Bedo Kolam Bedo Iwak, Bedo Panggonan Bedo Basa
H-13#tantanganmenulis.
Ngomongake basa iku saben daerah bedo-bedo masio to podo basa Jawa. Basa daerah ing panggonanku iku ana basa using lan basa Jawa. Tapi aq saben dino nggawe basa Jawa amarga ora iso basa using tur aku dudu keturunan suku using. Simbah buyutku biyen wong Jawa Mentaram Yen saiki jenenge Ngayogyakarta.
Ngayogyakarta...ngelengake kenangan jaman biyen nalika kuliah. Patang taun luwih urip neng Jogja,akeh budaya seng tak pelajari. Wong Jogja iku sopan, jaga budayane, ulet makarya, basane alus lan open karo wong.
Awal dadi mahasiswa ono basa seng anyar beda Karo basaku. Biyen saben esuk ono wong mlijo langganan arek-arek kos, Mbak Singgang jenenge. Dodolane maneka warna ono panganan Mateng lan ono panganan mentah. Panganan mateng koyo to Sego kucing, buntil, arem-arem, lotek, lawuh, kerupuk, es, kopi, jamu lan liane. Yen janganan mentah koyo kangkung,bayem,iwak mentah,terong, pare, lan liane.
Saben mlebu neng kos Mbak Singgang mesti celok-celok " Nok...tangi segone wes mateng ". Saben teko mesti ngomong ngono iku. Amerga aku mahasiswa anyar urung pati kenal karo mbak-mbak kos tak kiro " Nok" iku jenenge salah siji mbak kos. Oalah aku lagi paham tibae " Nok" iku singkatan seko " Denok ". Artine Podo koyo " nduk" singkatan seko " gendhuk".
Lain dino aku diajak dolan neng omahe koncoku daerah Sleman amerga enek preian 3 dino. Aku nginep neng Kono diajak dolan neng omahe dulur-dulure kancaku. Sore balik maning neng omahe koncoku. Ibue kancaku nakoni aku " Nok ... Sampun pakpung ?". Aku ora ngerti maksud e ibue koncoku aku langsung jawab " enggeh ". Mari ngono aku takon koncoku tibae " pakpung" iku artine "adus".
Ono maneh budaya sampe saiki aku eleng yaiku saben aku nyopo bocah-bocah mesti jawabane "enggeh Kulo". Ngrungokne jawab ngono aku demen karo bocah-bocah iku sopan marang wong seng luwih tuwo. Pancen Yo bedo panggonan iku bedo basa, bedo istilah. Paribasane koyo bedo kolam beda iwak e.
Banyuwangi, 15/02/2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar