Tansah Rukun
Wilujeng enjing sadherek MGI ingkang kinasih ing Gusti..
Ing enjing ingkang endah punika mangga kula dherekaken, muja muji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih, awit saking kamirahanipun kita sami tasih dipun paringi kasarasan, kabegjan, kacekapan ing kabetahan, tuwin tansah saged pinanggih malih, sinaosa langkung sarana media sosial Gurusiana punika.
Kula pitados sadaya sadherek Gurusiana ugi binerkahan ing sadayanipun, mila mangga sesarengan kita syukuri kanthi tumindak ingkang langkung sae tinimbang wekdal-wekdal kepengker.
Endahing enjing punika, katilik saking sinar surya ingkang sumunar dumugi pelataran kita. Mangga sami kita ginakaken kangge ningkataken kasarasan kita, amargi wonten ing sunaripun sang surya wonten paedahipun kangge damel utawi mbentuk Vitamin D. Balung-balung kita ugi tansah pinaringan sehat, boten gampil kenging sakit kadosta osteoporosis, rhematik, utawi sakit-sakit sanesipun.
Kula mangertosi kawontenan ing pinten-pinten wulan punika kados-kados saged damel alitipun manah. Amargi pandemi Corona utawi Covid 19, ndadosaken kita boten saged tumindak kanthi gampil menawi badhe kekesahan, seneng-seneng, punapa malih badhe dolan-dolan silaturahmi dhateng sadherek kita ing pundi kemawon. Malah ugi, kadang kala kita mamring ing manah, amargi boten mangertosi badhe ngantos dumugi mbenjing punapa kawontenan kados makaten punika. Lare-lare sekolah kedah sinau lan ujian saking griya. Piyantun nyambut damel inggih dipun angkah saking griya sadaya. Ananging boten saben padamelan saged pun lampahi saking griya. Kadosta sopir, piyantun ingkang dagang wonten pasar, lan tasih kathah malih padamelan sanes ingkang kedah pun lampahi kanthi medal saking griya.
Mila mekaten, mangga kita sami ningkataken kerukunan, satunggal tuwin satunggalipun sami gegandhengan tangan, angraketaken manah lan pandonga amrih Gusti ingkang Maha Welas Asih, kersaa enggal paring margi kangge ngrampungaken kahanan ingkang nembe kita adhepi sapunika.
Kula pitados, sauger kita sadaya purun ningkaten karukunan, ingkang nembe wonten rejeki linangkung, kersaa paring pambiyantu dhateng sadherek sanes ingkang nembe nandang sungkawa, kadosta ingkang nembe dipun PHK, ingkang nembe pun dhawuhi leren amargi padamelanipun sepi utawi daganganipun boten pajeng. Linangkung sae malih menawi kita saged angrukuni dhateng tangga tepalih, sadherek, kadang sanak ingkang wonten sangandhap kita padamelanipun. Kanthi pangajab sadherek sadaya boten sanget ingkang nandhang prihatos.
Mugi pandonga kita sadaya dipun ijabahi dening Gusti.
Mekaten atur kula. Kula nglenggana kathah kekiranganipun wonten ing atur utawi seratan kula punika. Mugi sadherek kula anggota MGI sadaya, kersaa paring samodra pangaksama. Ugi mbok menawi atur kula kirang mranani, wonten atur ingkang dereng trep kaliyan paramasastra lan unggah-ungguhipun basa, kula nampi dukanipun panjenengan sami.
Nuwun maturnuwun. Gusti hamberkahi kita sadaya.
#tantangankaping30
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Njih Bu siap. Aejatise eawt Maia seratan basa Jawi njih, Bum oadahal orang Jawa
Mtrnwn b guru Tacyna...mugi tansah binerkahan ing Gusti...amin