Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
ilustrasi: kekinian.com

"Pidhato"

Merdeka wis pitung puluh telu taun. Nggo ngramekna suasana, warunge kang dirjo nganakna lomba pidato khusus nggo pelanggan.

Ora mung super market utawane toko gedhe thok sing bisa melu ngramekna.

Kang Sonto, kang Timin, Kang Bayu, ora keri yu Ndremis melu lomba pidhato.

Aturan lombane bebas, ora ana batesan tema. Sing penting isine maen tur ana pendidikane. Jurine wong sing lagi pada ngopi nang warung. Sing keproke akeh kuwe sing menang.

Kang Sonto mesam mesem karo sinambi nyruput kopine. Nyong sedurunge njaluk pangapurane sedulur, mbok ngasi nglarani atine rika padha sing melu lomba, kayane sing bakal menang nyong. Rika mbok wis ngerti nek kon pidhato kuwe, nyong jagoane.

Sombong rika kang, semaure kang Timin. Rika pancen pinter ngomong ning kopong. Ora ana isine, ndaler-ndaler kaya ula ning ndobos kabeh. Nek basa sikine "ora educatif".

Ora susah pada reang, ngesuk di buktikna bae pas lomba. Kabeh bisa dadi pemenange, tergantung wasite, pas rika lagi pidato wasite lagi bombong apa ora. Siki pada nyiapna bahan sing arep diomongna bae. Aja kelalen kuwe kopi karo gedhange disambi.

Acara lomba pidhato sing dadi wasite udu wong sembarangan lho ya. Seliyane wong sing padha medhang, ana pakar komunikasi sing khusus mbiji rika padha mengko pas tampil. Rika padha ngerti artine ora?

Apa maning kuwe kang? Wong model apa sih kuwe, kayane ko penting temen.

Lho rika kurang ngrungokna berita nek kaya kuwe. Pakar kuwe wong sing ahli nang bidange. Nek Pakar Komunikasi kuwe ya wong sing ahli babagan komunikasi. Carane wong ngomong, basa sing diomongna, pokoke apa bae sing ana gandheng cenenge karo babagan ngirim berita, deweke nglothok. Wis ora nggo mikir gole mbiji, saking ahline. Mulane padha disiapna sing apik.

Acarane ngesuk mlebu tipi ora kang?

Ora lah... rika aneh-aneh bae.

lho sapa ngerti mbok ana sing nyender. Jaman siki apa-apa padha dilebokna tipi, arep apik arep ala, arep bener arep salah, arep nyata arep ora nyata, arep genah arep ora nggenah, kabeh padha dilebok-lebokna tipi.

Mulane kuwe kang, nyong ora ngundang-ngundang tipi. Mbok ndarani pamer. Lagi ora sombong kiye kang, kayane mung warung kene thok sing ana lomba pidhato kaya kiye. Skala warung lho kang, udu instansi liyane.

Sit kang, aja-aja wasite pak pras apa?! ... nek bisa aja kang. Kayane ora kompeten. Kurang "expert", janji saben ndina arep nulis be nyatane mbok mung seminggu sepisan, kuwe be kadang-kadang.

Rika sembrana temen kang Sonto, wis kepengin leren tampil nang kene apa kepriwe? ... nek rika ora cocog, ya disimpen nggo dewek bae, ora susah ndadak nerangna babagan ora kompeten barang.

Nek ngasi wonge krungu kepriwe jan.

Ya paling-paling prei kang. Wis biasa prei ikih. Metune seminggu pisan, kuwe be nek sing nulis kober, utawane ana ide, nek ora ya babar blas.

Oh iya, kang Dirjo ngesuk sing tampil di photo apa ora?

Iya kang, ora susah khawatir, kabeh di photo, nggo kenang-kenangan.

Assalamualaikum sedulur! ,... biasa kang kopi nasgithel ora nggo suwe, karo gedhang gorenge sisan kang, sing anget kebul-kebul. Pernaeh padha nggedebus apa ket mau, kayane ko raine padha serius temen.

Wong biasane padha cengengesan karo ngudat ngudhut ko yah. Ana apa kang?

Biasa Yu, kang Sonto gawe ulah.

Rika ngapa maning kang?....

Nyong krungu nek kang Dirjo nganankna lomba, pokoke nyong kudu melu lombane, apamaning nek modale mung abab. Udu mung lombane sing penting nggo nyong, ning pas lomba mengko nyong arep ngewei pencerahan nbho rika padha. Khususe babagan "medsos". Men rika ora padha gaptek, bisa eksis lan nganggo media sosial kanthi bener. Men ora padha nambahi sampah nang dunia maya.

Omongna siki bae Yu, ora susah ngenteni pas lomba. Nyong wis kepengin krungu, secara nyong kan pegiat medsos Yu. Sapa ngerti mbok wingi-wingi nyong durung benwr gole selancar nang "dumay" utawane dunia maya.

Eits... sabar kang, nek kuwe tek omongna siki, nyong pas lomba bisa ora duwe bahan nggo pidhato.

Karo ngenteni wektu lomba, rika medhang karo nggedhang bae sit. Mumpung kabeh esih anget. Rika sabar sedela, mengko nek wis wektune rika tek wei ngerti babagan medsos. Pangapurane ya kang, kabeh mau demi lombane men rame. Rika aja nangis, cup cup cup.

Sedulur sedulur lomba pidhato arep dilabuih, yuh padha midangetaken, aja padha mung meneng thok, ayuh padha gembira, keproki sedulur men mandan semanger. Rika kuwe lagi nang warung dudu nang kuburan, ayuh padha sing ekspresif.

Apa enggane kudhu dibayar kaya penonton bayaran sing nang tipi? Mbok ora perlu. Prok prok prok.

Sing nang warung padha keprok kabeh.

Kang Dirjo ngecungi jempol karo ngomong .,,. MANTAP! ! !

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Oiyaa Sabtu ya kiye,,,suwe ora ngambah negara ngapak iya,,,Sugeng sakkukuban nggih Pak Pras,,,,maen iyaa,,kuwe dongengane warkop yu dremis,,,hehehe

25 Aug
Balas

Ayuh padha diramekna.

25 Aug
Balas



search

New Post