Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
ilustrasi : enthilca.com

"Mbelgedes"

Jere jamane wis maju, jere era digital, jere jaman kekinian. Nang ngapa pas ana lindu sing di thuthuki esih kentongan. Ujarku wong jamane wis maju ora ketulungan kaya kiye, wis ora nabuih kenthongan, ganti karo wa, instagram, apa facebook. Jebule theklek kecemplung kalen, timbang golek alung balen.

Kepriwe bae majune jaman, kenthongan tetep bae jawara. Ujarku sih, nek penemumu kepriwe kang?

Omongane rika bener kang, pancen kenthongan kuwe ora ana gentine, mbuh arep majua kaya ngapa jamane. Soale kenthongan digawe sekang alam, pring nek ora kayu, dadi mesti lestari. Ora kegiles nang owaeh jaman. "Kenthongan is the best".

Nek rika kepriwe yu?

Nggo aku kenthongan wis ketinggalan jaman, jadul, ora uptodate, ora kekinian, pokoke ora zaman now bangetlah. Wis ngonoh dipikir, apa kenthongan bisa nggo sms, bisa nggo wa an, facebookan, apamaning instagraman. Bisa apa ora? Rika ora pada nggo tehnologi anyar, dadi ngertine mung kenthongan thok. Nek nyong, lagi ora sombong kiye, nang ndi-ndi eksis. Rika eksis pada ora ngerti mesti, tek wei ngerti siki, eksis kuwe ana terus, tampil. Lha aku siki gambare nang ndi-ndi ana, soale fotoku tak pasang nang kono. Ora kaya rika pada.

Yu Ndremis pancen siki wis kaya artis, nyong wingi weruh gambare lagi nang terminal, kacamataan ireng, lambene lifenan abang mbranang, klambine kuning jreng, ilate melet dawa banget, karo tangane ngewei tanda jriji loro. Nang ngisore ana tulisane "otw tilik biyung nang ngumah". Rumangsane wis kaya artis temenan, rumangsane apik banget, kayane. Nyong ndeleng fotone, maune kepengin madang, dadi ora doyan madang.

Aja kaya kuwe rika kang? Ngece temen, rika durung ndeleng gambarku liyane, sing lewih apik, esih akeh. Kuwe rika mung sentimen karo aku bae, soale rika ora bisa eksis kaya aku, ya mbok? Rika bae sing gaptek, mulane tuku hape sing mandan larang, nyicil tuli bisa, dadine mengko rika ora gaptek. Nggo foto ya genah. Nggo nulis, tulisane ya apik.

Gyeh... rika pada ribut mung gara-gara barang kaya kuwe. Kabeh duwe kelewihan karo kekurangan, ora usah pada paidon, sing penting aja pada kelalen mbayar. Ngobrole ta iya, buket banget, giliran kon mbayar pada klalen.

Rika tenang bae kang, ... gedang gorenge wis mateng durung?, dienteni ket mau, ora metu-metu. Kopi kiye jodone gedang goreng, ndi kang? Aja diumpetna baelah. Rika jane niat dodolan apa ora sih.

Bener rika kang, kiye lhe dodolan mandan ora niat kayane. Nyong pesen kopi segelas, masa mung diwei setengah gelas, ngarang banget bakule.

Wis siki pada mangan sing serius, kang tulung gedang gorenge ditokna ngeneh. Karo kopine yu Ndremis dikebeki sisan, mengko kabeh aku sing mbayar. Ora usah kuatir.

Apa rika duwe duwit kang? Bakule takon. ... nek siki durung ana, tapi ngesuk aku duwe. Trus siki rika gagah arep mbayari kabeh, arep mbayar nggo apa? ... siki ya utang ndisit kang, ... kaya kuwe be ora ngerti.

Bakule trus mlebu njero karo nggawa gedang goreng sing maune arep di tokna. Nek ngomong ta iya, kaya iya iya a, dompet kopong arep ngebosi kancane, kaya kuwe ngakune "zaman now". Mbelgedes kabeh.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

jebule ....ora sida pada macit ...ha ha ha

16 Dec
Balas

jebule ....ora sida pada macit ...ha ha ha

16 Dec
Balas

Asli sung cipokane yahuud..moci karo dopokane iyaa,,,cumaan,,kurang koheren sitik,,rada mlempat kaya kidang,,hehehehe,,

16 Dec
Balas

Ya wis, ngesuk tak dandani men mandan gathuk. Matur nuwun.

16 Dec

Haa... Pak pras jebule lucu...

16 Dec
Balas

Jane bakat alami bu. Mung lagi nyamar bae.

16 Dec

Kurang gedang goreng. Ora sida metu je.

16 Dec
Balas

Matur nuwun. Aku mau kelalen ora njenengi. Ngesuk-ngesuk tek jenengi kabeh, men genah. Matur nuwun.

16 Dec
Balas

Sing ndopok si Yu Ndremis karo sapa Kang ? Jujur, apik pisan !!

16 Dec
Balas

Kiye anu pd ndopokan ya Kang ?

16 Dec
Balas

Warung kopi.

16 Dec

Waouw...serius banget banget...dan alamiah siiiiiiiiiiip

16 Dec
Balas

alamiah, murah, meriah.

16 Dec

Hahaaa... mblegedes jor kon poran. Asal urip disit. Muga-muga ketulungan jaman. Apa malah sengsaya mblegedes.

16 Dec
Balas

Sengsaya dadi.

16 Dec

Nggone inyong ora padha nuthuki kenthong pak pras.

16 Dec
Balas

Sing penting aja nuthuki tanggane bu.

16 Dec



search

New Post