Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ilustrasi : pixabay

"Semangat!"

Kang Dirjo, lawas ora ketemu rika ya kang. kaya ana sing ilang. Nek durung nyruput kopi gaweane rika rasane kaya durung ngopi. Temenan kuwe kang. Pancen sih nang ndi ndi kopi ya padha irenge, ning gaweane rika rasa karo wangine...pokoke ora ana lawane.

Kang Bayu bisa bae. Aja kaya kuwelah kang, mbok ana sing ora trima, mengko malah marai sulaya.

Rika arep ngopi apa mung jagongan kang?...

Lho, kepriwe sih kang, nyong ngeneh ya jelase arep ngopilah. Genah mau wis tek omongna kabeh ko yah. Oh iya kang, aja kelalen gedhang gorenge ya.

Siap kang Bayu. Enteni bae, sedela pesenane rika teka.

Ana motor mandeg, nyong apal banget monine, kiye mesti Yu Ndremis. Wong wadon sing pede nggo motor monine kaya kiye mung kae wong.

Halo kang Dirjo...rika jane niat dodol apa ora sih. Jere warung kopi bukake sekarepe wudele dewek.

Nyong pesen jus buah nagane kang. Aja nggo suwe ya.

Rika kepriwe sih Yu...genah kene warung kopi, pesene jus.

Oh iya ...klalen kang, pangapurane. Maklum bae, nyong biasane mampire nang restoran sing apa-apa ana. Ya wis kopi bae, aja nggo suwe ya Kang. Wis ngelak banget kiye.

Rika niteni ora kang?...

Siki nang ndi-ndi isine gambar rai ya kan 6Kang. Nyong ngasi puyeng mandenge. Apamaning nek ketemu sing lagi mendelo, rasane kepengin tek rubuhna.

Nek lagi butuh tha iya, padha njaluk dipilih. Giliran wis dadi kari klius mbuh padha mengendi. Nyong siki wis bebeh karo acara cablas coblos cablas coblos.

Rika ya ora kena kaya kuwe Yu, kepriwe bae nek bisa ya suksesna. Gawe kepenak bae, nek sing wingi ora bener polaeh ya ora susah dipilih. Pilih bae sing bener-bener mikirna rakyat kaya dewek. Apa enggane rika ora ngerti Yu?

Genah kuwe masalaeh Kang. Nggolet sing bener karo sing ora bener malah maraih siraeh gliyengan.

Apamaning nek ndeleng tivi, kayane kabeh-kabeh rumangsa bener. Lagi rumangsa bener be monthong-minthong, apamaning nek temenan bener.

Tahun kiye nyong milih kodhang bae.

Nopo niku Yu?...

Oh.. kang Bayu. Timbang mumet-mumet mikiri gambar sing padha njaluk dicoblosi, ya suka milih "kodhang" bae. Kodhang kuwe kopi gedhang.

Rika ana-ana bae Yu. Jal dipikir maning yu. Nek rika ora milih, padahal bisa milih calon sing apik, mengko wong elek sing pendukunge akeh bisa menang. Nek wis kaya kuwe sing susah sapa mengko mengkone Yu, mbok dewek maning ketemune.

Rika ana benere sih kang Dirjo. Ning jan, nek ndeleng gambar calone sing padha ngguya ngguyu nang pinggir ndalan, rasane temama koh kang.

Kang Bayu antheng temen rika, agi sariawan apa?...

Kang Bayu kuwe lagi mikir karo bingung Yu. Deweke lagi mikir, ko ana yah wong sing bentuk karo pola pikire kaya rika.

Sembarangan rika kang Dirjo. Nek rika dewek milih sapa Kang?...

Nek nyong ya ana baelah Yu, tek simpen nggo dewek bae. Jere rahasia, nek tek omongna ya dadine ora rahasia maning. Iya mbok Yu.

Tapi kae wong-wong padha ditidokna pilihane, kepriwe kang?

Ya ben bae yu, kuwe wis urusane dewek-dewek. Jorna bae. Nek rika arep nglarang ya nganah...

Kuwe kopine diumbe sit yu selak adem.

Meh bae kelalen nek ana wedhang kopi Kang. Saking gethete karo gambar ngasi ana kopi jos be klalen.

Siki sing penting nggo awake dewek kuwe ya yu, aja ngasi dadi wong sing ndadekna wong liya kawatir karo polaeh dewek. Kaya kuwe bae wis cukup. Dadi ora nambaih masalah.

Ujarku rika sekolaeh bareng karo aku, ning pikirane rika bisa maen kaya kuwe, nyong gumun karo rika kang.

Biasa bae yu lah. Aja nggawe nyong isin. Kopine tetep dibayar yu. Aja kaya sing uwis-uwis.

Beres kang. Sing tukang utang kuwe udu nyong kang.

Nek kaya kuwe nyong melu ayem yu. Rumangsaku gole dodolan payu, ning bathine ora ketemu bae. Jebule esih padha diutangi. Ya wislah nyatane lagi ora ana ya utang. Timbang padha ngumbeni wedhang sing ora-ora. Idep-idep nulung ya Yu.

Bener rika Kang. Ning aja sedih kaya kuwe gole crita, nyong dadi krasa ngawak kiye kang.

Semangat Kang!... nggegem sing kenceng karo nggembor..semangat! Kaya kuwe Kang.

Ora lah Yu. Bisa bisa malah ndarani wong gemblung.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

He he...Kang Dirjo tambah pinter

02 Feb
Balas

Dereng sare bu.

02 Feb

Kaaaaang Dirjoooo.... Tambah lemu mesti saiki rika

02 Feb
Balas

Pangestune Kang. Matur nuwun wis mampir.

02 Feb



search

New Post