Sri Nurhayati

Sri Nurhayati Instansi SMPN 1 Kota Mojokerto Jawa Timur Membaca bersepeda dan jogging adalah hobi saya yang sering saya lakukan dengan keluarga sayanbsp

Selengkapnya
Navigasi Web
Alhamdulillah, Gusti Alloh

Alhamdulillah, Gusti Alloh

#TantanganGurusiana

Tantangan menulis hari ke 59

Sakbenere ket dino kemis iko awakku kroso gak enak. Mosok aku ketularan konco sebelahku sing awake yo gak enak. Tapi yo ngunu iku emak-emak koyok aku ngene iki masio kondisi kurang enak tapi yo tetep penggawean rutin tak lakoni. Sopo maneh lho.

Sabtu wingi aku yo jek tetep ngelesi. Nek aku gak teko sakno areke. Deweke iku pinter lan semangat banget dolek ilmu. Aku sakno nek areke gelo aku gak teko nang omahe. Pas nang omahe aku yo gak lali gawe masker ben aman. Terus takpikir yo gak nemen. Mangan yo isih enak. Bubar ngelesi muridku sing wis les karo aku sing suwene pitung tahun iku, awakku kok kroso tambah gak enak, awak panas, watuk, pilek, tenggorokan rasane kemriyek

Wis langsung ae aku menggok nang puskesmas faskes siji nang Pralon sekitar jam sewelas.

Mari daftar ternyata jenengku cepet di celok. Aku yo heran tumben iki maeng kok cepet biasae uantri. Langsung aku diperikso karo doktere. Lan dokter iku takon opo aku mari lungo adoh. Yo tak jawab paling adoh nang Jogja lan Solo. Iku wae wis telung minggu kepungkur. Nek aku durung tahu lungo adoh koyok Pak Eko Adri Wahyudiono iku sing wis ngumeti ndunyo iki he he. Lan ngageti maneh jarene dokter ono data sing dukur ngluwihi soko normal. Tak lerek ae opo iku aku gak ngerti blasss. Banjur dokter ngomong wis demi amane lan ben eruh onok opo ning awakku iki aku dianjurno perikso nang laboratorium.Rasane dredeg kabeh, aku yo wedi lan aku dungo nang Gusti Alloh mugo-mugo diparingi sehat lan gak ono opo-opo. Ternyata yo cepet aku perikso lan di jukuk darahku, sepuluh menit wis metu hasile. Canggih yo mung sepuluh menit wis eruh datae. Gak koyok biyen rong dino baru eruh hasile.

Banjur ngunu, kertas hasil perikso lab diprikso bu dokter lan alhamdulillah bu dokter ngomong nek aku aman lan negatif soko virus corona. Mung nggreges biasa cuma dipesen dikongkon balek nek gak ono ondane. Langsung aku diwenehi resep kanggo nebus obat. Minggu isuk iki maeng aku masak sing gampang lan gak butuh waktu akeh. Ayam goreng, ndog ceplok. tahu, tempe lan sambelan iku masakanku dino iki. Oh iyo aku yo gawe kolok kacang ijo lan jamu kunir, laos, jahe tak campur dadi siji. Awan awak wis enak soale yo maem teratur, ngombe jamu, cukup ngasoe, santai onok hiburane MGI langsung aku koreksi hasil ulangane murid-muridku. Sorene tak gawe nyetliko rong gunung, isoh-isoh piring, bersih-bersih omah. Bengine melok kegiatan istighosah nang kampungku. Alhamdulillah mene siap mlebu nang sekolahan maneh.

Moker, 15032020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

kok yo sempat sempat ngelesi..wong wes kroso nek awak e greges..ngunjuk jahe bu...sanes corona nggih bu..salam

16 Mar
Balas

He he inggih pak, kolowingi sampun konsumsi kunir n jahe anget. InsyaaAllah senes corona lha pak. Kadose ketularan virus flu konco senior kulo. Maturnuwun, Pak Adri. Salam .

16 Mar
Balas



search

New Post