ERNY AMBARNIBGRUM, S.Pd.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Tantangan 365 Gurusiana Hari ke 240 Tantangan gurusianaKrupuk
Krupuk

Tantangan 365 Gurusiana Hari ke 240 Tantangan gurusianaKrupuk

Krupuk

Indonesia kuwi terkenal amergo werna-werna suku lan adat istiadate sing beda-beda. Beda-beda masakanne, basa, lan aneko budaya kang beda. Beda ora popo anangin tetep nyawiji. Pancasila, Undang-Undang Dasar 1945 lan Bhinneka Tunggal Ika. Ora gampang kanggo ngumpulke apa-apa sing beda. Mugo-mugo negara kita aman, tentrem saka liya-liyane.

Anane suku-suku sing beda dadine panganane ya beda-beda. Daerah kana panganan apa sing pinunjul, nganti ing daerah- daerah liyane. Contone sego padang, ing kota ngendi wae warung sego padang mesthi ana. Wong Yogya pinunjul panganan gudeg. Semarang ana panganan jenenge “Ganjel Rel”. Panganan bolu kothak lan di wenehi wijen duwure. Amergo bentuke kothak lan kandel serta wernane coklat tuwo, diarani ganjel ril.

Ana panganan kang di senengi bocah-bocah nganti wong tuwo uga seneng. Bahane saka gamdum, di campur pati lan di wenehi rasa urang, bawang, trasi. Di gawe pabrikan bisa, ing rumah tangga uga iso. Di goreng karo lenggo bisouga nganggo pasir uga biso. Panganan iku arane krupuk. Krupuk panganan murah meriah bisa kanggo cemilan utawa kanca mangan. Sak Nusantara iki maceme krupuk wis ora iso di etung. Kabeh daerah meshi ana krupuk sing dadi cirine daerah kuwi. Koyoto krupuk kulit iwak, kuwi asale saka daerah pesisir. Daerah Kaliwunggu terkenal karo krupuk tayamum yaiku krupuk sing digoreng karo wedi/pasir. Rasane gurih asin lan ana sing rasa gurih manis. Krupuk murah meriah lan akeh di senengi wong akeh. Mula saiki akeh pabrik krupuk sing aneka rasa lan jumlahe wis ora nganti kepitung.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post