Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ilustrasi : pixabay

"Unduh"

Sekolah jaman siki ora kaya jamane dewek ya kang?

Siki jamane wis modern, apa-apa kur gari ngetul. Kepengin ngerti ilmu apa bae, wis cemepak nang umaeh mbah gogel.

Genahan kaya kuwe kang. Jaman siki serbane "nang nduwur garis". Kabehane dadi keton gampang tur cepet.

Maksude "nang nduwur garis" kuwe apa kang?

Oh... maksude siki serba "online". Kepengin mangan kari ngetul, panganane teka, kepengin lunga-lunga, kari ngetul, jemputane marani ngumah, kepengin klamben, kari ngetul, klambine teka. Wis, pokoke siki apa-apa kur gari ngetul thok.

Dadi siki modele pada kaya kuwe ya kang. Nyong ketinggalan jaman kiye, tembe ngerti ana barang kaya kuwe. Kepenak temen ya kang, ... jamane wis ora baen-baen kiye.

Ora mung kaya kuwe kang, ... ana maning manfangat liyane, terutama nggo bocah sekolah. Pelajaran wis cemepak kabeh, arep sing bentuke tulisan apa video, ana kabeh. Bocah bisa sinau sekang kamar. Bisa diulang-ulang, nek durung mudeng, sing penting videone "diunduh" sit.

Maksude "panen" apa kang?...

Owalah, rika jan, ... pancen ora tau "update".

Diunduh kuwe maksude di "download", ah ... kiye rika ya jelas ora ngerti maning. Gampangane men bisa disimpen, dadi bisa disetel maning pas butuh, kaya kuwe kang. Dadi siki guru bisa ditekakna meng bocah sewayah-wayah, arep awan, isuk, mbengi, bisa dilakoni.

Nek kaya kuwe, bocah siki kudune pinter-pinter ya kang.

Ya moga-moga bae kaya kuwe.

Kang Dirjo, nyong njaluk banyu panase, nggo ngejog wedang kopi, meh entek. Oh iya kang, tulung ditambahi kopi karo gulane sisan ya, men rasane mandan imbang.

Nek kaya kiye carane, rika pada bae tuku kopi segelas maning kang.

Rika pada ora doyan gedang goreng apa?, kayane esih wutuh bae. Aja mung pada di penthelengi thok, ayuh pada dipangani. Rika pada meng ngeneh mbok karepe arep medang karo mangan. Kwe gedang gorenge ngawe-awe, kaya njaluk dipangan.

Kang Dirjo pinteran banget lhe tawa. Ndi ngeneh, tek pangane. Pancen bener omongane yu Ndremis, gedang gorenge kang Dirjo pancen "manteb". Gedhe, wangi, rasane nylekamin pisan.

Ya matur nuwun banget komentare kang, sing penting mengko pada mbayar ya. Aja kaya wingi-wingi. Mestine rika aja kewolak-walik gole mikir. Karo bakul luar daerah mbayar langsung, basa karo bakul sedaerah malah utang. Nek kaya kuwe modele, kapan bakul-bakul daerah arep maju.

Iya kang, tenang bae, mengko tek bayar langsung. Nyong ya mandan perasaan karo rika kang. Masa saben-saben diutangi. Melas rika lah kang.

Kang Sonto, mulai siki dewek aja ngasi utang nang warunge kang Dirjo ya. Dewek kudu duwe harga diri. Wong nek duwe utang kuwe harga dirine jatuh, dadi ngurangi pede. Ya mbok kang?

Bener rika kang. Gandeng nyong siki ora kepenak nek arep utang nang warunge kang Dirjo, pangapurane ya kang, nyong utang rika sit, mung nggo dina kiye thok kang. Dompet ket mau isuk tek goleti ora ketemu-ketemu je.

Nek kaya kuwe carane, rika mung pindah nggon nggo ngutang. Ya wis ora papa, ning mung dina kiye thok aku bisa ngutangi rika. Nek nggo saben-saben ya bisa tutup kiye.

Iyalah kang mung siki thok. Ngesuk-ngesuk aku sangu dewek.

Kae kaya pawakane yu Ndremis kang. Kayane arep ngeneh kae.

Rika pada ngrasani nyong yah, kupingku ndut-ndutan ket mau.

Oralah yu, kiye mau lagi cerita online karo download.

Wiiih gayane rika pada. Oh iya kang Dirjo, aku pesen kopi joss ya. Pas banget kiye, gedang gorenge wis cemepak. Pucuk di cinta ulam tiba.

Nyong melu nambaih ya kang, jane sih crita anakku dewek pas arep ujian. Bocaeh semangat nek kon sinau, mung jere nang sekolahan nek pas pelajaran ora mudeng-mudeng. lha, kanca-kancane ana sing ngandhani, jere nang you tube ana video pelajaran sing isine pas nggo persiapan ujian. Anakku langsung ngeciput nggoleti video sing dibutuhna, jan ana temenan kang. Saben arep sinau, deweke mbukak video pelajaran sing wis di unduh kuwe mau. Jere kepenak dipahami. Nek durung mudeng, bisa diulangi ngasi mudeng. Siki anakku seneng sinau. Semangate lhe sinau nyenengi pisan.

Gedange kang Dirjo manteb.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Dialog yang sangat bagus...

02 Apr
Balas

Matur nuwun bun.

02 Apr

jane warunge kang dirjo ya kon mlebu gogle, ben kang sonto angger pesen gari tuul, gedang gorenge karo kopine teka dhewek...hehe

31 Mar
Balas

Oh bener kuwe. Matur nuwun sampun pinarak.

01 Apr



search

New Post