Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ora Sranta

Ora Sranta

Wis ora sranta. Karepe cepet tanggal siji Oktober. Ora susah ana tanggal telung puluh September.

Lagi nang ngapa kang? Nganeh-nganehi temen. Kaya lagi memeti bae. Jane tanggal siji Oktober kuwe ana apa kang?

Rika apa durung krungu kabar kang Bayu? Wah, ketinggalan info rika. Mesti rika ora maca koran. Beritane genah wis tekan ngendi-ngendi, rika sing nyanding malah ora ngerti. Sedurunge tek wei ngerti, kopine diumbe sit bae kang. Men rika siap mental ndisit. Mbok kaget banjur semaput malah dadi gawe. Kuwe gedhang gorenge dipangani aja mung didelengna thok. Nyong ngerti nek rika wong sugih. Mbayar gedhang karo kopi entheng, ning khusus dina kiye rika tek traktir kopi nasgithel karo gedhang gorenge, ning siji bae aja tandhuk.

Nyong durung krungu kabar sekang rika bae wis gemeteran kiye kang. Antara percaya karo ora yakin. Soale tembe ana kiye, rika mbayari wong liya nang warung. Rika mabok apa lagi proses pengobatan kang?

Rika ditraktir ora matur nuwun malah kaya kuwe. Ngece banget rika kang. Nyong wis ora kaya maune. Siki nyong wis mlebu kumpulane penulis. Dadi wis mandan ana bedane kang.

Siap-siap kang. Kang Dirjo ngeneh kumpul sedela. Nyong arep ngewei pengumuman. Dadi kaya kiye kang, rika aja padha kaget ya. Ngesuk tanggal siji Oktober nyong arep melu "launching buku" nang pendopo kabupaten.

Maksude kepriwe kuwe kang? Untung bae nyong cekelan kursi dadi ora mumbul saking kagete.

Ah lebay rika kang. Nyong pancen ora ngomong sapa-sapa nek wis nggawe buku lan wis dicetak. Lha buku sing tek gawe kuwe ngesuk tanggal siji Oktober arep di launching maksude diumumna nang pendopo kabupaten Purbalingga. Ora baen-baen kang, sing ngresmikna bu plt bupati Purbalingga.

Wuih temenan kuwe kang?

Nyong ko mandan ora percaya bae lho kang. Wong rika dasare ya ora seneng maca buku apamaning nulis. Sangsi nyong kang. Aja-aja rika mung gawe-gawe berita dewek.

Kang Dirjo rika percaya ora karo sing diomongna kang Timin?

Nek kabar arep ana acara launching buku nang pendopo Purbalingga, nyong sriwing-sriwing ya tau krungu. Malah jumlah bukune atusan lewih sing arep di launching. Ning nek kang Timin melu apa ora ne lha kuwe nyong ora ngerti.

Pancen nek ndeleng cashing karo polaeh kang Timin saben ndinane kaya ora ketemu ngakal nek deweke bisa nggawe buku. Ning sapa ngerti mbok pancen bener deweke nggawe ya ora ngerti. Ngesuk dienteni kabar resmine bae.

Sing aku ngerti, kiye kabar manuk ya maksude kabar burung. Jere Pak Pras malah melu. Deweke wis duwe buku sing judule "Sekolah Inspirasi". Krungu-krungu arep melu acara launching nang pendopo kabupaten Purbalingga. Kae bukune tek pajang nang warung. Mbok ana sing kepengin maca. Kae Pak Pras dewek sing ngeweih. Jere eman-eman nek warung kaya nggonku sing isine wong pirang-pirang, kopine mantap, gedhange nylekamin, lan sering nggo rembugan ngalor ngidul ora ana buku. Karepe ya ngiras-ngirus melu nyebarna gerakan literasi sing agi digencarna.

Lha nek pak Pras nyong mandan ngandel. Ora kakean sumbar ning ana buktine.

Bukuku nek dibandingna karo bukune pak Pras adoh.

Maksude adoh nggone apa kepriwe kang?

Isi bukune sing adoh. Nek bukuku jan maen pisan. Judul karo isine mathuk tur diwaca kepenak. Ora maraih puyeng. Nyong nek arep nulis ora sembarangan, adus ndisit tembe mulai nulis.

Men ngapa kaya kuwe kang?

Owalah... ya men seger. Pikirane dadi plong, nggo nulis "ngeslem". Tulisane kaya metu dewek ora ana sing prentah. Nyong bae sing nulis ora percaya karo hasil tulisanku dewek. Bisa hasile maen pisan. Ora kaya bukune pak Pras. Judul bae Sekolah Inspirasi. Ket kapan inspirasi ndaftar sekolah. Penjelasane mbingungi kuwe, ora genah. Apa maning isine. Ahai...adohlah. Pokoke nek rika pada maca bukuku dijamin ora ngajog. Malah bisa-bisa rika terinspirasi nulis buku. Nang ngapa sebabe? ... wong kang Timin sing kaya kae be bisa nulis buku masa nyong ora bisa. Kaya kuwe kang.

Assalamu'alaikum sodara!... kang Dirjo nyong gawekna kopi ya. Tamba ngantuk. Gedhange entek apa kang?

Rika dengaren tembe muncul Yu? Macet apa?

Ora sih kang. Tamune tembe bali. Karo mampir sedela mau ana rubung-rubung wong padha ngomongna pameran buku nang Purbalingga. Jerene sih buku gaweane guru-guru Purbalingga lan sekitare. Mbuh bener mbuh ora kuwe.

Rika padha bae karo kang Bayu Yu. Ketinggalan jaman. Kiye nyong tembe ngumumna nang ngarepe kang Dirjo. Rika nek kober ngesuk tanggal siji Oktober meng Pendopo Kab. Purbalingga Yu. Nggawa kamera sing maen, nggo moto acara launching buku ngesuk. Ana nyong nang kono Yu.

Rika melu acara kuwe??? ... sit nyong tek nyruput kopi. Mangan gedhang sitlah mumpung esih kemebul. Rika padha percaya ora kang? ... kiye omongane kang Timin isa dicekel apa ora? Jere deweke melu acara launching nang pendopo.

Rika padha karo liyane Yu. Ora ngandhel nek nyong bisa nggawe buku. Terlalu lah. Rumangsane nyong ora bisa berkarya. Wis buktikna bae ngesuk. Rika aja padha kaget. Tek gawakna photoku sing lagi launching buku.

Nyong pamit sit. Arep meeting karo kanca penulis liyane sit. Kang Dirjo tulung sing tek pangan mau ditulis sit bae ya. Nyong ora kober mbukak dompet, mandan kesusu mbok telat.

Dasar kang Timin. Sumbare arep nraktir kang Bayu barang.

Deweke be utang koh ya. Ana ana bae rika kang. Tapi tek dongakna moga-moga acarane rika ngesuk lancar kang. Aja klalen adhus disit sedurunge mangkat.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bener2 ora sranta. Hehe Pak Pras Shiip banget pokoke, mantap luar biasa

29 Sep
Balas

Matur ibu.

29 Sep

Tanggal siji okt wis liwat. Tesih ora sranta kang?

29 Oct
Balas

Nyong sing maca critane melu ora sranta Kang..Sukseslah pokoke.

29 Sep
Balas

Matur nuwun.

29 Sep



search

New Post