Harlis Purwaningsih

Fb: Harlis Purwaningsih Lahir di Probolinggo dan mengenyam pendidikan mulai TK sampai Perguruan Tinggi di kota Malang yang tidak lagi dingin...sehingga memutus...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pangiling  Kanggomu

Pangiling Kanggomu

Tagur hari ke 1 dari 365

(D)amar ublik kang kelip-kelip ning senthong

(I)guh rebutan hawa karo menungsa

(L)aler ijo kang miber ning ngarep netra

(A)weh pratanda ala marang sapada pada

(H)angganira kudune tetep waspada....ngger

###

 

(K)adang sedhulur ora mesti cedhak, cah ayu..

(U)gung mesti sedya yen slirane butuh

(R)ekasane upaya uwal saka perkara

(N)glanggati keperluan kang dibutuhne

(I)bumu amung isa dedonga marang Gusti

(A)ngger slirane isa tandang gawe kanti becik

###

 

(A)bang wernane langit ning sisih wetan

(D)adi tandhane miwiti sumunare srengenge  

(E)suk iki, selawe tahun umure slirane

(S)emestine dadi pratanda kenya dewasa

(T)resnane ibu, bapa lan sak kabehane

(Y)asa tentreme pikir lan atimu...nduk

(A)ngger-angger agama mugi dadi panutan

(R)eridhu ndonya amung sakcuil pangiling

(I)lingono yen kabeh mung saka Gusti Allah

(N)gudi  kasanggupan bekti lan ikhlasmu

 

Kanti dhadha kebak trisna,

Lumajang, 01 Januari 2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Tentu puisi indah ini berisi nasihat pertanda kasih ibunda. Enin mengerti sedikit-sedikit.

02 Jan
Balas



search

New Post