Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web

"Bocah dudu boneka Tayo"

Ngrumat bocah kuwe ora gampang, ning ya ora angel. Kabeh mau tergantung wong tuwane. Nek wong tuwane lewih seneng nggolet duwit, ngrumat bocah dadi krasane angel banget. Wong tuwa jaman sekiye, mentang-mentang pada bisa nggolet duwit, ngasi ora kober ngrumat bocah. Kabeh dipasrahna karo rewang.

Wong tuwane ngode bali ngumah wis sore, awake kesel, mangkate esuk uput-uput. Bocaeh mung nggo ampiran kaya terminal bae, bar kuwe dicekelna nang rewange. Sing nggendhong, ndulang, ndolani, nurokna, ngedusi, mawiki, nggenti popok, ngudang, kabeh-kabeh nang rewange. Nek modele kaya kiye, ora maidho, nek bocah nangis kepengin apa-apa sing digoleti rewange. Wong nyatane dadi kaya anake rewange. Lamun sih nemu rewang sing bener, lha nek ketemune sing ora bener ... bisa cilaka temenanan.

Pas durung ana bocah, nguja nggawe men duwe bocah. Eh ... basa siki wis metu mak ceprol ... bar kuwe malah dititipna rewang. Alesane kerja nggo nyukupi kebutuhan. Ujar-ujare nek nang ngumah bae ngrumat bocah, kebutuhane mbok ora kopen kabeh. Apa iya kaya kuwe??? ...

Nek dipikir temenanan, kiye nek dipikir temenanan lho ..., wong tuwa sing temenan lhe ngrumat bocaeh, ngrumate ora disambi apa maning dicekelna rewange, biasane mengko-mengkone, bocaeh dadi maen. Maen polaeh, maen perkembangane, maen solah bawane, maen sekabehe, soale wong tuwane "full" anggone ngeweih rasa senenge nang bocah. Dadi bocah ya ngrasa di bocahna (diuwongna).

Nyatane ngrumat bocah kudu ana sangune. Kudu ngerti ilmune, ora kur janjian thok. Akeh-akehe, wong tuwa gole ngrumat bocah mung sekemutane. Mbiyen wong tuwane gole ngrumat deweke kaya ngapa, lha kuwe dinggo ngrumat bocaeh siki. Nganggone ilmu sekecekele karo sekemutane. Nek kaya kiye carane ... repot temenanan. Dadi wong tuwa padahal durung siap dadi wong tuwa. Nyatane anu ora sengaja dadi wong tuwa ... mbok kuwe lho.

Kayane ket mau mung ngomong wong tuwa sing ora bener. Jan-jane sing bener ya pirang-pirang. Wong tuwa sing ngrumat bocaeh bener, maen, kaya contone nabi, ya akeh. Wong sing pada sinau sit carane dadi wong tuwa sing bener sedurunge ngrumat bocah... ya akeh, pirang-pirang.

Wis disiapna kawit sedurunge nggawe bocah. Calon wong tuwa lhe nggolet pasangane ora janjian. Papan panggonane sing siip. Nek arep tuku jajan mbok milih-milih nggon, apamaning kiye, milih calon biyung karo calon rama, masa saenggon-enggon.

Kabeh mau kudu disiapna sedurunge. Lha nek wis kebanjur dadi wong tuwa, wis duwe bocah kepriwe kuwe? ... nek kaya kuwe, gelem ora gelem ya kudu sinau. Aja malah ngglogog bae. Wis ora ngerti, ora gelem sinau. Bocah kuwe udu boneka, kari lha "boneka tayo", gawene di glethak nang pinggir ndalan. Ya aja kaya kuwe, tanggungjawabe mestine mandan ana lah. Bocah kuwe kan ngesuk sing bakale ndongakaken wong tuwane.

Ayuh pada ngrumat bocah sing bener, men uripe tenang ngemben mburine.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Nggih leres, Pak. Sing jenenge rewang, senajan emana kaya ngapa wong dudu biyunge dhewek ya tetep sejen bae.

13 Jan
Balas

Duko kepripun niku, seniki sami hobi nitip-nitipaken lare.

13 Jan

Leres niku pak. Mulane bocah siki jan nek neng sekolahan pada sekarepe dewek

13 Jan
Balas

wontene kados niku nggih bu. sing sabar mawon, mugi-mugi sami bekti kaleh gurunipun.

13 Jan

wontene kados niku nggih bu. sing sabar mawon, mugi-mugi sami bekti kaleh gurunipun.

13 Jan

Mari Pak...anake dewek yo dirumat dewek koh...

13 Jan
Balas

Yayaya betul sekali...mari mari..

13 Jan
Balas

Monggoh bu puspa, dipun labeti.

13 Jan

Aduh ...Jan ... Aku krasangawak kie ... Genah iya ketemu bocah angger sore ... ndina2 karo embaeh ... ya piwe maning P Pras ....

13 Jan
Balas

Nyatane kepepet ya bu, kepriwe maning sih ya.

13 Jan



search

New Post