Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ilustrasi : pixabay

"Pintere Bocah Dewek-Dewek"

Wolulas derajat, pantes bae ademe tekan balung. Rika pada ngrasakna ora Kang?...Yu? Apa enggane sing kademen mung nyong thok.

Pada bae kang Timin. Slimut, sarung, tekan sprei, tek nggo kemulan. Nek hawane kaya kiye, warunge kang Dirjo hukume wajib ditekani.

Ketemu kopi karo gedang goreng sing esih kemebul, wis rasane ora ana lawane, tiada tanding tiada banding.

Assalamualaikum... jebule wis rame yah. Kang Dirjo nyong gawekna kopi nasgithele ya, ngetheter kiyelah, adem banget. Pas banget kiye gedange esih kemebul bul bul.

Siap kang Sonto. Karo ngenteni kopi, kuwe gedange di cicipi sit bae.

Pernaeh rika ana apa kang? Kayane koh wigati temen.

Ngertian bae kang Dirjo. Nyong ngeneh jane ora kur arep ngopi karo nggedang, liyane kuwe nyong ya arep curhat, sapa ngerti ana sing bisa ngewehi pencerahan.

Gayane rika kang! ... kaya wong gableg bae ...curhat, nek bangsa kaya dewek ya "gendu-gendu rasa" kang.

Ya pokoke kaya kuwelah.

Putuku nang sekolahan gaweane diece kanca-kancane merga ora teyeng nggarap soal matematika. Saben ana pelajaran matematika deweke ora semangat mangkat sekolah, terus sering bali karo nangis merga diomong bocah bodo nang kanca-kancane. Nyong mrina krungu putune ngalami kaya kuwe.

Lho deneng pada karo putuku kang, tembangane ora persis kaya kuwe sih, ning intine pada bae, diece kanca-kancane, diomong bodo.

Kepriwe kuwe kang??? ...

Lha rika dewek nganggep putune bodo ora kang? ....

Pancen nek matematika putuku babar blas, nek maraih sinau be karepe ngumbe obat penenang men ora kesuh bae. Ning nek kon olah raga deweke jagoane. Nek dina kuwe ana pelajaran olah raga, mangkat sekolaeh semangat, matane padang njembrang, kaya seneng banget.

Nyong tau krungu kaya kiye kang, nang njero awake bocah jane kabeh potensi kebisaan ana kabeh, mung porsine beda-beda. Ana sing akeh, ana sing sedeng, ana sing sithik.

Potensi sing porsine akeh biasane sing bocah seneng nglakoni tur teyeng banget. Nek sing porsine sedeng ya teyeng ning mung seteyeng-teyenge, maksude ora teyeng banget, teyeng umum. Lha nek sing porsine mung sepethil biasane mung seneng ning ora teyeng nglakoni.

Kaya kuwe kang, dadi saben bocah pancen kemampuane ora padha. Ana bocah sing pinter banget matematika ning nang ilmu liyane deweke ora teyeng, ana sing pinter nembang, ana sing pinter olah raga, ana uga sing pinter ngomong thok, ana sing pinter sosialisasi karo bocah liyane. Kuwe durung kabeh, esih ana kepinteran liyane.

Dadi nek putune rika teyenge olah raga, artine pancen potensine putune rika nang kono, ora susah dipeksa kon kudu bisa matematika, melas bocaeh bisa stress. Nyatane kemampuane ora nang matematika.

Genah kaya kuwe kang, jane nek paham bocah kuwe kepinterane dewek-dewek nang pikiran rasane adem, ora kemrungsung karepe kudu bisa kabeh.

Ya kuwe kang gunane sinau, ora kur bocah thok sing perlu sinau, nek esih bisa ambekan bas bus bas bus tetep kudu sinau nang ndi nggon nang ndi papan.

Pancen bener kang, mulane sih wong tuwaku pesene karo nyong kon nggolet ilmu bae, jebul maksude kaya kiye. Ngajog nyong mbiyen ora ngrungokna welinge wong tuwa, ketemune siki basa wis pada-pada tuwane.

Ujarku carane ndidik bocah wis bener, karepe wong tuwa ya pinter sekabehane, jebule malah keleru. Untung bae nyong ketemu rika pada nang warunge kang Dirjo, nek ora ..., bisa-bisa obat penenang nggo jambalan merga karepe bocah pinter kabeh kaya sing dikarepna wong tuwane.

Siki nyong wis plong rasane, dadane mandan entheng, ora kaya maune. Jan warung kiye ora kur kopi karo gedhange sing mantep, ning obrolane uga berbobot, ora kacangan, malah kaya biro konsultasi. Nyong matur nuwun karo rika kang Dirjo, merga lantaran warunge rika nyong ketemu wong sing nyenengaken kaya kiye.

Ya padha-padha kang, rika pada gelem mampir ngeneh bae nyong wis bungah banget, apamaning nek bisa lewih migunani nggo wong liya. Nyatane wong urip ya bebrayan, sing ana ngrewangi sing ora nana, sing sugih nulung sing durung sugih. Nyong duwene warung ya ngutangi sing kepengin sugih ning durung kelakon. Sapa ngerti mbok bisa ketularan sugieh.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Leres niku Kang Dirjo.... Sae...

11 Aug
Balas

Matur nuwun sampun pinarak

12 Aug

Sae sanget meniko

11 Aug
Balas

Matur nuwun

12 Aug

gedang apa gedhang? dewek apa dhewek?

11 Aug
Balas

Kayane sing bener gedhang lan dhewek. Matur nuwun.

12 Aug

Tulisanipun nothok ati kulo sanget...matur nuwun....

11 Aug
Balas

Sami2 ibu.

12 Aug



search

New Post