Hari Prasetio

Lahir di Cilacap 25 Maret 1967. Lulusan SDN 1 Karangtalun Cilacap (1980), SMPN 4 Cilacap (1983), SMAN 1 Cilacap (1986). Alumni Universitas Sebelas Maret Sur...

Selengkapnya
Navigasi Web
Nguri-uri Dalang Jemblung
Sumber : Dalang Jemblung Tambak

Nguri-uri Dalang Jemblung

Dalang Jemblung klebu salah sijine kesenian asli Banyumas sing wujude unik. Kesenian kiye ora nggunakna tetabuhan kaya kesenian Jawa liyane. Dalang Jemblung mung ngandalna swara pemaine sing nirokna swara gamelan.

Jaman siki kesenian kiye wis jarang dipentasna, bedha karo kesenian ; lengger, genjringan, macapatan, lan ebeg sing esih disenengi masyarakat Banyumas.

Nang kurikulum SD ana materi muatan lokal budaya Banyumasan kanggo upaya nguri-uri budaya asli Banyumas. Kabupaten Banyumas sing pusat pemerintahane nang kota Purwokerto wis dijuluki kota pelajar lan kota budaya.

Nang tlatah Banyumas ana tradisi, nek ana wong nglairna bayi utawa nguyen. Mbengine tangga teparo padha diundang tirakatan utawa lek-lekan tekan subuh. Kanggo cagak lek ben ora ngantuk ana sing nembang macapatan. Miturut sejarahe macapatan dadi maca kanda sing dadi asal-usule Dalang Jemblung.

Pemaine paling 5 nganti 7 wong sing pementasane nang njero umah, salah sijine pemain wong wadon sing dadi waranggana utawa sinden lan salah sijine pemain dadi dalange ngrangkep dadi pemain.

Peralatane Dalang Jemblung mung nganggo kudhi utawa gaman khas Banyumas sing gunane kanggo gaman adegan perang. Alat liyane ya guwe cempala sing gunane nggo keprak dalange.

Pakean sing dinggo pemaine pakean khas Banyumas, kaya ; sorjan, blangkon utawa iket, jarit batik, sandale selop sing biasane denggo upacara resmi Banyumas. Crita sing biasane dipentasna padha karo crita wayang sing diarani babad menak utawa serat menak, critane nyangkut masalah penyebarane agama Islam sing wis kondang kaya dene wong agung menak. Padha bae sing dicritakna nang pementasane wayang golek menak karo lakone sing wis kondang, kaya ; Amir Hamzah lan Umar Maya-Umar Madi, kadang ya dalange nyritakna crita panji.

Pemain Dalang Jemblung sing wis pengalaman, pinter nggawa banyolan utawa lelucon sing agi disenengi masyarakat Banyumas. Sanajan siki wis kurang disenengi masyarakat, nang desa-desa esih sok ditanggap, mergane kesenian Dalang Jemblung dianggep murah lan paling gampang pementasane. Kejaba nggo hiburan uga kena nggo panutan sing akeh muatan pendidikane liwat sindiran-sindiran sing pas karo kahanan masyarakate.

Kabupaten Banyumas sing ibu kotane nang Purwokerto sing wilayahe sengisore gunung Slamet, kota sing adem lan tenang sing bisa dadi penyangga Kabupaten Cilacap lan Kabupaten Purbalingga. Kota Purwokerto wis dijuluki kota pelajar, kota wisata, lan kota budaya, masyarakate sing ramah bisa dadi masyarakat sing maju tanpa ninggalna tradisine sing adi luhung.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Pak Hari, Dalang Jemblung teng desa kulo riyin jane wonten namung dumugi sapunika sampun langka, gih leres di uri - uri supados lestari.

03 Dec
Balas

Nggih Bu Lilik, kathah pitutur ingkang sae lan geguyonan khas Banyumasan, nuwun.....

05 Dec



search

New Post