwise kuliyah meh rampung, aku lagi ngerti yen bapak kuwi mbiyen nyenengi Bu Sumitro. Nanging bapak kasep, Bu Sumitro wis nduwe jago liya, yo kancane bapak dhewe. Akhire tresnane bapak dienggokna nang ibukku sing kanca sakkamare Bu Sumitro.
“Bapakmu galak kawit mbiyen,...mung ibukmu sing iso nyrateni!”. Kok bapak ngendhe-endhe olehe nelakake tresnane? . Miturut Bu Sumitro sing infone saka Pak Sumitro, tibake bapak, Pak Sumitro,ibu, lan Bu Sumitro mbiyen rak karemane pecinta alam, yen nganti tiba nresnani, wedine pedhot neng tengah dalan, amarga akeh mitos sing dipercaya yen dolan nang’kono’ utawa nang ‘kene’ nggarahi pedhot. Sepele banget jalarane?
Mulane, kok Bu Sumitro uga iso nglilihna bapak nalika muring-muring mbiyen kae koyok ibu? Tibake?
“ Aku emoh yen Biyan kedhisikan wong liya, Ping. Mulane kowe daktakokna kae ben Biyan gak ngalami nasib koyok bapakmu mbiyen,...hehehe...”.
Owalah...owalah...
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni Siti Nurhayati
d.a. MIN Rejoso Peterongan Jombang (61481)
Rekening Bank Jatim Cabang Jombang
a.n. Eni Siti Nurhayati no. **(censored)**
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Alhamdulillah, berkat keikutsertaan di Kela Editor Buku Batu, 30-31 Desember 2017, selaku pengarang cerpen aku mendapat ilmu swasunting. Ternyata...cerpenku bertabur kesalahan, terutama ejaan. Terima kasih Bunda Istiqomah selaku mentor yang KEREN dalam menyampaikan materi. Luv u 4-ever!